Senin, 18 April 2011

Punden Mbah Gendhing


[Crito Alaming Lelembut dimuat ing Panjebar Semangat]
Ing kampungku ana wewaler (kapercayaan) kang ora ngolehake wargane nanggap wayang, kethoprak, ludruk lan sakpiturute kang kudu migunaake prangkat gamelan kanggo ngiringi tontonan kasebut. Miturut crita kang nate dak tampa saka wong-wong tuwa, jarene sing baureksa utawa danyange kampungku sing ora maringi palilah. Danyang sing dikarepake yakuwi sing sumare ing ngisor wit Jrakah ing sakpinggire kali sisih kidul. Wong-wong ngarani Mbah Gending, kaya ngapa mula bukane kok diparapi Mbah Gending? Ora ana katrangan kang gumathok. Pokok-e wong-wong ngarani ngana kuwi.
Lan saka crito turun temurun uga. Buuuiyeennn….; jarene nate ana warga sing nerak wewaler kasebut nalika pinuju dhuwe gawe mantu anake. Dhek semana para pinisepuh desa wes aweh pitutur supaya ora usah ndadak nganggo nanggap wayang barang olehe dhuwe gawe. Ananging pitutur kuwi malah disepelakake dening sing arep dhuwe gawe, jarene kuwi lak mung crita gugon tuhon wae. Lan akibate nalika tiba ing dina gawene, wiwit esuk nganti wayah bengi, sedina muput udan angin lan bledek nyamber-nyamber ora karu-karuan mbarengi karo wayangan sedalu natas kang lagi digelar. Lan sing luwih nrenyuhake nalika wayah nyedaki wanci gragat rahina, nalika suasana isih peteng repet-repet, ketambahan udan sing isih ngreceh. Ujug-ujug ana wong kang bengok-bengok ngabarake yen ngantene lanang wedok ilang saka tilamsari. Swasana dadi geger saknalika, kabeh brayat pada bingung ngalor ngidul goleki. Cekakaos-e, manten anyar kasebut tinemu wes dadi layon kemambang ing kedung kang dumunung persis ing sak-ngisore sareyane Mbah Gending. Kamangka ora ana sing mangerteni kapan lan liwat endi anggone temanten lanang wadon kasebut anggone metu saka omah. Lan wiwit dhina kuwi, warga dadi percaya banget ngenani anane wewaler kang ora ngolehake nanggap tontonan kang nganggo iringan gamelan utawa gending, aja maneh kok nanggap wayang utawa kethoprak. Lha wong nuthuk gambang wae ora ana sing wani, wedi yeng kena walad lan digawa lunga dening Mbah Gending, didadekne niyaga ing alaming lelembut kana.
“Kowe ya ngandel Ma, karo crito kuwi?” pitakone Yanuar marang aku, nalika pada mancing ing kali mburi omah.
“Yen aku yo antarane percaya karo ora. Percaya merga nyatane ora ana warga sing wani nanggap wayang utawa nabuh gamelan ing desa kene. Ora percaya merga durung tau ngalami dhewe.” wangsulanku.
“Nek, aku kok percaya.” Yanuar nanggapi wangsulanku karo ngekep udut sinambi nyambit walesane merga krasa ana iwak sing nyaut pancinge. Nanging sajake ora kena, kurang cepet olehe nyaut.
“Soale wes akeh kedadeyan nyalawadi sing nate dak runggokne saka wong-wong. Mbuh kuwi bener mbuh ora. Nanging kuwi ora pisan pindho kedadeyan, dadine aku yo melu percaya ngana wae.” Bacute karo masang bangi cacing ing mata pancinge, rampung olehe masang bangi walesan banjur diulur menyang kali maneh.
“werrrr….. kecipuk” swara mata pancing nalika nyemplung ing banyu. Yanuar banjur bali lungguh ing oyot randu alas kang pating petongkol gede-gede ing pinggir kali, banjur nyaut udut-e lan mbaleni anggone ngekepi udut sinambi nguwaske gagang walesane. Swasana bali amem, aku isih konsentrasi karo anggonku mancing semana uga Yanuar.
“Lha emange kowe tau krungu crita apa wae Yan?” pitakonku mecah sepining swasana.
“Ya werna-werna.”
Karo tanpa nguwaske aku Yanuar banjur bacutake olehe mangsuli pitakonku.
“Kaya Mbah Tumisih kae, jarene pas bengi-bengi nalika arep bebuang ing kali ditemoni dening baya putih ingon-ingonane Mbah Gending. Nalika semana beneri pas padang bulan, dadine najan samar-samar banyu kali katon lerab-lerab. Lha pas arep mudun ing banyu, Mbah Tumisih banjur balik mulih wurung anggone arep bebuang merga meruhi baya putih sak dipan gedene ing tengah kali, matane mencorong sak bal tenis. Lha kowe rak ngerti dhewe apa ya mokal ing kali iki ana baya sakmana gedene tanpa diweruhi wujud-e dening wong-wong, sak-umpama kuwi dudu barang alus. Mokal tho?”
Aku mung manthuk mesem wae ora mangsuli pitakone Yanuar kasebut.
“Lan jebule ora mung Mbah Tumisih sing tau diweruhi baya putih kuwi. Ibuku dhewe uga tau ngalami, kedadeyane meh persis karo sing dialami dening Mbah Tumisih. Nalika kuwi uga bengi wayah padang bulan, mung bedane Ibuku ora nyumurupi blegere baya putih kasebut. Gur krungu swara banyu jemlegur kaya kejeguran barang gede. Lan kacek sedilut saka suara jemlegur kasebut, ana wong jala kang sajak kedungsangan mentas saka kali. Nalika ditakoni dening ibuku, geneya kok ora sida golek iwak. Jarene, ‘ora oleh dening Mbah-e, lha nika baya putih ingon-ingonipun Mbah-e jrebabah ting lepen.’ Sing dikarepake ingon-ingone Mbah Gending. Mestine yo baya siluman.” Jlentrehe
“Trus maneh, Mbah Samijo, Mbah-e Darto sing tegalane persis ing sisih wetane wit Jrakah kae.” Ujare Yanuar bacutke oleh crita karo nudingi pernahe wit Jrakah kang katon ngedangkrang nggayuh angkasa, godonge wes arang kading merga saking tuwane.
“Nalika ringkes-ringkes arep mulih saka tegalan, merga wes surup. Diweruhi macan gembong sak gudel gedene, wernane putih loreng-loreng ireng lagi ndekem ing ngisor wit jrakah, persis ing sisih tengene kuburane Mbah Gending. Mripate mencorong ngawaske Mbah Samijo, karo nggereng ngisis siyunge. Mbah Samijo banjur keplayu nganti kepuyuh-puyuh jarene. Hi hi……” ngana olehe crita karo gemuyu bayangake Mbah Samijo sing kepuyuh-puyuh merga ditemoni macan siluman ingon-ingone Mbah Gending. Semana uga aku melu kudu guyu bayangake kedadeyan kuwi.
“Husss…. wong tuwa digeguyu, dosa! Tur maneh jarene ora ilok ngomongke bangsa siluman ing panggonan sepi ngene iki, apa maneh sing mbok rasani kuwi sing mbaurekso desa kene, yo termasuk kali sing saiki mbok pancingi iwake iki.” Tembungku nanggapi.
Adzan luhur keprungu ngaluk-aluk saka corong speaker langgar, ora krasa setengah dina wes tak liwati karo Yanuar ing pinggir kali. Mancing olehe ora mingsra, gur oleh iwak bloso papat karo kleting sewelas iji.
“Bali wae yo Yan, wes bedug luhur.” Pangajakku marang Yanuar.
“Wah gek oleh sithik je” saur-e sajak gela.
“Wes bedug!” tembungku karo wiwit nggulung pancing lan ringkes-ringkes arep mulih. Yanuar senajan kagol sidane uga melu ringkes-ringkes.
“Eh… mengko bengi enake branjang wae yo.” Yanuar usul marang aku, sajake isih durung trima merga oleh iwak sithik. Kanggo nglegani atine kanca kenthelku kuwi aku manthuk ngiyani.
“Sippp…. Mengko tak nembung nyilih branjange Mbah Poni.” Aloke kebak krenteg.

-----------------QAP---------------------

“Kula nuwun, Mbah ajeng ngampil branjange nggih?” uluke Yanuar karo amping-amping lawang omahe Mbah Poni.
“Mangga, sapa ya?” sing dhuwe omah age-age methuke tamune.
“Ooo…. Kowe tha Yan? Ana apa le?” Mbah Poni dhewe sing metu methuki aku lan Yanuar.
“Inggih kula Mbah. Ajeng ngampil branjange Mbah.” Tembunge Yanuar.
“Arep nyilih branjang, lha anu iku le… branjange durung tak jait. Wingi jebol nalika oleh iwak gede wingi kae, rung kober jait.” Yanuar sajak gela atine oleh wangsulan kang kaya mengkana. Lan sajak-e Mbah Poni tanggap ing sasmita, banjur ada-ada nyilihi jala.
“Nek njala wae piye le?”
Yanuar nguwaske aku, sajak njaluk pertimbangan saka aku. Kuatire yen aku wegah yen dijak njala iwak, merga yen jala genah ndadak kudu kungkum ing jero banyu. Ora kaya yen branjang, kari metingrak ing dhuwur gubug wae. Aku manthuk kanggo aweh sasmita marang yanuar, yen aku uga oke-oke wae, ora dadi masalah yen kudu jala.
“Nggih pun boten napa-napa Mbah.” Wangsulane Yanuar. Sing dhuwe omah banjur mlebu, let sedela wes metu maneh karo nyangking jala-ne.
“Ki le jala-ne. Yen arep gawa kepis, kuwi kepis-e cemantel ing kulon omah.” Mbah Poni masrahake jala karo nawani nyilihi kepis wadah iwak sisan.
“Arep jala ning endi?” pitakone sakbanjure.
“Teng lepen kidul mriku mawon mbah.” Aku sing mangsuli, merga yanuar wes dhisiki laku arep jupuk kepis ing kulon omahe mbah Poni.
“Ning kali? Yo sing ati-ati yo le. Padang bulan ngene apa yo ana iwake?” saure Mbah Poni sajak ngemu surasa sing beda.
“He he…. Nggih mbah… matur nuwun. Mangga Mbah.” Aku pamitan karo Mbah Poni banjur nyusul Yanuar.
Aku lan Yanuar miwiti jala saka kali sisih wetan, saka ngisor kretek cedak karo kedung Bunder. Yanuar sing jala, dene aku sing madahi iwak utawa urang ing jero kepis. Bengi kuwi beneri wayah padang bulan, langit-e sumilak resik, lintang-lintang pating kerlip ing angkasa. Banyu kali kanton lerab-lerab mantulake sunare bulan kang bunder moblong-moblong. Angin sumilir midit, sinambi rengeng-rengeng lan ngekep udut, aku sakkloron tambah semangat anggone jala iwak. Bengi iki sajak beda banget, wayah padang bulan nanging iwak kodo pating pretungkul baris ngambang ing banyu kali. Semana uga urang-e gede-gede pada pating slurut mletik-mletik ing tengah kali.
Merga saking seneng-e oleh iwak ora krasa yen lakuku wong loro sangsaya mengulon… mengulon, lan sangsaya nyedaki wit Jrakah kang gede mbregagah ing punden-e Mbah Gending. Kesorotan sunare bulan, dadi nambahi swasana angker-e. Ora graita yen wengi sangsaya ngancik tengah wengi, katitik saka dununge bulan kang benere ing pucuking angkasa. Ujug-ujug aku krasa mak prinding, wulu githokku mengkorok merga ana suara manuk bence. Sajake suara kuwi saka wit Jrakah.
“Yan…. Atiku kok ujug-ujug rasane ora kepenak yo.” Aku bisik-bisik marang Yanuar. Atiku ketar-ketir merga saiki ngepasi ing ngisor ayang-ayange wit Jrakah.
“Alah… kuwi rak gur merga ana manuk bence kuwi mau tho?” saure sajak ayem wae, karo narik jala-ne alon-alon. Yanuar katone wes lali karo critane dhewe mau awan, merga wes kepilut dening iwak lan urang kang sajak ngiwi-ngiwi njaluk di jala.
Lan ora let suwe saka suara bence kuwi mau, banjur keprungu lamat-lamat wong nabuh gamelan… “ning… nong… ning… gonggg… ning… nong… ning.”
Atiku sangsaya ciut, apa maneh ngelingi anggonku jala saiki iki persis ing pundene Mbah Gending. Pas ing kedung sak ngisore wit Jrakah.
“Sttt… Yan, kowe apa ora krungu swara gending Yan?” aku bisik-bisik karo mepetke awakku merga keweden.
“Krungu… paling Lik karmin lagi nyetel radio. Ngrungokne wayang saka Dirgantara FM” saure karo nguncalake jala-ne.
“Wah… mokal yen kuwi radio Yan. Omahe lik Karmin adoh saka kene.” Wangsulanku was sumelang, mengko gek ditemoni karo sing baurekso yaiku Mbah Gending.
Yanuar ora semaur, merga lagi narik jala lan sajak kabotan.
“Wah… oleh iwak gede. Ewangana narik jala-ne”
Aku banjur rewa-rewa nulungi Yanuar narik jala. Pancen yo abot temenan, nek ora oleh iwak gede yo banggok barang abot ing jero kali. Alon-alon jala tak gulung wong loro, sithik baka sithik katon barang gede gilap-gilap kena sunare rembulan. Sajak-e iwak gedhe sing kesangkut ing jero jala, ketara saka sisik-e mantulake cahaya bulan.
“Wehhh…. Apa kuwi?” tembunge Yanuar jola karo ngipatake jala nalika weruh jebul sing kesangkut ing jero jala endas ula sak glugu gedhene. Aku kamitetegen sautara ing jero banyu, ora isa obah ora isa gembor, otot banyuku kaya dilolosi, sikil rasane wel-welan; meruhi ula kang ora sakbaene kuwi. Mripate mencorong kuning semu abang kaya-kaya mentelengi Aku, dhuwe cengger wernane abang kaya patrape pitik jago, ilate melet-melet, lan sing luwih gegirisi maneh…. Awake ula tak sawang semampir mlanggrang saka pucuking wit Jrakah, mluntir-mluntir ing pang, dhene ndas-e ing jero banyu ing ngarepku persis.
Sadar ing kahanan kang ora sabaene kuwi, aku banjur mlayu nututi Yanuar sing wes dhisiki mentas. Kepis kang menceb-menceb kebak iwak kodo lan urang tak kipate ngana wae, penting mlayu golek slamet timbang diuntal mentah-mentah dening ula daden-daden ingon-ingonane Mbah Gending. Tekan ngarep omah terus ambruk nglimpruk ing lincak, lemes, banjur mak pet… ora eling apa-apa, weruh-weruh wes dadi layatane wong akeh. [cuthel].

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar