Senin, 10 Januari 2011

Balada Woh Duren


[Dimuat ing Panjebar Semangat edisi 21 Januari 2012 mawa irah-irahan Nyidam Duren, idem-idem minangka hadiah ulang tahun anak wedok sing ayu lan pinter]
Mangsa rendeng ngene iki, biasane dibarengi karo mangsane wit duren lan wit rambutan pada awoh. Dadi ora mokal yen sak dalan-dalan yen wayah ngene iki, akeh kios-kios sak dhawane dalan kang pada adol woh-wohan loro kuwi, duren lan rambutan. Ing ngendi-ngendi panggonan kang dadi sentra tanduran duren lan rambutan, lan ora keri ing kutha Bandung iki. Senajan sejatine Bandung dudu sentra penghasil duren lan rambutan, ananging ing pinggir-pinggir dalan protokol ana sakwetara truk-truk kang pada dodolan duren. Kanggo nawarake dagangane dipasang tulisan gede-gede kang di tulis ing kertas karton “Durian Palembang, Manis dan Legit. Rp. 15,000-an!”, dicantolake ing sisih tengen bak truk sing madep ing ratan. Pamrihe bisa kewaca dening wong kang pada liwat, banjur kagugah atine supaya mampir lan tuku duren.
Gandane duren kang semribit duleg irung yen sak wayah-wayah pinuju liwat ing cedake gawe kolomenjing munggah mudun, bayangake nikmate mangan duren. Nanging apes, minangka mahasiswa kang dikirimi jatah pas-pasan kanggo sesasi kudu mikir pindo yen arep tuku duren. Lan kepeksa cukup ngulu idu wae.
“Wes Yus, ayoo cepetan olehe mlaku.” Pangajak-ku marang Yusi, ing sakwijine sore nalika bubar blanja ing swalayan tuku sabun, wedak, odol, lan sakpanunggale kebutuhan pokok harian.
“Kosik to An, aku isih durung taneg olehku ngganda duren jee.” Yusi malah ngrendet laku-ne karo nyunggir-nyunggirake irunge sing ora bangir kuwi. Aku jan mangkel tenan, bocah siji iki pancen gawanane cuek bebek, maklum produk Jakarta-nan, senajan dudu asli wong Jakarta. Nanging gur merga korban urbanisasi saka bapak lan ibune wae, yen asline sing sli… genah yen wong Tulungagung. Ning merga kesuwen ning ibukota, dadine yo ngono kuwi. Jawane wis rada-rada luntur kegerus modernisasi arus kutha Jakarta.
“Halah… kowe ki kok malah le ngisin-isinke waris lho.” Yusi tak glandang tangane. Ning yusi malah mberot sajak gemang tenan tak ajak alihan ngedohi truk kang amot duren. Lan ora lidok dadi guyonan wong-wong ing sak kiwa tengenku kang pinuju meruhi kedadeyan kasebut. Aku mesem kecut, karo nggeret tangane Yusi luwih rosa.
“Wes ta ayooo di guyu uwong ki lho.”
Tekan kost-kost-an wes rada repet-repet ngadepke surup, apa maneh ketambahan swasana timbreng dening mendung kang ireng geduleng ing angkasa. Banyu udan wiwit tlenik-tlenik tumiba, nalika aku karo Yusi mlebu ing plataran omah pondokan. Sak durunge mlebu omah panyawangku mbanggok ing dalan ngarepan, sak njabane pager. Ana jimmy ireng parkir rada mepet tembok benteng komplek ing sebrang dalan, sajake kuwi jeep-e mas Tri.
“Eh… eh… yus…. Yus, Kuwi po mobil-e mas Tri yo?” aku njawil pundake saka mburi. Yusi kang wes amping-amping lawang arep mlebu omah banjur mlenggak lan nguwaske pernah anggonku nudingi menyang sebrang dalan. Nudingi mobil jeep jimmy ireng kang ngedangkrang mepet tembok kuwi.
“Wah.. iyoo ketone. Asyikkk….. panen panen…. Awake dhewe bakale panen iki an.” Yusi nyengingis karo ngepuk-ngepuk pundakku.
“Hi hi…. Iyo.”
Aku lan yusi banjur runtung-runtung mlebu omah karo mesam-mesem, sinambi nyangking tas plastik putih wadah blanjan saka swalayan. Tekan njero omah sing tak jujug sak kloron dudu kamar-e dhewe-dhewe ing lantai dhuwur, nanging malah tumuju kamar ing lantai siji sisih pojok dhewe cedak karo kolam iwak. Saka poncotan lurung omah katon yen kamar sing biasane peteng kuwi, saiki katon lampune murub lan lawang kamar-e sajak ora ditutup.
“Wah sajak-e bener An. Mas Tri sing teka.” Bisik-e yusi isih karo mesem sangsaya sumringgah.



Sangsaya cedak karo kamar pojok-an kuwi, keprungu swara tivi kang lagi di setel. Sajak-e sing dhuwe kamar lagi ndeleng siaran tivi. Senajan ati rada gojag-gajeg lan harap-harap cemas, ning isih gede pangarap-arepku, muga-muga pancen bener Mas Tri sing teka, dudu wong liya. Lan aja nganti kedadeyan ngisin-isini kaya rong minggu kepungkur, dumadi maneh. Nalika semana aku lan Yusi kecelik, lan isin banget sebab merga saking pe-de ne, tanpa babibu langsung nrambul mlebu kamar kuwi karo gembor seru banget. Karep-e ngana arep ngageti Mas Tri. Ananging blaik tenan, jebul sing ndek jero kamar dudu wong sing dikarepe. Sing teka dudu Mas Tri, jebul koncone sing pinuju nyilih kamar kanggo nginep. Yen kelingan wektu kuwi jannn uisinnnnn banget lah pokok-e.
Sinau saka pengalaman kuwi, nalika Yusi mindik-mindik arep ngageti kaya pakulinan biasane ngana kae. Aku cepet-cepet menggak.
“Yus… sabar yus. Rak sah dikageti, mengko yen kecelik kaya biyen kae piye.”
“Ssssttt….. “ Yusi nempelke drijine ing lambe, aweh sasmita supaya aku ora brisik.
“Meneng-a wae… yen iki aku wani jamin satus persen sing ning njero mesti mas Tri.” Omonge karo bisik-bisik.
“Delengen kuwi. Aku niteni banget, kuwi srandal sing biasa dienggo dening Mas Tri.” Bacute aweh argumentasi. Sidane aku mung manut wae karo karepe Yusi.
“Hwaaa…… !!!! Arep pada ngapa kowe!”
Aku sak-kloron njondil, merga tanpa ora nyana-nyana babar pisan, ujug-ujug ana sing getak saka mburinan.
“Ha ha…… asemane Mas Trii….!!!” Aku lan Yusi meh bareng guyu bareng nyumurupi jebul Mas Tri wes gadeg ning mburiku, karo isih kalungan anduk, katokan cekak lan kaosan oblong. Sajak-e bubar adus.
“Wah siji kosong Yus” aku ngomantari kedadeyan kuwi.
“Iya ih…” sumaure Yusi.
“Gek saka ngendi sampeyan-sampeyan kuwi? Wayah udan-udan ngene kok isih pada seneng kluyuran wae. Sekolahmu kuwi gek ndang dirampungke, ora mejeng wae ndek mall” Mas Tri tekon semu ngundamana.
“Sapa sing mejeng ning mall mas?” Yusi sing nyauri.
“Lha kuwi pada nyangking kresek. Apa ora pada saka swalayan?” tembung-e
“Yeee… blanja kaleee…...” Giliran aku sing mangsuli panuduhe Mas tri.
“Hayah…. Blanja kuwi rak mung jalarane, tujuane apa yo blanja?” Mas tri gumuyu lekek-lekek.
“Arep oleh-oleh ora? Kuwi lho ana cemilan ing meja kamar.” Omonge sing dhuwe kamar karo ngajak mlebu aku lan yusi.
“Endi mas?” tekonku nalika wes mlebu.
“lha kuwi kerdus abang, kuwi apa.” Wangsulane karo janggut-e kang dienggo nudingi pernah barang kang dikarepake, merga tangane sak kloron isih ibut kanggo sarungan.
“Jiahhh…. Mocii maneh….” Yusi sing protes nalika meruhi oleh-oleh sing digawa jebule moci kacang, jajanan khas saka Sukabumi.
“He he…. Lha anane gur kuwi. Tur penak olehe nyangking.” Sing diprotes mangsuli ayem.
“Mosok wes dadi pegawe oleh-oleh-e yo pancettttt wae mociii…. mas.. mas. Mbok sekali-kali ki diganti apa tah apa ngana lho.” sambungku nerusake olehe protes Yusi. Mangsiya ngana moci kacang yo tetep tak rahabi karo Yusi.
“He he….” Mas Tri mung guyu gleges wae tanpa nyauri tembungku sing pungkasan.
“Mas, aku mau jiaannn uisinn banget tho?” ujug-ujug aku pengen crito kedadeyan kang ngentas wae kelakon sore iki mau.
“Lha ngapa?” saure mas Tri enteng, karo leyeh-leyeh ing jogan sinambi tetep ngawasne tivi.
“Kuwi… Yusi kuwi sing marai. Mosok pas mau liwat cedak wong adol duren ki, irunge di cungir-cungirake kae lho mas. Wes ngana oleh-e mlaku sengaja direndet-rendetake. Lha aku kan isin banget mas, wong terus pada di geguyu karo wong-wong.” Bacutku karo nglirik Yusi kang uga isih ibut mangan moci.
“Ha ha…. Ngono wae kok diwadulke barang lho.” Yusi sing rumangsa dadi udering perkara nguyu karo nyenggolke pundake marang pundakku.
“Lha wes piye maneh, arep tuku yo gak gablek duit kok.” Bacute karo mringgis.
“He he….. “ sing dicritani gur guyu maneh.
“Lha ning sisih endi tho ana wong adol duren?” pitakone.
“Yo ning kana kuwi lor-e prapatan cedak karo warung makan padang.” Wangsulanku.
“Haa…. Kok tekon-tekon ngapa mas? Arep nraktir duren tah. Asyikk…. Asyikk.. asyikk…” Yusi melu nyauri.
“Asyikk An… ana Pak boss anyaran, arep nraktir duren.” Sambunge karo nyenggoli pundakku maneh. Sing di gasaki gur mesam-mesem wae ora nyauri gunemi Yusi, malah ethok-ethok tekon jam.
“Jam piro iki?”
“Setengah pitu.” Saurku.
“Weh… wes setengah pitu. Rung magriban… wes kana dha bubar aku arep sholat sek.” Tundunge mas Tri marang Aku lan Yusi. Aku wong loro banjur ngadeg lan menyat saka kamare mas Tri, ora lali sisa moci kacang ning kerdus dicangking sisan digawa mendhuwur menyang lantai loro.

-----QAP-----
“An… Yus…” Keprungu ana sing nyeluki aku lan Yusi. Aku sing lagi leyeh-leyeh ing dipan karo maca novel banjur metu saka kamar, banjur ngungak mengisor. Jebule mas Tri sing celuk-celuk.
“Ana apa mas?”
“Mrenea muduna, Yusi endi? Wes turu yo?” aloke ora wangsuli pitakonku malah kongkonan aku mudun saka lantai loro.
“Rung ketone mas. Ana apa tho?” aku isih penasaran.
“Iki lho arep ora?” saure mas Tri karo tangane loro diangkat nyangking duren cacah papan.
“Wah… asyikkk….!!!” Aku banjur notok lawang kamare Yusi.
“Yus… yus… ayo mudun. Ana rejeki nomplok tenan dino iki.” Lan tanpa ngenteni Yusi, aku langsung mudun.
“Ayoo mas gek ndang di pecah.” Panjaluku marang mas Tri.
“Kosik tho sabar… Lha Yusi endi?” sing dhuwe duren ngosikake.
“Wes mengko lak mrene dhewe.” saurku.
“Aduh makkk…… aku iki mau ngentas wae ngimpi, kok saiki durene teko temenan.” Ujug-ujug Yusi wes ngadeg ing mburiku.
“Di pecah ning teras ngarep wae yo mas, sing panggonane rada jembar. Gen luwih nikmat olehe mangan duren.” Yusi sing awe hide supaya anggone mecah duren ing teras ngarepan.
“Ayoo lah….” Wangsulane Mas Tri karo nyangking duren-e.
“Lha arit-e endi?” tekone nalika arep mecah duren.
“Yah… mosok arit tekon karo aku mas?” saurku.
“Lha njur piye iki olehe mecah, arite wae gak ana.” Bacute mas Tri karo nyengenges.
“Sek mas…” Yusi terus ngadeg mlebu omah maneh, balik-balik wes nyangking bedog.
“Lha… iki ana bedog. Bedog-e sapa iki Yus?” tekonku marang Yusi.
“Wes rak penting iki dhuweke sapa, sing penting duren-e ndang dipecah.” Saure enteng.
Bedog banjur dicandak karo mas Tri, lan duren wiwit di pecah. Kanggo ngurangi eri-ne sing cringih-cringih tajem, duren di gepuk-gepuk nganggo lempengane bedog. Nalika dirasa wes pada pupak eri-ne banjur duren di sigar saka sisih pucuk-e. Nanging mas Tri sajake rada kangelan nalika nyukil pucuk-e duren.
“Alahh…. Kok angelmen tho.” Aloke
“Dicukil terus di sigar nganggo tangan mas, mengko kan bukak dhewe nurut dalane.” Aku aweh aba karo setengah marai mas Tri.
“Lha iyo… biasane yo ngana An. Nanging iki kok alot banget yoo….”
“Yoh coba iki jajalen. Gantian Sampeyan sing mecah.” Sambunge karo masrahke duren lan bedog marang aku. Duren tak tampani, banjur tak coba kanggo mecah. Pranyata pancen alot tenan, sajake duren-e isih rada mentah.
“Apa isih mentah yo mas Duren-e?”
“Mosok tho An, yen dideleng saka ambune katone kok wes mateng ki.” Saure mas Tri.
“Endi kene tak pecahe aku wae.” Yusi nyandak bedog lan duren sing isih tak cekeli.
Duren banjur digawa Yusi rada nyisih ing sacedake tumpukan watu taman. Lan ora nyana ora ngiro babar pisan, Duren banjur di bedog… press… press…. Kaya patrape wong mecah nangka ngana kae….
“Beres….. “ aloke Yusi karo wiwit duliti isine Duren.
Aku sak kloron kang ora ngiro kedadeyan kuwi banjur gemuyu bebarengan karo apa kang di tindakake dening Yusi.
“Cerdass…. Cerdass….” Alokku.
“Beuh…. Beuh….” Ujug-ujug Yusi gebres-gebres…. Karo nyemburake duren kang wes mlebu ing tutuk-e.
“Ngapa Yus?” tekonku
“Ki cobane dhewe…” Yusi ngulukne sigaran duren marang aku. Duren tak tampani, banjur tak dudut sak pongge langsung tak klamuti.
“Beuh….. beuh…..” ora beda karo Yusi, aku uga banjur gebres-gebres nalika ngrasakne duren kuwi.
“Duren-e kok rasane ngene yo mas… kecut-kecut piye ngana lho.” Ujarku marang mas Tri karo ngulungne duren marang dhewekne.
“Ah mosok?” wangsulane karo nyengingis lan wiwit nglamuti pongge duren.
“Weh…. Iyoo…. Rasane kok kaya peuyeum yo?” komentare Mas Tri, karepe ngarani duren kaya rasa tape tela pohung.
“Hi hi…… Njajal liyane dipecah mas.” Usulku supaya njajal mecah duren liyane, mbok menawa rasane luwih enak.
“Enak-e dipecah wae kabeh sisan yo. Gen sisan leh-e mangan.” Sing dhuwe duren mangsuli.
Duren banjur dipecah dening mas Tri, ning ora beda karo duren kang sepisanan. Duren liyane uga angel buka-bukakane, lan yo kepeksa carane Yusi kang dianggo mungkasi duren-duren kuwi. Dipecah sarana dibedog kaya patrape wong mecah nangka kae. Lan kuciwane……. Rasane kok yo ora kaya lumrahe duren ngana kae… ning iki jiannn duren special tenan. Rasane ana sing kaya rasa tela kaspe mentah…. Rasa tape…. lan rasa pelem beku… alias kecutttt banget.
“wes… wes…. Mas… mas….. Kapok aku mbok traktir duren. Mosok duren kok rasane macem-macem ngene sih…. He he….” Alokku marang mas Tri.
Eee… alah… duren kok yo werna-werna rasane. Ora sida mangan duren enak ning ati tetep seneng… merga ana pengalaman lucu lan nganyelake gara-gara nyidam D-u-r-e-n. [cuthel]

3 komentar:

  1. lucu....! apik
    salam kenal balik yo mas/kang....!

    BalasHapus
  2. wis...., koyone ketemu dulur sing pas tenan iki................

    BalasHapus
  3. Matur nuwun sampun kerso mampir....

    BalasHapus