Rabu, 02 Januari 2013

Wates Wengi Ing Kutha Bandung



Aku gragapan tangi lan golek cekelan nalika olehku turu kaya arep tiba, merga lakune bis kang dak tumpaki mobat-mobit kaya diatemake ngiwa nengen.
“Aduhh… sepurane yo Mbak.” Aku njaluk ngapura marang wong wadon ayu kang lungguh di jejerku merga tanpa sengaja tanganku nyampluk sirah-e saking olehku gragapan golek cekelan. Nanging sing tak njaluki ngapura sajak ora perduli lan malah banjur ngungkuri aku, neruske olehe turu.
Sak wis-e ngombe banyu aqua botol, aku banjur dudut hape kang sememplit ing sak tas rangsel. Tak pencet tombol sak kenane pamrihe supaya lampune murub lan aku bisa ndeleng jam ing layar hape-ku. Wektu nuduhake jam loro kurang seprapat. Hape banjur dak dlesepake maneh ing panggonan sekawit ing tas rangselku.
Arep neruske turu maneh, sajak kagol lan ora bisa merem maneh. Wengi iki swasana kok kaya tintrim banget, kahanan ing kiwa tengen peteng ndedet. Apa maneh udan ora ana leren-lerene kawit bis Kramat Jati kang dak tumpaki iki mangkat saka terminal Terboyo Semarang. Sajak-e saiki lagi tekan Cadas Pangeran, layak kok lakune bis montang-manting ngiwa nengen wong pancen dalan-e kang menggak-menggok. Sopir bis kudu konsentrasi lan trengginas, merga dalan ing sisih kiwa jurang kang jero-ne puluhan meter, dene ing sisih tengen-e tebing kang dhuwur banget kathik kahanane peteng ndedet merga lampu-lampu penerangan jalan-e pada mati.
“Yen saiki wes tekan Cadas Pangeran, paling ora sak jam engkas wes mlebu kutha Bandung. Kok dingaren rikat temen bis iki jam loro wes tekan kene” Mengkono pangira-iraku dhewe ing njero batin.
Tak lirik wong wadon ayu kang lungguh ing jejerku, sajak kepenak banget anggon-e turu. Lan penumpang liyane kang cacah-e gur udakara wong sepuluhan, uga  pada kepenak anggone kegubet ing njero alam impen-e dhewe-dhewe. Malah-malah kernet-e uga keturon ngorok senggar-senggur ing kursi cedak lawang ngarep. Mung aku lan sopir bis wae sing sajak-e keri ora kathut ngeremake mripat.
Selimut werna oranye tak tarik kanggo nutupi awakku sing krasa anyem. Tak coba bola-bali kanggo ngeremake mripat, nanging panggah ora bisa anggonku arep mbaleni turu. Pikiranku malah banjur kelingan marang impen kang ngentas wae gawe aku tangi mau. Ing impenku mau, aku kaya-kaya dibujung-bujung dening pawongan kang nganggo klambi jubah ireng dhawa. Merga saking wedi-ku aku banjur mlayu separan-paran, lan merga kurang prayitna aku nganti meh tiba kejungkel ing kalenan. Untung-e aku isih kober gondelan….. lan ya kuwi mau aku jebule meh tiba saka kursi.
Ora krasa bis kang dak tumpaki wes wiwit mlebu kutha Bandung.
“Cibiru…. Cibiru….. dul tangia kae penumpange digugah ana sing mudun cibiru ora!” sopir bis aba yen bis wes wiwit mlebu Cibiru lan prentah marang kernet-e supaya tangi lan ngandani penumpang bis.
Kernet banjur ngadeg lan mlaku ing gang antarane kursi penumpang saka ngarep memburi
“Ayoo yang turun Cibiru… Ujungberung… siap-siap.”
“Turun mana mas?” pitakone nalika liwat ing sacedakku.
“Mudun ning Ambon wae aku.” Saurku.
Lega rasane, nalika bis wiwit mlebu ing dalan Ambon. Sak wise ngudunke sakwetara penumpang ing terminal Cihampelas lan ing Gedung Telkom Japati, cedak karo lapangan Gasibu. Tak deleng jam isih nuduhake angka telu kurang seprapat sithik, ateges bener pangira-iraku mau. Sakuntara kuwi kahanan ing njaba kana isih udan najan wes ora patiya deres maneh. Suara thatit lan gumebyar-e kilat kala-kala isih ana. Sajak wenehi pertanda yen udan isih durung bakal leren, lan malah-malah bisa uga udan-e sangsaya deres.
“Yaa…. Bandung habis-habis…!!!” Kernet bis aweh sasmita yen bis Kramat Jati kang dak tumpaki wes tekan ing agen pusat dalan Ambon.
Aku banjur menyat saka anggonku lungguh, lan ringkes-ringkes gawanku. Tas rangsel dak gendong ing geger, dene tas kresek isi jajan tak cangking banjur wiwit mudun sak njero bis. Ora lali pamitan karo wong wedok ayu kang sajak isih ibut nata rambut-e.
