Kamis, 22 Januari 2009

Alang-alang

"Lir... ilir...
tandure wus sumilir.....
tak ijo royo-royooo ooo.."
Ing selaning angin kang semribit
Anyep.....
Ing tengahing ara-ara jembar
Kang kinemulan pedhut
peteng.....
Rasa pangrasa iki
Kagugah dening lon-lon
Suara gending gamelan.
Nyebar ganda arum
Pangarep-arep kang wus mupus.
Kabeh katon ijo ngrembuyung
Senajan kuwi amung tukulan
Alang-alang....