Kamis, 27 Mei 2010

JEGEG

Crito Misteri iki kapacak ing Majalah PS edisi No. 22/29 Mei 2010.

Jaman sing wes maju kaya saiki, kang sakkabehi wes sarwa elektronik isih ana wae kedadeyan-kedadeyan kang ora tinemu nalar. Kaya kedadeyan kang dak alami dhewe watara sasi kepungkur nalika pinuju mudik ing omahe wong tuwaku, karo bojo lan anakku loro. Sing barep umur limang taunan, dene adine isih umur udakara patang sasinan.
Omah kang dipanggoni dening wong tuwaku, pancen kapernah ing pinggiran kuta. Sisih mburi omah ana kali gede, lan ing sabrang kali kuburan umum kang dikebaki dening wit-wit barongan pring petung kang rungkut lan katon singup. Saben wayah bengi manuk daradasih muni ngaluk-aluk gawe suasana tambah sangsaya tintrim.
Ing sawijine surup ngadepake bubar magrib nalika suasana wes mulai repet-repet peteng, bapak lan ibuku ujug-ujug pada ribut mlayu menyang buri omah. Tumuju ing papan pemeyan kang biasane kanggo mepe klambi. Aku kang nalika semana lagi wudhlu melu-melu mlayu menyang buri omah nuntuti simbahe bocah-bocah.
“Wonten napa Pak?” aku nyoba takon marang Bapak kang lagi dremimil maca donga. Dene ibu katon lagi ibut ngentas popoke anakku kang mau sore dikumbahi dening sisihanku.
“Kuwi ana Jegeg.” Bapak mangsuli cekak, karo isih neruske olehe donga.
“Jegeg?” pitakonku maneh karo mlaku tumuju pemeyan sak perlu ngrewangi ibu ngentas popoke anakku, ana rasa kuatir lan was-was ing jero atiku. Mbuh merga saka keweden apa saka kagawa rasa kagetku nalika Bapak lan ibu pada mlayu mau.
“Jegeg kuwi napa to Bu?” aku isih penasaran karo barang apa kewan siji kuwi, lan saiki nyoba takon maneh karo ibuku sinambi ngewangi ngentas pemeyan.
“Kuwi bangsa alus kang seneng gelek mangsa bayi kanggo pakane.” Ibu nyoba njlentrehake marang aku.
“Lha ibu kok pirsa nek wonten Jegeg ajeng mriki?” tekonku maneh.
“Apa kowe mau ora krungu suara Weg.. weg.. kurrr….. weg.. weg… kurr….” Ibu malah ganti takon marang aku.
“Nggih miring wau.” Jawabku.
“Lha yo kuwi mertandani yen ana Jegeg.” Ngrenenge ibu.

Bubar mangan bengi, wong sak omah pada kumpul ing ruang tamu. Bapak mangku anakku sing gede, dene ibu ngendong anakku bayi karo pinarak ing dhuwur amben dijejeri karo bojoku. Aku lungguh ing kursi jejer Bapak, karo nyomak-nyamuk ngemil kacang godog aku nyoba nlesih perkara jegeg. Aku isih penasaran karo barang siji kuwi.
“Jegeg niku rupane kados napa to Pak?” aku bukani rembug.
“Mbuh aku dhewe yo durung tau meruhi dhewe.” Saure bapak karo mripate ngulate menjaba. Karo ngelus-ngelus sirahe anakku kang ana pangkone, bapak banjur bacutake ukarane.
“Ning biyen nalika aku isih cilik, tau mrangguli ana bocah bayi mati merga dipangan jegeg. Nalika semana wengi watara jam loro bengi aku ujug-ujug nglilir saka anggonku turu. Bengi kuwi tak rasakna kaya sepi banget, angin wae ora sumilir senajan wengi kuwi padang bulan. Nalika arep balik ngeremke mripat, bapak krungu suara kaya mau surup. Weg… weg… kurr…. Weg.. weg… kurr…. Ngono kuwi ambal-ambalan. Bapak banjur nyoba ngincen saka bolongan gedeg kamar, wektu semana wong isih cilik dadi yo durung wani metu saka ngomah yen wayah bengi. Tur ya jaman semana ora kaya jaman saiki lampu wes pating klencar, omah isih arang-arang lan jarake rada adoh antara siji lan sijine.”
Bapak mandeg anggone crita, nyandak cangkir isi wedang jahe di sruput sajak nikmat banget.
“Lajeng dospundi Pak?” aku ora sranta ngrungokake bacute crita.
“Bareng tak inceng, kahanan ing njaba omah ora ana apa-apa. Ning suara jegeg mau isih keprungu, saka rumangsaku suara mau sangsaya ngetan… sangsaya ngetan… tumuju ing pernah omahe mbah karni saikine.”
“Mbah karni, simbahe ratno Pak?” aku nyelani
“Iyoo… “ saure Bapak.
“Ah.. bapak ki nyela-nyela critane Mbah kakung wae.” Anakku protes, jebule pada melu ngrungokne critane Bapakku. Aku gur mesem karo nyaut kacang godog maneh.
“Lha ora watara suwe, ujug-ujug ana bayangan mak bleber kaya bangsa iber-iberan terus mlangkring ing pager wetan omah. Persis ing ngarep panggonanku ngincen saka bolongan gedeg sentong. Bentuke kewan mau kaya manuk merak ning, wulune abang semu ireng ana cenggere kaya pitik jago, ning anehe kewan mau murub kaya geni. Kewan mau banjur kluruk…. Cekekerrrr……. Kaya kluruke jago kate ngono kae. Bubar kluruk trus ilang mak lap ngono wae. Bapak banjur kluruban sarung merga saking wedine.” Ngono bapak mungkasi anggone crita.
“Lha trus…??” aku isih penasaran.
“Yo kuwi, esuke ana kabar yen anakke ragil Mbah Karni mati ndadak. Kulit mlepuh abang-abang kaya kulit kesiram banyu panas. Jare wong-wong dipangan jegeg, mbok menawa yo jegeg sing tak weruhi bengi kuwi.” Wangsulane.
“O.. berarti jegeg niku kados manuk ngoten niku nggih Pak.” Aku nyoba gawe kesimpulan.
“Dudu… kuwi dudu jegeg-e. Sing diweruhi dening Bapakmu kuwi sing anggon Jegeg.” ibu malah sing nyauri kesimpulanku mau.
Karo nyawang ibu, aku banjur nanjakake “Lajeng jegegipun piyambak wujud-e kados napa?”
“Jarene uwong-uwong sing tau mrangguli, jegeg kuwi wujud-e endase kaya ndas kucing ning awake kaya kirik. Ilate melet dhawa klembreh lemah, wernane abang malat-malat kaya geni. Mripate mlolo mencorong.” Ngono ibuku olehe wenehi gambaran wujud-e jegeg.
“Mau kok tujune aku lan bapakmu age-age mlayu ngentasi popoke anakmu, saumpama telat sithik mau, gek kepriye.. putu sing bagus iki.” Ibuku matur ngana karo ngambungi anakku sing cilik.
“Lha napa wau pun cedak napa Pak?”
“Genah mau pas Bapak bukak lawang pawon karo maca Al-fatekah jegegke langsung pada mlayu ngulon urut pinggir kali, apa kowe ra weruh? Mulane sesuk-sesuk maneh aja mepe popok bayi ana njaba maneh” wangsulane ibuku semu maido marang aku lan sisihanku. Aku mung meneng wae karo isih ngletisi kacang godog, setengah percaya - setengah ora percaya marang critane bapak lan ibuku kuwi.
-------$$$------
Esuk kuwi aku sanja menyang omahe Dhakir, konco dolanan nalika isih cilik biyen. Konco anggon kebo lan golek welut ing sawah. Dhakir wes misuwur minangka bocah kang kendel lan ora dhuwe wedi. Papan gawat keliwat-liwat, yen kanggone Dhakir malah kaya panggonan dolanan kang paling nyenengake. Ora gumun wong bocahe pancen senengane tirakat ing papan-papan wingit. Mula saiki bareng tuwa yo dhuweni keahlian sithik-sithik ing babagan alaming lelembut.
Olehku dolan ing omahe Dhakir, sakliyane kepengin ketemu kanca lawas uga ngemu karep liya. Yaiku arep ngajak Dhakir golek sisik melik perkara kewan Jegeg kang wingi arep mangsa anakku.
“Kir… kowe po tau ngerti Jegeg?” aku takon marang Dhakir sakwise cerita ngalor kidul lan kabar kinabaran.
“Tau krungu… ning rung tau kepethuk karo barange.” Saure. “Oh iyo malah lagi wingi magrib nalika liwat ngarep omah bubar saka jamaah, aku krungu suara jegeg baung.” Omonge sakbanjure.
“Lha yo kuwi Kir, jare wong tuwaku bangsa lelembut kuwi lagi ngincer anakku.” Sautku.
“Mula saka kuwi aku ki mrene, sepisan arep silaturahmi. Ping pindone arep ngajak kowe nyekel jegeg kuwi. Kowe kan ahline yen perkara bangsa-bangsa kasat mata ngene iki Kir.” Sambungku.
“he he… “ Dhakir guyu gleges.
“Piye Kir, kok malah guyu.” Sambungku maneh.
“Lha terus karepmu piye?” Dhakir mangsuli.
“Ngene Kir, piye yen saumpama Jegeg kuwi di jebak. Dijebak kanthi cara dipasangi popok bayi, trus disanggong wong loro. Mengko yen Jegegke njedhul banjur cekelen. Mengko aku tak siapke kamera infrared barang kanggo njupuk gambare wewujudan Jegeg kuwi mau. Piye Kir, setuju po ora?” mengkono anggonku jlentrehake rencanaku marang Dhakir kanti semangat merga aku penasaran banget karo jegeg.
“Hmmm yoo… lek ngana telung dina engkas rencanamu kuwi diwujudne. Aku tak nyiapake umbarampe kanggo ngala Jegege.” Wangsulane karo manggut-manggut.
“Kok leren ngenteni telung dino to Kir? Po ra isa mengko bengi apa sesuk bengi wae?” aku kurang setuju yen kudu ngenteni telung dina maneh kanggo nglaksanakake rencanaku mau.
“Mbok pikir gawean kaya ngana kuwi ora perlu disyarati barang po?” Dhakir nyauri karo nyawang tajem marang aku.
“Oh… ngana ya.?” Aku tumungkul.
“Tur maneh bangsa alus kuwi yo pinter, wingi wes conangan ora bakalan balik maneh ing wektu cedak-cedak iki. Paling ora golek lenane sing arep dimangsa.” Sambunge maneh.
“Yoh… yoh… aku manut wae karo kowe Kir. Lek ngana aku saiki tak balik sek yo” aku mungkasi rembug karo Dhakir sisan pamitan mulih merga tak kira wes cukup anggonku rembugkan karo Dhakir.

Ing dina katelu sesuai karo rancangan sakkawit, aku lan Dhakir sore kuwi wiwit tata-tata ubarampe kanggo wujudake rancangan nyekel jegeg. Slendang bayi, kembang boreh lan minyak telon dicawisake dening Dhakir. Aku nyiapake kamera infraredku lan popoke anakku kang isih teles kanggo pancingan. Ubarampe kang pungkasan iki sakjane gawe tida-tida ing njero atiku, sebab yen nganti si jegeg kedarung dilat popoke anakku bakal kejoderan tenan aku. Ning merga kuwi syarat utamane, mula tak tatagke atiku.
“Tenang wae, kowe rak sah kuatir yen nganti popoke anakmu di dilat jegeg. Mengko popok kuwi bakale tak ‘pageri’ “ ngono pratelane Dhakir sajak ngerti apa kang dadi pikiranku.
Bubar magrib Aku lan Dhakir wiwit basang kala kanggo jebak jegeg, panggonan kang dipilih ana ing tegalane Dhakir kang rada mencil, lan tiwas kebeneran tegalane Dhakir manggon mepet karo pakuburan umum.
Popok bayi wes disampirke ing dhuwur tali kang dibentang ing antarane wit mlinjo karo wit nangka, ngisore dipasangi slendang bayi kang pucuk-pucuke ditaleni nganggo tali lawe, kembang boreh lan minyak telon banjur disok ing dhuwure lendang mau.
“Iki mengko nek jegeg-e pas ing dhuwur slendang iki, awake dhewe kudu enggal-enggal narik tali lawe iki, saengga si jegeg bakal kebuntel ing jero lendang lan gumatung ing pang nangka sisih kene iki.” Dhakir njletrehake teknis kanggo nyekel jegeg.
Sak wise kabeh dipasang, Aku karo Dhakir banjur singidan ing gubug kang jarake watara sepuluh meteran saka papan gasangan. Dhakir nyandak tali lawe kang nyambung marang slendang calon jaringe jegeg. Dhene aku nyiapake kamera infrared kanggo jupuk gambar jegeg.
Sak jam…. Rong jam…. Telung jam… durung ana tanda-tanda yen jegeg bakal metu. Suasana wengi sangsaya mamring, cahaya bulan cukup kanggo madangi kahanan ing kiwa tengenku. Kanggo buang sepi lan rasa bosen aku karo Dhakir tansah guneman klesak-klesik wong loro.
Watara jam rolas benginan, ana suara manuk daradasih muni saka arah wit randu alas ing tengah kuburan. Suasana malih dadi tintrim lan kekes, Dhakir ujug-ujug nyenggol lengenku lan aweh sasmita supaya aku wiwit waspada maneh. Saka waliki bolongan gubug katon wit barongan pring ing pinggir kuburan obah-obah kemrosak. Tanpa dingerteni saka ngendi parane ujug-ujug ing sisih kulone gasangan ana kewan kaya manuk merak werna abang semu ireng mencorong kaya geni kang miber mubeng-mubeng karo wuni Weg… weg… kurrr… Weg… weg.. kurrr….
“Kir… kir… kae kir jegegke teka.” Aku omong lirih marang Dhakir karo wel-welan saking wedine nyumurupi manuk kang ora sakbaene kuwi.
“Tenang… tenang. Kuwi lagi sing anggon sing teka. Suarane kuwi undang-undang marang jegege. Rak sah wedi awake dhewe menungsa kang ditakdirke luwih unggul tinimbang bangsa alus kuwi.” Dhakir ngarih-arih aku.
Temenan ora sakwetara suwe ana wewujudan kang gegirisi banget metu saka walike grumbul ing pinggir tegalan saka arah kuburan. Wewujudan mau persis karo apa sing dicritakake dening ibuku, kewan setengah kucing setengah asu, ilate melet-melet abang, mripate mlolo mencorong, ning anehe mlakune ora mbrangkang kaya lumrahe kucing apa asu. Nanging mlaku ngadeg kaya menungsa.
Jegeg kuwi setengah mlayu marani popok kang wis dicawisake mau, nalika wes arep ngranggeh popok kuwi, Dhakir age-age narik tali lawene kang disambungake marang slendang ing sak ngisore jegeg saiki iki. Jegeg kegubet ing slendang bayi gumatung ing pang wit nangka kaya rancangan sakawit. Polahe ora karu-karuan karo gereng-gereng pengen uwal saka gubetan slendang, anehe suara gerengane malah kaya suarane wong ngeden. Dene manuk kang dadi tukang anggone ribut suaran sang saya rame Weg… weg.. kurrr…. Weg.. weg kurr… karo blebar-bleber nabraki tali. Merga saka kuwate anggone polah tali lawe kang dianggo naleni pedhot. Jegege ucul banjur tangi cekekal lan mlaku marani gubug kang tak enggoni sigidan wong loro. Mripate katon mencorong tajem banget, ilate melet-melet, ilere pating dlewer netes lan tetesane murub kaya geni kembang tetes. Kedadean sakbanjure aku wes ora ngerti, aku semamput ora eling apa-apa merga saka saking wedine.
Weruh-weruh aku wes ana omahe Dhakir, ditunggoni karo Dhakir lan bojone. Bareng sadar aku diombeni banyu putih, popok lan kameraku gumletak ing sandingku.
“Wes aman. Popoke anakmu uga aman saka jegeg.” Omonge Dhakir karo nyawang aku [cuthel].

Rabu, 12 Mei 2010

I Can’t Live With or Without You

Selasa bengi tanggal 6 April 2010, aku nonton pameran lukisan kartun kang nampilake asil karyane duo kartunis Indonesia paling terkenal, sapa maneh yen dudu Benny Rachmadi lan Muhammad Misrad ing gedung Bentara Budaya, Kota baru Yogyakarta.
Tinimbang nganggur ngetekur ing omah kontrakan, nunggoni tivi karo menyeti remote control sing pating pecotot ora nggenah lan kakeyan iklan, lowung tak enggo mlaku-mlaku golek sesawangan liyane kanggo ngengar-ngengar ati sepi. Urip ijen ing umur kang itungane wes kadaluwarsa kanggo ukurane wanita kaya aku iki rasane sarwa ora kepenak. Yen sore bubar ngantor ora ana kegiatan kang bisa dicandak rasane sepa. Biyen ora patiya tak rasakne, ning suwe-suwe kok yo dadi ati. Meri karo konco-konco kantor sing wes pada omah-omah lan momong anak, saben esuk ana crito sing werna-werna bab keluarga lan anak-anake. Ana sing crito gek padu ro sing lanang, ribut ro anake sing yen ngluyur gak itung wayah, utawa crito sing guyokake saka anake sing isih cilik-cilik. Kaya wingi kae, Mbak Sari crito anake wedok sing gek sekolah playgroup ngene iki :
“Anakku wedok lho jeng, guyokake tenan. Mosok wingi tak tekoni ning sekolah diwulang apa sama bunda? Dijawab Assholatu imadudin – Sholat itu tiang agama. Lha aku kan terus ngomong ngene ‘Yen ngono Mbak ita kudu sregep sholat ya.’ Lha kok malah disauri ngene iki – ‘Emoh Bu, kesel yen aku kudu sholat terus. Mundak dadi tiang agama, kesel Bu.’ Aku guyu mekekelen, karepe ngono gak gelem dadi cagak, dipadakne karo cagak omah wae.”
Wong sak ruang banjur pada guyu rame krungu critane Mbak Sari kuwi, Bu darmi banjur genten crito :
“Wow… lha kuwi rak pada karo anakku lanang bu, tau tak nyanyike lagu kelinciku terus dhekne ki mlumpat-mlupat niru kelinci. Bareng syaire tekan – berlompatan sepanjang hari – kok olehe joged trus mandeg mak jêgrêg. Banjur ngomong ngene iki ‘Bu, yen berlompatan sepanjang hari kesel aku lak-an.’”
Sepisan maneh wong sak ruangan pada guyu gêr-gêran dene aku mung mesem kecut, apes dadi prawan tuwa. Arep crito, apa sing arep tak critakne, arep melu guyu rame mengko dikiro sok tahu wong durung omah-omah apa yo tau ngrasakne sing kaya ngono kuwi, mundak di isin-isin.
Lagi enak-enak jinglengi lukisan kartun sing lucu-lucu, kang akeh-akehe isine kritik politik kang kadang keladuk pedes kanggo sing dikritik. Ujug-ujug pudakku krasa ana sing nyablek saka mburinan. Aku jondil kaget, nanging aku ora langsung nyawang pawongan kang nyablek pundakku; kuatir yen sing nyablek kuwi termasuk komplotan tukang apus-apus nganggo cara gendam kaya critone konco-koncoku. Jare komplotan ‘tepuk pundak’ kuwi sering oprasi ing Malioboro, lha Bentara Budaya iki kan ora patiya adoh karo Malioboro. Aku ethok-ethok ora krasa lan terus ndelengi lukisan-lukisan kang di pajang karo alon-alon mlaku nyisih ngedohi wong kang nyablek aku.
Nanging sajake wong nyalawadi kuwi baleni sepisan maneh olehe nyablek pundakku, tapi sepisan iki karo nyapa aku.
“Dek… Dek Rina. Sek sombonge cah, disapa gak gelem noleh.”
Sek.. sek… yen saiki iki aku kudu deleng sapa sejati wong kuwi. Kok keladuk men olehe kurang ajar, wes wani nyablek ping pindo katik saiki wani nyeluk jenengku barang. E lha dalah…. Peda goreng sambel trasi, jebule sing nyablek aku priyo bagus, alise kandel brengose tipis eseme pait madu. Lha yen iki terang gawe jomblak temenan, sak umpama ora lagi ing kerameyan kaya ngene iki utawa sak umpama aku ora duwe rasa isin mesti wis tak gapyuk wani. Ning eling-eling wong aku iki mung sak derma prawan tuwa, aku mung trima mesem karo aruh-aruh wae. Arep gapyuk jelas rak wani, mundak dikiro prawan tuwa gatêlên, saru! Ngisin-isine wae.
“Oh… Jênêngan tho mas jebule.”
“He eh… lha mbok kiro sapa?” saure sinambi guyu lan ngulukake tangane ngajak salaman.
“Tak kiro anggota komplotan hipnotis saka Malioboro mas. Dhewekan tah mas?” Jawabku karo nampani tangane.
“Iyoo….. “ saure cekak.
“Kok ora karo ibune bocah-bocah?” sambungku.
“Ora. Wah lukisan iki lucu tenan yo.” Tembunge karo jejeri olehku ngadeg karo deleng lukisan kang gambarake kritik marang anggota DPR sing lagi konangan ngupil ing sidang paripurna.
“Lha sampeyan dhewe?” pitakone.
“Genah lagi dêlêng lukisan ngene lho.” Saurku sak kecekele.
“Karepku iki, dhewekan apa karo sapa? Wes ngerti aku yen gek dêlêng lukisan.”
“Yo genah dhewekan…., lha emange arep karo sapa to mas. Wong genah sing dianti-anti malah ngilang golêk senenge dhewe ngono lho ya….” Aku nyauri karo mencep.
Sing disauri tak lirik mung gumuyu gleges, sajak krasa yen tak sindir.
“He he… yo ora ngana lah dek.” Saure
“Ora kleru mas…. “ pedhotku.
“Dek, bubar iki arep ana acara ning endi maneh?” pitakone kanggo buang suasana sing ujug-ujug dadi kepiye ngono.
“Ana.” Aku nyauri cekak karo mlipir deleng lukisan cecak lagi cakar-cakaran karo bajul, lan ethok-ethok ora pati perduli karo dhewekne.
“Oh… acara apa nek aku oleh ngerti?” bacute.
“Acara nonton tivi ndek omah.” Aku nyauri karo gumuyu wes gak betah ngempet maneh karo sandiwaraku. Jroning ati aku yo mesakne ro Mas Ridwan iki, karepe arep ngajak gojekan kaya biyen maneh. Ning dadi salah tingkah merga olehku jawab tak gawe rada sengol lan serius.
“Halah… gur nonton tivi wae lho. Ayoo melu aku saiki….. “ muni ngono karo nyandak tanganku lan digeret dijak metu saka gedung Bentara Budaya. Anehe aku kok yo mung manut wae, wes ora kelingan maneh karo crito hipnotis-hipnotisan. Sing jelas aku pancen wes kena gendam, gendam asmara sing biyen nate ngrenggani atiku.
Wengi kuwi Aku sidane dijak mlaku-mlaku mubeng Yogya karo Mas Ridwan, ngubengi jaman-jaman endah kang biyen nate tak ronce bebarengan karo dhewekne. Nalika isih pada-pada kuliah mbangun impen ing awang-awang, nganti pungkasane Mas Ridwan ngilang saka impen kuwi. Lan ujug-ujug ora ana udan ora ana angin aku nampa kabar yen Mas Ridwan wes omah-omah karo wong liyo. Remuk rasane atiku rikala semana, samubarang sarwa dadi burem, impen-impen endah uga melu surem. Ning suwening suwe, aku iso nglimpe lan nglalekake impen kuwi, ananging aku tetep ora iso ngilangake Mas Ridwan saka jero atiku sing paling jeruuuu. Wes wong lanang pira wae sing kudu mulih nglantung merga tresnane tak tolak, dudu merga aku sombong utawa kumalungkung utawa sok setia. Ning aku emoh natoni atine wong-wong kang nyoba nyedaki aku mau, merga yo kuwi mau. Mas Ridwan wis kadung cumondok ing telenging atiku, senajan aku wes dikhianati. Wes ben aku dicap wong bodho lan olok-olok liyane, aku ora perduli! Wong jeneng wes kadung tresna mati arep kepriye maneh.
Wiwit saka sapatemon ing Bentara Budaya wengi kuwi, sesambunganku karo Mas Ridwan sajak tambah anget wae. Lan sing jelas kabeh iki ora ana sing ngerti kejaba aku lan Mas Ridwan, hubungan rahasia, kejaba salah siji kanca sinara wadiku kang nunggal gaweyan. Mas ridwan asring ngajak dahar awan ing restoran, apa kadang kala yen bali ngantor mampir dolan ning omah sedelo karo gawa-gawa jajanan sing dadi karemanku.
Nganti nuli ing sawijining sore Mas Ridwan ngajak aku metu, mlaku-mlaku ing jalan solo golek angin sore jarene.
“Mlaku-mlaku nyang jalan solo yuk dek, golek angin sore karo wedangan ing warung sego kucing.” Ngono pangajake karo lungguh ing kursi karet ing teras ngarepan.
“Halah mas, mosok warung sego kucing sih.” Aku mesem nyauri karo lunggu ing kursi sandinge.
“He he… aku gek kangen mlaku-mlaku karo sliramu kaya biyen. Gelem yo? Dilit wae kok.” Ucape lirih karo nyawang aku tajem banget. Aku mung meneng wae nalika panyawange Mas Ridwan tepuk karo panyawangku. Sunar mripat kang cemlorot sajak dadi daya hipnotis kang nuwuhke rasa beda, kaya kesirep ajian halimun aku alon-alon nutup netraku, lan lathine Mas ridwan alon-alon sangsaya nyedak marang lathi-ku. Jantungku dadi geter sangsaya kenceng, angete hawa kang metu saka irunge Mas Ridwan tak rasa sangsaya cedak.
“Yen ngono aku tak salin sek yo mas.” Aku mangsuli pangajake karo setengah nyurung dadane Mas Ridwan alus. Mas Ridwan sajak tumungkul amarga gagal anggone ngarasi aku.
“Iyo… “ saure ampang karo nyawang aku ngadeg saperlu salin sandangan.
Sore kuwi aku, wong loro mlaku-mlaku nikmati suasana jalan Solo ing kuta Yogya nganti meh magrib. Kaya rencana sekawit, aku lan dhewekne sido ngicipi wedang jahe lan jajanan kang di dasarke ing warung sego kucing ngarep U2 sing biyen dadi langgananku wong loro.
Bubar mlaku-mlaku, Mas Ridwan bali ngeterke aku menyang omah karo sisan jupuk sepeda motore kang ditinggal ing latar ngiringan omah sing tak kontrak. Tekan enggon ora langsung bali, nanging malah lungguhan maneh ing teras.
“Gak langsung balik tah mas?” pitakonku.
“Mengko ah jam nyah mene dalane isih rame. Wayahe wong pada bali mulih.” Jawabe.
“Dek…. “ sambunge alon sajak arep ana rembug wigati, ning ana rasa mangu-mangu arep ngomong.
“Ya.. aku isih ndek kene kok.” Aku nyauri ayem wae karo guyon.
“Anu… “ ngomongke, terus meneng sedela unjal ambeg-an; banjur neruske anggone omong.
“Ning sak durunge yen kowe gak setuju, aja njur nesu karo aku yo.”
“Emang arep omong apa seh mas. Kok nganggo setuju-setujuan barang.”
“Tenan lho yo aja nesu lan banjur nyirik aku. Janji.” Ujare sakteruse karo nyawang aku lan ngangkat tangane, aku mantuk ngiyani karo mesem lan bales panyawange.
“Anu… sak umpama. Iki sak umpamane lan yen kowe sarujuk. Piye mungguhna aku omah-omah maneh, yen menurutmu piye?.” Bacute.
“Halah… mas… mas… wong arep ngomong yen pengen dhuwe bojo maneh wae kok ndadak ngomong sing mbulet-mbulet. Tur jenengan ki kok aneh, kudune sing mbok tekoni kaya ngono kuwi kan bojone jenengan, dudu aku.” Aku nyauri karo mesem lan nyablek meja nganggo epek-epek tanganku alon.
“Ning eling ora, biyen jenengan nate omong yen anti karo sing arane poligami. Eling ora?” tembungku melehne.
“Iyoo…. Aku isih eling.” Jawabe.
“Lha sing arep wanita sing arep dipek bojo maneh wes ana rung mas?” aku nyoba nlesih luweh jero karo kekarepane Mas Ridwan sing tak pikir ora sakbaene dhuwe kekarepan kang kaya mengkana mau, sebab aku ngerti banget karo sifat sing sejatine.
“Ana… Sliramu dek. Dek Rina Setyowati sing saiki ana ing ngarepku. Mula saka kuwi aku njaluk lelimbanganmu. Piye?” saure manteb.
Aku jomblak kaget nalika krungu wangsulane kuwi. Aku nyawang dhewekne kanggo mestekne yen apa sing tak rungokne ngentas wae kuwi pancen nyata-nyata saka lathine. Mas Ridwan mesem karo mantuk lan kedep tesmak nyawang aku sajak dhuwe pengarep-arep supaya aku sarujuk karo kekarepane kuwi. Nganti sak wetara wektu aku ora bisa omong apa-apa, aku isih shock, kaget, lan bingung kudu omong apa. Mripatku kembeng-kembeng, lan siji baka siji dlewer metu saka tlapukan mripat nelesi pipiku.
.....................................................................................

Pripun crito sak lajengipun? Punapa Rina kersa nglimbangi kekarepane Ridwan?, punapa suwalike? Rina bakal nolak kabeh sedyane Ridwan. Sumonggo dipun entosi kalajenganipun criyos punika menawi sampun kapacak wonten ing Majalah Panjebar Semangat. Suwun.

Senin, 10 Mei 2010

Lintang Panjer Esuk Wes Angslup [2]

Bacute crito kang dipacak ing majalah PS no 19/7 Mei 2010

Esuk kuwi aku lagi ibut resik-resik kamar, kebeneran dino kuwi dino minggu. Dadi aku akeh wektu kanggo resik-resik kamar mess kang disediyani dening yayasan panggonku nyambut gawe. Lagi nedeng-nedenge ngresiki rak buku karo ngrungokne radio, ujug-ujug hapeku muni. Ana sms kang mlebu sajake, aku kelingan yen dino iki aku janji arep mlaku-mlaku karo calon bojoku. Gageyan aku nyandak hape kang gemletak ing kasur, mbok menawa sms saka dhewekne.
‘Jeng, Aku lan Tiara wes boarding pas kanggo penerbangan jam 10.00 saka Sepinggan. Sepurane wes ngrepoti Jenengan.” Oh jebul sms saka mas satrio.
Aku lagi arep mejet hape kanggo bales sms-e, hape-ku wes muni maneh. Ana sms siji maneh sing mlebu, aku wurung balesi sms-e mas satrio, lan milih bukak sms kang ngentas wae teka.
“Sakjane tekaku mrene iki, arep njaluk slirane supaya dadi sesulihe Ibune Tiara sing wes marak Gusti setaun kepungkur. Nanging aku pranyata telat. Selamat yo jeng, Muga-muga jeng rasti bahagia.”
Pleg… atiku kaya didodog. Awakku gemeter lan lemes saknalika, dadi mau bengi kuwi mas satrio wes goroh marang aku. Mas satrio balik Jakarta cepet-cepet ora merga ana tugas, nanging sak temene atine kuciwa marang kejutanku.
“Duh Gusti… sepuranen aku yo mas. Aku ora graita babar pisan marang kekarepanmu teka mrene kanthi ndadak iki.” Ora krasa pipiku teles dening eluh kang tumetes merga saking rasa trenyuh campur getunku. Aku ora nyelaki yen sejatine atiku isih mendem rasa tresna marang Mas satrio. Lan aku uga ngerti banget yen sejatine mas satrio isih nyimpen aku ana ing njero atine. Salahku geneye ora tanggap ing sasmita nalika limang sasi kepungkur mas satrio kirim email kang surasane nakoni kasediyanku menawa diajak urip bebarengan maneh. Nalika kuwi aku mung mangsuli “Yo mas, tak pikir-pikire dhisik.” Pranyata wangsulanku kuwi didadekne piandel dening mas satrio. Emane mas,emane kenangapa jenengan kok ora crito yen saiki wes dhewekan maneh.
-------$$$$------
“Mas satrio…. “ aku undang-undang rada rangu-rangu marang pawongan kang ngadeg ngungkuri aku. Pawongan mawa klambi batik motif kopi pecah-pecah lengen dhawa, kang pada-pada lagi ngestreni acara wisuda ing Universitas Gadjahmada.
Rumangsa ana sing ngundang jenenge, pawongan kuwi banjur mlenggak memburi. Meneng sautara karo ngulatke aku mengisor mendhuwur.

“Mas iki aku mas, Rastri…” aku nyoba mbaleni nyapa kanthi nyebut jenengku.
“He he… Jenengan to iki jeng. Masya Allah, pangkling aku Jeng.” Ngomonge sajak surprise banget.
“Piye-piye kabare Jeng.” Ucape sak banjure nakoke kabarku.
“Apik mas. Jenengan kok wes katon sepuh to mas?”
“Hehe yo wes ngene iki Jeng. Umur rak iso diendek. Sing penting sehat. Lak yo ngono to jeng” saure.
“Lha iki gek ngestreni putrane wisuda uga apa piye?” takone.
“Iyo mas. Wisudane anak lanang.” Wangsulanku.
“Lha endi putrane?” mas satrio goleki anakku lanang karo ngubengke payawange goleki anak lan bojoku.
“Lagi nyang mburi, ngeterke Bapake.”
“Lha jenengan dhewe?” aku mbalik takon.
“Aku yo lagi ngancani Tiara wisuda iki.” Jawabe.
“Oh… cah ayu biyen kae yo mas?”
“Iyoo… saiki bocahe kan lagi lulus S2-ne. Lha kuwi apa bocahe mrene.” Njlentrehe karo nudungi pernahe bocah wedok kang nyandang toga werna biru tua. Katon ayu banget.
Aku ngenut arah drijine mas satriyo, aku ora bakal lali karo sorot mripat rongpuluh taun kepungkur. Sorot mripat bocah wadon cilik kang manja banget marang aku.
“Tiara, iki Bu rastri. Salim dhisik nduk.” Prentahe mas satrio nalika tiara wes nyedak.
Kanti sopan, bocah wadon ayu kuwi nyalami aku lan ora lali ngarasi tanganku. Aku bales karo ngrangkul lan ngarasi pipi gemesake biyen kuwi. Kang saiki wes dadi prawan ayu.
“Isih kelingan ora cah ayu karo Ibu?” tekonku marang dhewekne.
Tiara mung mesem karo isih nyawang aku. Mbok menawa karo ngeling-eling pernah ketemu karo aku kapan lan ana ngendi.
“Ha ha….. wes lali sajake Jeng.” Mas satrio sing mangsuli pitakonku.
Aku mesem karo terus takon “Lha iki terus kapan nak Tiara arep dimantukne?” gunemku karo nglirik Tiara.
“He he mbuh kuwi jeng. Sakkarepe bocahe. Wong bubar wisuda iki mengko malah langsung bablas mambur ning Jakarta terus mblandang dines ning Prancis. Mboh sapa iki mengko sing arep ngurusi aku ndek kene.” Mas satrio mangsuli karo ngepuk-epuk pundake anake.
“Ngomong-ngomong, ning Yogja iki arep pirang dino Jeng?” tekone neruske olehe jagongan.
“Lho, aku saikikan manggon ning Yogja mas. Wes meh setahun iki.” Wangsulanku.
“Wow alah… tiwas kebeneran yen ngono. Aku ana bakale ora kesepen ditinggal dening Tiara. Aku saiki yo leren ning kene kurang luwih karo tengah taun.” Mas satrio sajak seneng lan mesem marem nalika ngerti yen saiki aku wes pindah ing Yogja uga.
----------$$$$---------
Sakwise sapatemon kang ora kajarag kasebut, antarane keluargaku lan mas satrio dadi akrab. Prasasat mas satrio kaya wes dadi sedulur dhewe tumpram aku lan anak bojoku, kang ora mangerteni menawa biyen nate ana crito liya antara aku lan mas satrio.

Lan esuk iki, ganep ing yuswane mas satrio kang kaping suwidak telu taun. Aku isih lungguh njegreg dhewekan ana ing teras rumah sakit Dr. Sardjito. Eluhku tumetes nelesi pipiku kang wes ora kenceng maneh, ngancani turahan tangisku kang isih mingseg-mingseg.
Sewengi aku ngancani mas satrio ing wektu-wektu akhir hayate ing rumah sakit iki. Subuh mau, nalika adzan subuh ngumandang ing mesjid; mas satrio tangi dadakan saka komane. Kapinujon aku lagi lungguh ing sandinge. Melek byar, katon pasuryane kang seger kaya ora lagi nandang lelara. Sorot mripate tajem, tajem kaya nalika isih muda taruna. Kang nate gawe atiku trataban biyen.
“Jeng… kok jenengan neng kene. Loh aku iki ning endi jeng?” pitakone.
“Iya mas, iki aku rastri. Jenengan saiki lagi ing rumah sakit. Mas satrio wes telung dino iki koma sakwise tiba kepleset ing kaliurang wingi kae.” Aku njlentrehke alon-alon. Tangane kang temumpang ing dadane tak cekel alon-alon. Aku ngrasake hawa kang lembut lan anget ing dhuwur dadane.
Mas satrio mesem alus, banjur njaluk tulung aku supaya bantu olehe arep tangi saka peturon.
“Jeng… aku pengen sholat. Tulungana aku sedela.”
“Mas… mas sarean wae dhisik. Aku tak ngundang dokter piket yo.” Aku nyoba nahan mas satrio supaya ora tangi-tangi dhisik lan arep ngundang dokter ben mriksa kahanane.
“Ora usah jeng…. Aku selak pengen sholat.”
Sidane aku ngalah, lan nuruti kekarepane. Mas satrio banjur tak tuntun menyang kamar mandi.
“Lha garwane endi. Kok dhewekan?” karo mlaku mas satrio isih kober nakonke bojoku.
“Ana mas. Lagi menyang mesjid, sholat subuh.” Wangsulanku.
Sak wise mas satrio mlebu jading, aku banjur golek sajadah. Kebeneran aku sangu sajadah saka omah, terus tak gelar ing sisihe dipan mujur ngulon.
Ngerti yen wis dicawisake pangonan sholate, mas satrio banjur miwiti anggone sholat subuh.
“Allah.. hu akbar…” ora suwe mas satrio wes katon khusyuk anggone shalat subuh. Karo ngenteni anggone sholat, aku lungguhan ana ing kursi cedak jendela. Kordene tak bukak saengga aku bisa nyawang lintang Joko Belek kang isih padang sumunar. Aku dadi kelingan marang puisi kang nate ditulis dening mas satrio kanggoku biyen. Puisi kuwi isih tak simpen nganti saiki. Aku mesem nyawang lintan Panjer Esuk kuwi kang ngelingake aku marang crito-crito lawas kang endah lan romantis antarane aku lan mas satrio.
Lamunanku buyar nalika aku sadar yen mas satrio olehe sujud sajak suwe banget. Kuwatir yen ana apa-apa, aku banjur nyedaki mas satrio kang isih sujud kuwi.
“Mas…. “ aku nyoba nanggu kekhusyukane merga kegawa rasa was sumelang.
“Mas.. mas satrio.” Tak baleni anggonku celuk-celuk kanti suara alon.
Merga ora ana reaksi, akhire tak wanek-wanekake nggugah anggone sujud. “Mas… mas satrio…” lengene tak candak karo setengah tak hoyag-hoyag. Panggah meneng wae….
“Mas… Masya Allah…. Mas…. Innalillahi……” tangisku pecah saknalika bareng aku ngerti yen pranyata mas satrio wes ninggalake ragane kanggo selawase. Bali ing alam kelanggengan tumuju marang Gusti kang tansah disuyudi sak suwene iki.
Saiki kari aku dhewekan kang meneng angluh ing emperane rumah sakit Sardjito iki. Lintang Panjer Esuk wes anglsup digenteni dening esuk kang rantak-rantak ing bang-bang wetan. Lintang kuwi angslup gawa janji prasetya kang nate diucapke marang aku. Aku isih kelingan ujare biyen, yen to mati suk-emben pengen mati ing kahanan sujud amarga ing mangsa sujud kuwi, jarene jarak paling cedak antarane kawula lan Gustine. Dheweke uga janji yen bakal tansah nurahake separo atine kanggo aku. Lan kuwi kabeh disembadani……

Bintang Fajar
Kala kau terjaga dari tidur malammu
Ketika kau terbangun dari mimpi indahmu
Sempatkanlah sejenak menengok aku
Disisi timur tempatmu berdiri.....
Kala sang fajar masih samar-samar bercahaya.


Aku menunggumu disitu...
Ada salam yang hendak kusampaikan
Dari seseorang yang merindukan cintanya.
Disana akan kau dapati aku yang bersinar terang.


Sadarilah bahwa disaat yang sama
Ada seseorang disisi lain bumi ini
Sedang tersenyum menatapku juga
Menitipkan salamnya buatmu.

Disana kelak dia akan berdiam
Menunggu dan menanti
Kehadiran cintanya yang sejati.


Kuwi puisi sing biyen ditulis dening mas satrio kanggo aku. Saiki Lintang kuwi wes angslup bali ing papane sakawit. Aku mung bisa dedonga lan ngucap… Sugeng tindak Lintang Panjer Esukku.
[Kaya kang arep dicritakake dening Rastri wolu likur taun candake].

------------ Cuthel -------------

Rabu, 05 Mei 2010

“Lintang Panjer Isuk” Wes Angslup 1

Cerkak iki dimuat ing Majalah Panjebar Semangat no 18/1 Mei 2010, ngrengani kaca 23. Halaman favorit kanggo para penulis sastra jawa.

“Mbak, ana tamu ning ngarepan.” Febi ujug-ujug nyedaki aku lan menehi weruh yen ana tamu kang goleki aku.
“Sapa Feb?” pitakonku karo isih njinglengi gaweyan ing komputer tanpa tumoleh.
“Ora mudeng Mbak, priyayi lanang karo bocah wedok cilik. Wes kana Mbak gek ndang dipethuki dhisik. Gaweyanmu tak terusne.” Saure Febi kang wus siap-siap ing sandingku sak perlu ngenteni gaweyanku.
Aku panggah durung mingset saka lungguhku ing ngarep computer, isih penasaran dening angka-angka kang ora cocok karo kwitansi sing ana ing catetan.
“Uwis Mbak… tinggalen! Tak terusne. Mesakke tamune, selak kesuwen olehe ngenteni. Wong sajake dudu pawongan asli kene wae, saka adoh ketone.” Febi baleni maneh anggone nyaruwe gaweyanku, lan saiki ora gur waton omong wae. Nanging sinambi ngrebut keyboard komputer saka tanganku lan nyurung aku supaya sumingkir saka kursi kang tak lungguhi.
Aku ora bisa nolak maneh, aku ngadeg lan banjur metu menyang ruang tamu ing sisih ngarep ruang kerjaku. Nalika tekan lawangan kang misahke antarane ruang tamu lan lurung gedung sekolahan, saknalika aku mandeg jegreg. Getihku munggah tekan bun-bunan, jantungku deg-degkan ora karu-karuan. Rasane aku ora percaya karo apa kang tak sawang ana ing ruang tamu kuwi.
“Mas Satrio…..” grenengku lirih kanti lathi gemeter.
Iyo, ora salah maneh. Kuwi Mas Satrio. Mas Satrio kang biyen nate ngisi dino-dinoku kang endah. Jaman nalika isih pada sekolah ana ing pawiyatan luhur ing kuta Semarang. Wes sepuluh tahun aku pepisahan karo Mas satrio. Lan tanpa tak nyana-nyana saiki Mas satrio ana ing kuta iki.
Rumangsa ana sing teko, Mas satrio tumoleh marang aku kang isih ngadeg njegrek ing lawangan. Ngerti yen sing teko kuwi aku, Mas satrio banjur ngadeg saka palungguhane sinambi mesem banjur marani aku.
“Assalamualaikum. Kados pundi kabaripun Jeng?” Mas satrio nyapa karo nguluke tangane ngajak salaman.
Tak tampani astane Mas Satrio kanti gemeter lan rasa ati kang isih tida-tida.
“Waa…wa.. alikum salam…” aku njawab salame rada kapedot-pedot saking gugupe.
“Alhamdulillah kabarku sae mas. Mas… sa.. satrio pripun kabare?”
“E… mangga pinarak riyin mas….” Aku nerusake wangsulanku karo ngaturi pinarak marang mas satrio.
“Matur nuwun Jeng.” Mas satrio ngeculke gegeman tangane karo jumangkah bali ana kursi kang dilungguhi sakawit. Dene aku tut wuri ing sak mburine lan banjur lungguh ing kursi dhawa sak ngarepe mas satrio.
“Kabarku, Alhamdulillah sehat uga Jeng. Jeng Rastri isih kelingan karo aku to?” wangsulane karo mesem renyah nalikane aku lan dhewekne wes mapan lungguh.
Durung nganti aku wangsuli pitakone yang pungkasan, Mas satrio ujug-ujug ngadeg karo muni “Oh iyo… sek enteni sedelo yo Jeng.”
Banjur mlaku metu tumuju plataran kantor. Ora nganti sak wetara wes balik mlebu karo gandeng bocah wadon cilik umure udakara limang taunan. Bocahe putih, rambute lurus, mripate blalak-blalak, lan katone bocahe lincah.
“Tiara salim dhisik karo ibu ya wuk yo.” Aku rada njomblak nalika mas satrio nyebut aku ibu kanggo bocah wadon cilik kuwi, nanging rasa kagetku tak tutupi karo esemku nalika nampani tangan cilik kang diuluke marang aku.
“Iki Tiara Jeng, anakku wedok ontang-anting.” Mas satrio ngenalake bocah wadon cilik kuwi, kang tibake anake dhewe. Tiara nyekel tanganku banjur ngarasi tanganku.
“Aduh… pintere cah ayu…” ngomongku karo bales ngarasi pipine kang nyempluk semu abang. Pengen rasane aku nyiwel pipine kuwi.
“Tiara, endi mau oleh-oleh sing arep diature ibu.” Mas satrio ngelikake anake wedok karo mesem nyawang aku wong loro.
Rumangsa dielikake, Tiara saknalika mlayu tumuju mburi kursi sisih tengen kang cedak karo jendela. Banjur mlayu balik maneh marani aku karo ngulukne bungkusan kado werna jambon.
“Ini buat ibu.” Ujare karo lungguh njejeri aku.
“Apa iki sayang…” aku nampani kado kang diulukne karo ngrangkul pundake. Aku isa rada nguasani kahanan saikine lan atiku iso luwih rileks, santai, ora gugup maneh.
“Oleh-oleh buat ibu.” Wangsulane cekak.
Aku mesem, lan sepisan maneh tak arasi pipi kang gemesake kuwi.
“Matur nuwun nggih cah ayu…” aku ngucap panuwun karo ngelus-elus rambute kang lurus lan alus kuwi.
“Oh iya mas. Tindak mrene kok mung karo Tiara. Lha mamahe Tiara endi?” tekonku marang mas satrio karo ngalihake payawangku mring Mas Satrio.
Ana wangsulan kang dak tampa. Mung eseman kang metu saka lathine mas satrio, tanpa ana ukara kang kumecap kanggo wangsuli pitakonku mau.
“Ibu… Sekolahane luas banget ya?” Tiara ujug-ujug nyelani anggonku ngenteni wangsulane mas satrio, nganggo basa kang campur-campur antarane basa jawa lan Indonesia. Maklum Tiara lahir ana ing kuta Jakarta kang dhuweni budaya sing majemuk.
“Oh… iya sayang. Ini namanya sekolah terpadu. Tiara mau sekolah disini?” aku mangsuli pitakone karo basa Indonesia.
“Hi.. hi… Mau. Emang ada TK-nya?” Tiara ngguyu karo balik takon maneh.
“Wow.. ya ada tho cah ayu. Nek Tiara sekolah disini, nanti dari TK bisa langsung ke SD, SMP, dan SMA sekalian disini. Mau ya sekolah disini?”
Aku ngrasa Tiara iki bocah sing cerdas lan lantip. Ndeleng saka cahya ing mripate kang sumunar padang ngatonake bakat kang sumimpen lan bakal dadi pangeram-eram ing tembe mburine.
Aku, Tiara, lan Mas satrio banjur kagubet ing rembug kang werno-werno kang njalari antarane aku wong telu dadi sangsaya akrab lan sumandulur. Nganti ora krasa anggonku jagongan wes luwih saka sak jam setengah kurang sithik.
Rumangsa wes cukup anggone omong-omongan, mas satrio medot anggonku lagi caturan karo Tiara.
“Emmm… Jeng. Nyuwun sewu. Menawa hotel sing cedak-cedak kene ana ora yo? Iki mau, aku karo Tiara saka bandara langsung jujug kene. Lan durung kober golek-golek panggonan nginep. Selak kangen Ibu jare Tiara.” Mas satrio takon karo mesem ngemu teges kang beda, tak bande saka omongane kang keri dhewe.
Aku mesem karo batin ing jero ati “Alah sing kangen ki Tiara apa sapa to mas.”
“Oh.. sek sedela yo mas. Aku tekon karo konco-koncoku dhisik. Apa selak kesusu po mas?” aku nyawang mas satrio.
“Iyoo… ora penak ngobrol suwe-suwe wayah jam kantor ngene iki.” Saure.
Aku banjur menyat saka lungguh, banjur mlebu memburi goleki febi maneh sak perlu tekon hotel sing cedak-cedak kene wae, kaya welinge mas satrio. Sak wise oleh pituduh saka febi, aku banjur mbalik marani mas satrio ing ruang tamu.
“Aduh… gek pada serius ya.” Sapaku marang mas Satrio lan Tiara kang lagi pada guneman sinambi ndeleng iwak ing jero akuarium.
“Iki lho mas, aku wes oleh informasi hotel kang cedak karo kene.” Ujarku sakbanjure karo nuduhke brosur hotel kang disilihi dening febi.
“Panggonane nyaman lan ora patiya rame, masakane enak-enak. Cocoklah karo selerane jenengan mas.”
“Tak telponke sek yo mas, nek kersa.” Aku nyoba nawarake kanggo mesen kamar.
“wes, ora usah Jeng. Aku tak mrana wae langsung check-in. Kiro-kiro nek saka kene aku kudu mlaku menyang ngendi?” mas satrio nolak tawaranku.
“Oh ngana, yo wes yen ngana.” Aku ora sido mijet hape kang wes tak gegem.
“Saka kene, Jenengan mengko nyabrang terus mlaku nurut trotoar mengiwa. Kurang luwih rong atus meteran ana Bank BRI. Lha jejere kuwi ana Hotel Kartanegara, panggone rada mlebu dadi ora katon yen disawang saka dalan gede.” Aku menehi ancer-ancer marang mas satrio dununge hotel kang dak karepake.
“Ok. Yen ngana aku pamit dhisik. Oh iyo aku njaluk nomor hape-ne, mengko bengi yen ana wektu kersa to, saumpama ngancani Tiara makan malam?” Mas satrio pamitan sajak wes mudeng banget panggonan hotel Kertanegara, karo ora lali njaluk nomor hape-ku lan nawani ketemu maneh mengko bengi.
“Yo Insya Allah Mas. Aku mengko bengi iso kok ngancani Tiara. Iki nomor hape-ku ana neng kene.” Jawabku karo ngulungke kartu namaku.
Mas satrio nampani kartu nama, diwaca sedela banjur dilebokne sak kemeja batik lengen cekak kang dienggo. Banjur ngawe Tiara supaya nyedak marang aku lan bapake.
“Tiara, kondur sek yoo. Salim dhisik sama Ibu.” Prentahe marang anake wedok nalika wes cedak.
“Tiara pulang dulu ya…” bocah wadon kenes kuwi nyalami lan ngarasi tanganku kaya nalika sepisan kenalan mau isuk.
“Wes yo jeng, pamitan dhisik. Assalamualaikum.” Mas satrio pamitan karo ngandeng Tiara metu saka ruang tamu tumuju hotel. Aku nguntapake tekan teras ngarep ruang tamu kantorku, tak enteni nganti wong loro kuwi metu saka regol sekolahan. Aku isih sempat males eseme Tiara kang kober mlengak sinambi dada.
------------$$$$-------------
Wengi kuwi, Mas satrio sido ngundang aku mangan bengi bareng ana ing hotel kertanegara panggonane nginep. Rada ngguyokane yen dieling-eling, ing ngatasi aku sing dadi tuan rumah ing kuta kuwi nanging malam Mas satrio sing aweh undangan jamuan makan malam. Ing wengi kuwi aku nyambangi mas satrio lan tiara ora dhewekan, ananging aku dikancani dening calon bojoku. Idep-idep sisan arep aweh kejutan marang mas satrio.
Iyo kejutan kang ora dinyana-nyana dening mas satrio. Biyen aku nate omong marang mas satrio, aku iso dadi apa wae sing aku pengen. Malah kadangkala karo keputusan-keputusan sing babar pisan ora ana ing jero pikirane. Kaya keputusan sepuluh taun kepungkur nalika aku luwih milih misah klawan dheweke, tinimbang natoni atine koncoku kang saiki dadi sisihane.
Acara makan malam wengi kuwi kanton regeng banget. Mas Satrio sajak akrab banget karo calon bojoku, ngobrol ngalor ngidul kaya-kaya konco lawas sing wes suwe ora ketemu. Dene aku luwih akeh omong-omongan karo anake wedok. Aku kesengsem banget karo bocah cilik iki. Ngomongane jan ngecipris ora ana entek-entek, kadang kala aku nganti kuwalahen ngladeni pitakonan-pitakonane kang kritis.
“Lha Mas satrio, rencanane pinten dinten wonten mriki?” keprungu calon bojoku tekon rencanane mas satrio arep nginep ing kutaku. Aku nyoba melu nggatekake wangsulane mas satrio senajan isih karo ngajak guyon Tiara.
“Rencanaku bangsa rong dino apa telung dino ning kene. Nanging ketone ora sido.” Wangsulane karo ngulate calon bojoku lan aku genti-genti.
“Lho kok mboten sido, kengin napa mas?” calon bojoku nyoba pengen weruh sebabe.
“Anu.. anu mas. Niki mau wonten telpon saking kantor, jare sesuk ana kunjungan saka wong Jepang. Wong kantor pusat arep mriksa proyek-proyek kang lagi dadi tanggungjawabku.” Ngana mas satrio menehi alasan anggone arep cepet-cepet mbalik Jakarta sesuk esuk.
“Wah kok kesesa banget nggeh mas?” calon bojoku sajak rada getun.
“Lha wes piye maneh…..” saure mas satrio kepungru rada angluh suarane karo mripate nyawang aku.
Ora rinasa wengi sangsaya dalu. Tiara wes keturon ana pangkonku. Aku lan calon bojoku banjur pamitan mulih, sakwise masrahake Tiara menyang gendongane Bapake. Nalika jupuk anake wedok saka gendonganku, mas satrio nyawang aku kanti panyawang kang beda banget. Panyawang kang nembus jero ngliwati mripati tumuju telenging atiku. Atiku rada keder nampani panyawang kang kaya mengkana. Ana sorot cahya mripat sendu kang sepuluh tahun kepungkur nate natap ing jero atiku.[ana candake]