“Duluan Mbak.”
“Oh iya….” Sauté cekak rada ora cetha anggone semaur merga lambene lagi dienggo geget kain kuncir rambute.
“Waduhhh….. “ grenengku.
Kok yo tiwas kebeneran, pas arep mudun saka tlundakan lawang bis kang pungkasan udan kok ujug-ujug disunthak-e maneh saka langit. Lan mak pet… lampu kok yo  ujug-ujug mati njalari swasana dadi peteng. Untung-e lampu bis isih diurubne dadi ora patiya peteng ndedet. Aku banjur mencolot saka nduwur bis menyang emperan. Lumayan rada teles sithik kecipratan banyu udan.
Jiannn….. wengi iki sajak-e dadi wengi kang ora ngepenakake kanggoku. Biasane taksi akeh pating crenuk, nunggoni penumpang ing plataran parkir. Lha saiki kok blass…. Resik sik! Aku dadi mangu-mangu, kepiye olehku bali menyang kost-kost-an ing daerah Dayeuhkolot kana. Yah mene apa yo wes ana angkot sing wes narik penumpang, apa maneh udan-e kaya ngene deres-e.
Kalah cacak menang cacak. Akhire tak putusake arep tak tekad wae, sapa ngerti ing cedak taman lalu lintas Ade Irma kidul kana kae wes ana angkot, lan sapa ngerti saiki taksine pada pindah ngetem ana kana merga ngenteni tamu kang pada nginep ing hotel Hyatt. Untung-e mau kok digawani karo ibu payung barang. Ah wong tuwa kuwi pancen luwih pratitis tinimbang awak-awak ngene iki.
Payung banjur tak garne, lan terus wiwit mlipir-mlipir mlaku tumuju taman lalu lintas. Kanggo ngirit laku, aku sengaja liwat dalan sidatan kang ana ing sak njerone taman Maluku. Senajan kahanane peteng ndedet merga listrik mati ditambahi kahanan ing jero taman kang ditanduri wit-witan gede-gede tinggalan jaman landa. Nanging kahanan dadi rada suda nalika kadang kala thatit ing angkasa madangi, byarr… byarrr banjur disusul swara gluduk.
Olehku mlaku rada tak gawe rikat nalika ngliwati pas ing sak ngarepe Patung Pastor H. C. Vebraakk, SJ. Patung kang wus ngadeg wiwit taun 1919 ing pojokkan taman Maluku kaya-kaya dadi tukang tunggune taman kang ndak liwati iki. Aku dadi rada miris lan ana rasa wedi, kelingan jare patung kuwi kadang kala sok mudun karepe dhewe.
“Amitt… amit Pak pastur… kula tumut liwat mriki nggih.” Aku guneman dhewe jaluk palilah saka sing mbaurekso. Ujaring kandha, nek dlilalah liwat ing panggonan-panggonan kang wingit; becik-e uluk salam apa njalaluk palilah marang bangsa tan kasat mata sing mbaurekso panggonan sing diliwati.
Ati-ku rada deg-deg-an sak jane, lan rada ana rasa gelo kok mau ndadak liwat dalan iki. Ning barang wis kadung, arep kepriye maneh. Patung ireng saka perunggu kuwi, dak lirik pancen katon medeni. Banyu udan kang mili ing sakkujure awak-e sansaya tambah gawe mriding, apa maneh nalika kena pantulan cahya thatit.
Nalika panyawangku durung ganep olehku ngingerake mengarep, dumadakan ana kang nyauri.
“Iyaa nakk… hati-hati ya kalau lewat sini.”
“bledarrrr……….. “ dibarengi gumbyare thatit lan swara bledek kang mecah swasana sepi. Sak nalika aku dadi wel-welan…. Kaget! Ujug-ujug patung perunggu kuwi mudun saka panggonan karo nyangking sirah-e mlaku ngetutne aku. Sak nalika, payung tak buwak ngono wae… semana uga jajan kang dak cangking tak unjalne brung mbuh kana ra idep. aku terus mlayu sipat kuping. Nganti nabrak-nabrak tanduran pasren ing njero taman.
Ambeganku krenggosan, lan awakku teles kabeh merga kudanan. Karo cekelan cagak listrik ing sak ngarepe SMA 5 Bandung, aku leren dhisik nata ambegan. Banyu akua botol tak dudut saka tas rangsel, banjur tak ombe. Lumayan ati-ku rada dadi temata. Aku bola-bali noleh memburi, kanggo mestikake yen patung nyaking sirah mau wes ora ngetutne aku maneh.
“Aduhhh Gustii…. Tobatt… nyuwun ngapura Gusti….”
Udan isih durung leren, malah sangsaya deres. Awakku wes teles kebes kabeh. Gek durung ana angkot kang liwat, semana uga taksi uga ora ana. Aku isih lenger-lenger karo lenden cagak listrik. Dumadakan ana tangan kang nyekel pundakku saka mburi. Aku jondilll….. saknalika.
