Rabu, 18 Januari 2012

Kethek Tambakbaya

[Wes dipacak ing majalah PS, edisi no 18/5 mei 2012]“Kerdusan apa iki?” Jupri takon marang konco tunggal gaweyan nalika weruh ana kerdus isi sego bancakan glemethak ing dingkling dawa kang biasane kanggo masahi kayu.
“Sego berkat bancakan-e Kang Tariman almarhum Lik.” Saure Wandi karo ngisik-isik kursi garapan-e.
“Oh iyo yo… saiki wes mendak jenat-e Kang Tariman.” Sumelane.
“Mesak-ne tenan Kang Tariman, ning ya apa bener yo?” bacute Jupri sajak gagas pitakonan kang nyalawadi ing angen-angen-e.
“Apane sing bener Lik?” Wandi sing ana cedak-e Jupri sajak krungu apa kang diucapne dhewekne.
“Ahh.. ora apa-apa. Nyoh ki lho berkat-e panganen wae, Aku rak mentala mangan.” Jupri nyauri karo ngulukne kerdus wadah berkat marang Wandi.
“Yo Lik, matur nuwun.”
Jupri, banjur kelingan kedadeyan nalika semana. Isuk kuwi; watara jam setengah wolunan. Wektu semana kahanane rada mendung peteng lan grimis riwis-riwis, dhewekne bebarengan karo Tariman mangkat nyambut gawe ana gudang mebel-e juragan Kamdi. Wong loro oleh-e nyambut gawe minangka tukang kayu ing pabrik-e juragan Kamdi wes ana yen meh karo tengah taunan. Wong loro biasane mangkat bebarengan numpak sepeda onthel saka ngomah-e, lan nalika arep nyabrang dalan pas ing ngarep gudang tanpa ngerti sangkan parane bilahi ujug-ujug ana truk nabrak wong sakloron saka arah sisih wetan.
Kang Tariman kang kebeneran wes dhisik-e nyabrang langsung kelindes truk lan dadi tiwas-e saknalika kuwi. Sirah-e pecah kelindes ban truck . Dhene Jupri sing isih rada ana pinggir kepontal mlebu kalenan pinggir dalan, lan slamete ora nganti dadi patine mung tatu-tatu lecet wae. Saknalika kahanan dadi umyeg akeh wong kang pada pating jlerit meruhi prastawa kuwi. Lan ing antarane sadar karo ora, Jupri kaya meruhi mayit-e Kang Tariman pada dikrubuti kethek putih sak pirang-pirang, pada ndilati getih lan rebutan jumputi isi sirah sing mlabar kececer ing dhuwur aspal banjur dipangan telap-telep karo royokan. Bubar kuwi mak lap…. Jupri banjur ora eling apa-apa alias semaput ngenggon.
Bubar kedadeyan kuwi, Jupri krungu slentang slenting jare Kang Tariman wes dadi tumbal pesugihan-e juragan Kamdi. Dipakakake ingon-ingone kethek saka Tambakbaya. Ujaring kanda pokok-e samben ana pegawene sing bengi-ne dikongkon nglembur kerja, mesti rong dina apa telung dina candake bakal nemahi bilahi kanthi kahanan kang gegirisi. Lan yo pancen bener, telung wengi sak durung-e kedadeyan isuk kuwi; Dhewekne, Kang Tariman karo Kodir pancen dikongkon nglembur dening juragan Kamdi. Lan elok-e, yen njaluk tumbal ora ndadak kudu setahuan sepisan apa sesasi sepisan kaya adat-e ngana kae. Ning oleh-e njaluk tumbal sak karep-e dayang-e, yen kudu arep ‘mangan’ yo kudu ndang di cepakne.
Ning kanggo-ne Jupri kabar slentang slenting kuwi mung dianggep mung omongane wong-wong kang drengki lan meri wae marang kesugihan lan kesuksesan-e juragan Kamdi. Ora maido yen banjur akeh wong kang meri, sesani wae juragan Kamdi bisa kirim mebel nganti sepuluh kontainer menyang luar negeri. Mula Jupri ora pati ngrewes nalika Kodir ngajak leren anggone begawe saka pabrik-e juragan Kamdi.
“Dina iki awak-e dhewe isih isa luput saka memala iki Lik. Sesuk-sesuk durung karuan. Mula mumpung durung kedadeyan becik-e ayoo golek gaweyan ning panggonan liya wae.” Pangajak-e Kodir nalika semana. Ning Jupri mung ngiyoni wae, lan ora dhuwe kreteg temenan arep leren begawe saka pabrik-e juragan Kamdi.
“Ahh ana-ana wae.” Gresahe Jupri dhewe.
Nalika lagi arep miwiti maneh anggone masah kayu kanggo gawe meja, katon kledang-kledang juragan Kamdi teka marani Jupri banjur sapa aruh marang Jupri.
“Kuwi mau ana kiriman sega saka omah-e Tariman wes mbok tampa durung Pri.. Jupri?”
“Sampun Pak.” Saure cekak.
“Anu Pri… sesuk kowe ana acara ora? Nek ora ana. Tulung sesuk bengi kowe karo Wandi ngewangi Masri ngrampungne garapan meja kursi yo. Soal-e minggu ngarep kudu wes dikirim menyang Korea.” Sambunge juragan Kamdi neruske anggone sapa aruh.
Ati-ne Jupri tida-tida arep ngiyani. Kelingan marang angen-angen-e ngentas wae. Biyen luput dadi bebathene dayang kethek Tambakbaya, sapa ngerti saiki apes-e. Durung nganti Jupri semaur, wes kedhisikan dening ujaring Wandi.
“Nggih Pak, mangke kersane Kula kaliyan Lik Jupri ingkang ngrencangi Masri. Yo Lik yoo….”
“He eh…. Mengko tak imbuhi persenane tikel pindho.” Juragan Kamdi ngguyu karo ngepuk-epuk pundak-e Wandi.
“Yo wes yen ngono, teruske olehmu pada nyambut gawe. Aku tak ngurusi surat-surat pengiriman ning kantor perdagangan dhisik.” Ujare karo menyat metu saka panggonane Jupri lan Wandi nyambut gawe.
Sak mungkur-e juragan Kamdi, Jupri banjur nutuh Wandi.
“Kowe mau kok angger ngiyoni ki piye tho?”
“Tenang Lik…. Rak sah kuatir. Penting kesok awak-e dhewe oleh sangu tikel keno kanggo klencer.” Saure sajak bodoni. Sidane Jupri yo gur manut wae.

----QAP----

“Pri, mengko kowe nyekel mesin amplas sing sisih kana kae. Dhene Wandi gen nggarap godhongan meja ning mesin ngarepan sing sisih kana, merga mesin sing iki lagi rewel. Lan kowe Masri, olehmu bubut sikil meja kursi di terusne.”
Mangkono juragan Kamdi anggone menehi briefing marang wong telu kang pada arep nglembur wengi kuwi. Oleh-e ngatur pancen sengaja dipisah-pisah antarane wong siji lan sijine. Bubar Isyak, wong telu banjur pada miwiti oleh-e arep nglembur kaya sing dikarepake dening juragan-e mau sore.
“Lik Jupri lan Masri…. mrenea sek.. aku ana perlu.” Alok-e Wandi.
Wengi iki watak wanton-e Wandi sajak beda karo biasane. Bocah sing biasane katon cengengesan lan rada gobloki, saikine katon serius lan khusyuk.
“Becik-e sak durung-e miwiti nyambut gawe wengi iki, ayo pada donga bareng-bareng. Aku sing mimpin donga, Sampeyan sing ngamini wae.”
Wandi banjur miwiti anggone donga, dhene Jupri lan Masri sing ngamini. Jebul nyolong pethek tenan si Wandi iki. Kethone lholhalolok kaya Trajukusuma, jebul olehe ngaji lan donga jan fasih tenan. Ora kalah karo ustad-ustad ing mesjid yen dong mimpin shalat jamaah kae.
Bubar donga Wandi banjur mbadum tekuk-tekukan kertas putih marang Jupri lan Masri.
“Iki tulung sampeyan simpen ing jero sak-e dhewe-dhewe, yen rak dhuwe sak yo sampeyan cepitke katok kolor ora apa-apa.”
“Apa iki Di… Wandi?” Masri kang tekon.
“Iki rajah saka guru-ku. Lan sejatine aku iki sengaja dikirim karo guruku saka Pondok Pesantren ing Kediri kana kanggo resik-resik papan kene. Sampeyan mengko ngerti dhewe apa sing tak karepake.” Wandi mangsuli karo sisan mbeber wadine.
Wong loro pada pating plongo, bareng ngerti yen sejati Wandi kuwi santri saka pondok pesantren. Ora ngira babar pisan yen bocah sing katone cengengesan lan sak senenge dhewe kuwi jebul dhuweni keluwihan.
Suasana dadi amem, lan tanpa gunem maneh wong telu banjur klunuh-klunuh mlaku menyang gudang lan pada miwiti anggone nyambut gawe wengi kuwi. Suasana sangsaya tambah tintrim nalika udan ujug-ujug teka kaya disokake saka langit, diselingi dening tathit lan gludug kang gilir gumanti. Suara banyu udan pating glemotang nibani payon seng ing dhuwur gudang. Banyu talang gremojong kaya banyu kang mili ing kalenan wetan gudang ora ana leren-lerene. Pandom jam wes nuduhke angka rolas kliwat telung prapat menit, artine wes kliwat tengah wengi anggone wong telu pada nyambut gawe.
Sauntara kuwi, tanpa digraita dening wong telu kang lagi pada sibuk karo gaweyane dhewe-dhewe, ing njaba gudang katon klebate bayangan ireng kang mlipir-mlipir ing sak pinggiri tembok gudang. Yen ndeleng saka dedek piadek-e lan tingkah solah-e anggone mlaku sajak-e kena dipesthekake yen pawongan kasebut wong lanang. Eman merga krudungan sarung lan suasana ing njaba kang mung samar-samar kena sorot lampu yang dipasang ing sisih-sisih pojok gudang, saengga ora kinawruhan sapa sejati pawongan kasebut. Dhuwe niyat ala apa niyat becik? Kok wayah wengi tengah wengi, kathik udan-udan ngene kluyuran menyang gudang lan sajak nyalawadi.
Pawongan nyalawadi kasebut neruske anggone mlaku mlipir tembok gudang, lan pisan pindo mbungkukake awak-e nalika ngliwati tembok kang dipasangi jendela. Nalika tekan pojokan sisih tengen saka lawangan ngarep gudang, lakune rada dibanterke lan setengah mlayu. Mbok menawa samar yen nganti diweruhi dening uwong. Sebab pas ing pojokan kuwi dipasangi lampu neon kang cukup padang.
Tekan cedak lawang gudang, pawongan kasebut banjur leren sedela karo mepetke gegere ing tembok. Ambegane rada ngos-ngosan merga mentas mlayu-mlayu, let sedela pawongan kasebut banjur bukak sarunge kang kanggo ngrukubi sirahe. Banjur sarung di enggo kaya lumrahe wong nganggo sarung. Nanging tetep wae, sapa pawongan kasebut ora kinawruhan kanthi trawaca, amerga kok yo ngepasi lampu neon ing dhuwur lawang gudang mati. Kamangka wingi sore isih murub padang kencar-kencar.
Pawongan kasebut milang-miling sedela kaya nyetitekake kahanan kiwa tengen gudang. Nalika dirasa aman, banjur wiwit munggah ing tlundakan tumuju lawang gudang.
“Waduh…. Waduh…. Waduh….. “ pawongan nyalawadi kasebut kaget karo kicat-kicat sajak kelaran nalika sikile ngidak keset kang dipasang ing ngarep lawang gudang.
“Kirik…. Wedus… munyuk….. trembelane…” kawetu kabeh kewan kebon binatang saka cangkeme pawongan nyalawadi kasebut karo isih kicat-kicat pencolotan ing dhuwur keset ngarep lawang.
Krungu ana ribut-ribut ing ngarepan, saknalika wong telu kang lagi pada ibut nyambut gawe langsung pada mlayu nututi mengarep.
“Ana apa Lik?” tekone Masri.
“Mbuh aku yo durung weruh, aku mung krungu wong sambat kelaran banjur misuh-misuh ing ngarepan kana.” Saur-e Jupri nalika papakan karo Masri.
Nalika tekan ngarepan, lawang ngarep wes dibukak dening Wandi kang kapinujon anggone nyambut gawe paling cedak.
“Ana apa ndi… wandi?” takone wong loro meh barengan.
Kuwi Lik, kongkonane dayang kethek Tambakbaya sing ngentas mrene. Sajak-e arep milih wadal kanggo pakan ingon-ingonane.
“Uwong apa dhemit ndi?” Masri sing takon.
“Yo uwong Lik. Mosok dhemit kok sarungan lan mlaku ngidak lemah.”
“Sapa?” bacute.
“Mbuh Lik, wong nalika lawang tak bukak wong-e wes mlayu tekan pager ngarepan kae. Ning sak klebatan aku isih isa nguwaske sarung-e corak kothak-kothak nalika liwat ing ngisor lampu kana kae. Ning kok saemperan kaya sarung sing biyasa dienggo dening juragan Kamdi yo.” Njlentrehe Wandi.
Wong loro ora pada sauran, mung gur pandeng-pandengan ngemu teges kang werna-werna nanggapi ujare Wandi kasebut. Wandi banjur mbungkuke awak-e lan nyingkap keset kang ana ngisor-e, banjur njupuk lempitan kertas cilik kang glumetak ing jogan.
“Apa kuwi ndi?” alok-e Jupri.
“Rajah Lik, pada karo sing pada mbok sak-i.”
----QAP----
Isuk-e, ing omah-e juragan Kamdi geger gember. Anak bojone pada tangisan merga juragan Kamdi ditemokake mati ndadak kanti kahanan kang gegirisi. Awak-e garing kentekan getih, lan sirahe rojah-rojeh pada bolong kaya ana tilas disesepi. Matane mlolo mecotot arep metu, sing sesisih malah growong ilang ora karuan parane.
Lan wiwit kedadeyan kuwi, sithik baka sithik bisnis mebel keluargane juragan Kamdi wiwit surut. Malah nalika tiba satus dina matine juragan Kamdi, gudang lan pabrik mebel-e dari karang abang, kobong entek ludes dipangan jago abang. Lan sing gawe aeng maneh, ujaring kanda nalika bancakan sore sak durung-e gudang lan pabrik-e kobong, kaya-kaya tamu kang pada teka bancakan sajak dlilir teka ora leren-leren. Lan aneh-e maneh, wong-wong kasebut nalika pada ngrahabi panganan kang disogatake paripolahe memper kethek. Apa kuwi kethek siluman saka Tambakbaya kang saksuwene iki disambati dening juragan Kamdi minangka prewangane? Lan mbok menawa merga ora keduman pakanan banjur kethek-kethek mau banjur ngobong pabrik lan gudang mebel-e juragan Kamdi? Waallahua’lam, ora ana sing ngerti kejaba juragan Kamdi dhewe.[cuthel].