“Setannnn…….” Tanpa noleh aku langsung mlayu. Merga saking wediku lan saka kesusu-susu aku nganti tiba kesandung watu.
“Mas… iki aku. Sing mau lungguh jejer ning njero bis.” Ujare karo marani lan nulungi aku.
“Ah… atiku rada lega. Jebulane dudu dhemit kuntilanak, nanging wong wadon ayu sing barengan ning njero bis mau.”
“Sepurane mas, gawe kagetmu. Mau tak sawang sampeyan kok mlayu-mlayu kaya keweden. Banjur tak tututi arep takjak bareng. Wong aku yo wedi yen mlaku dhewe, gek isih bengi ngene.” Tembunge ngecipris ora entek-entek.
Aku mung he-ah he-eh wae ora nyauri lan yo ora patiya gathekne omongane, merga isih ibut ngelus-ngelus dengkulku sing ngilu merga tiba ngantem aspal ngentas wae.
“Wes ayoo mas numpak angkot kae wae.” Pangajake karo ngeret tanganku tumuju angkot sing parkir ing ngarep gerbang taman lalu lintas. Aku mung manut kaya kebo dikeluh, ning ing batin aku isih kober ngangen-angen
“Aneh… kok ujug-ujug ana angkot mandeg ndek kana. Padahal kawit mau aku ora ngerti kemliwere angkot kang liwat, kudune yen ana sing liwat mesti aku kliwatan wong iki dalan searah… Ahh… wes bah-bah kana. Penting saiki ana angkot sing bakal ngeterne aku mulih nyang kos-kosan.”
Aku wong loro banjur munggah angkot ing sisih mburi. Lampune rada bleret, wong pancen mung dop cilik paling gur pirang watt. Ora let sedela angkot banjur mlaku, penumpange mung aku wong loro ditambah karo sopir-e. Nanging aneh-e angkot sing dak tumpaki kok ora menggok ngiwa tumuju ing arah Kebun Kapala, ning malah muter nengen mbalik tumuju ing arah jalan Riau.
“Kok lewat sini Pak?” pitakonku marang sopir.
“Iyaa….” Saure cekak. Sauntara kuwi wong wedok ayu mung mesem nalika tak sawang, lan ora ana tanda-tanda arep protes apa kepriye. Sidane aku yo mung meneng wae.
Hawane sangsaya adem lan tintrim. Angin semribit kang lumebu kecampuran cipratan-cipratan banyu udan sangsaya gawe adem lan kekes. Sauntara ing njaba kana udane wiwit suda, najan durung terang temenan.Thatit uga isih pating gebyar sinaut suarane gludug. Lakune angkot tleser-tleser kepenak, sak dalan-dalan ora mondak-mandek merga ora ana penumpang kang nyegat. Alon-alon mripatku dadi krasa arip ngantuk. Lagi enak-enak-e liyer-liyer arep keturon dumadakan angkot-e mandek ndadag….
Aku sing lagi liyer-liyer kaantepake mengarep njeduk kursi sopir, merga olehku lungguh pancen persis ing sak mburine sopir.
“Ana apa Pak?” pitakonku karo ngulatke menjaba. Sajak iki pas ing ngarep taman Pramuka ing dalan Riau. Sopir kang dak takoni ora semaur, gur… ah uh ah uh karo tuding-tuding mengarep. Aku banjur ngulatke mengarep, mripatiku tak kucek-kucek sajak rada ora percaya, merga persis ing ngarep angkot jejer-jejer pasukan kavaleri nunggang jaran kang gede-gede.
Sak piro kaget-e aku nalika tak waspadakne jebul para serdadu tentara kavaleri kuwi tanpa sirah kabeh…. Aku njawil-njawil sopir tak akon gek ndak mlaku. Krasa yen tak jawil sopir angkot banjur menggo memburi…
“Whaaa…… “ aku sangsaya moplok wel-welan merga sopir-e ora dhuwe rai, alias rata kabeh raine. Aku merem dipet depipis ing njero angkot pasrah apa wae kang bakal kedaden karop nutupi rai nganggo epek-epek tanganku. Luwih-luwih bareng tak ijen saka walike epek-epekku, wong wedok ayu mau uga salin rupa dadi nini-nini tuwa kang nguyu lekeh-lekeh ing sisih pojok angkot ngatonake untune kang pating cringgih ngesess-ngesess kaya ula kobra, lambene abang iler-e dleweran mambu arus getih.
---- QAP ----
Ngono kuwi mau pengalamanku biyen nalika mulih saka ndesa, lan kewengen tekane ing kutha Bandung iki. Yen panjenengan sedaya pinuju tindak Bandung lan pengen nyekseni dhewe pengalamanku kuwi, golekana aku kang saiki seneng lelungguhan ing sak ngisore wit ringin ing taman balai kota. Mengko bakal tak terake muter-muter kutha Bandung ing wanci wengi. Golekana wong kang katon nglengeng lan kadang pendirangan karep-e dhewe, ya kuwi aku. Sumangga, tak enteni tekane ing watesing wengi kutha Bandung. Suwun.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar