Kamis, 29 Agustus 2013

Kembang Api

Warti lagi judeg. Amerga ditakoni wae dening Ardi, anak-e lanang ontang-anting kang lagi umur udakara limang taunan kuwi.
“Mak, Bapak sesuk yen bakda bakal teka yo Mak?”
“Iya le… Bapak suk mben teka.” Wangsulane kepeksa goroh kanggo ngayem-ayemi atine Ardi.
“Asyikkk…. Aku suk malem bakda iso dolanan kembang api karo Bapak, kaya Mbak Ade karo Mas Riyan yo Mak?” tembunge sajak seneng banget, bayangne; ndah neya seneng-e atine mengko iso dolanan kembang api karo Bapak-e, kaya sedulur-sedulur misanane yen angger wayah bakda idul fitri mesti pada ketunggonan dening wong tuwane sowang-sowang.
Warti ora wangsulan, mung manthuk karo ngunjukne katok kolor-e Ardi sing rada mlorod. Banjur ngarasi pipine Ardi sing pating plenthu kaya bakpao kuwi. Mripate mbrabak mbrebes mili, atine keranta-ranta merga ora ngerti apa sing lanang bakal bali tilik anak bojone maneh apa ora.
Biyen patang tahun kepungkur, sing lanang minggat saka ngomah merga ditundung dening mertuwane lanang, yo bapak-e Warti. Nalika semana Ardi isih umur sangang sasinan. Wartono sing rumangsa ketonyok atine merga diunek-unekake dening mertuwane lanang banjur minggat ninggal anak ninggal bojo, lunga mbuh menyang endhi juntrunge ora ana sing weruh, lan ora nate kirim-kirim kabar engga saiki.
“Wong lanang kok mung klular-klulur, saben dina gaweyan mung mangan-turu-mangan-turu wae! Anak bojo rak diopeni, sembarang dengah kari nyadong. Mbok macul-macul apa resik-resik kebon kana rak yo iso. Ngertiya yen biyen kowe mung arep dadi panji klantung, Sarjana rak gableg gaweyan! Rak bakal Warti tak wenehne kowe! Rak sembada karo umuk-mu biyen, jarene anak-e wong sugih blegedhu,anak pejabat, kajen kerinan. Preett… Endhi buktine?! Dapurmu rak gableg apa-apa, anak bojo ben dino sing nyandangi sing makani kok isih aku! Malah kowe barang yo melu mangan ngising gur trima nunut! Rai-mu rai gedeg, rak dhuwe isin! Wes kana minggata wae, timbang nyepet-nyepeti mataku!”
Di uring-uring kaya mengkana, Wartono banjur ringkes-ringkes sandangane. Banjur lunga minggat mbuh ning ngendi parane. Ora maelu karo Warti sing nangis mingseg-mingseg karo gendolan tangane.
“Kang… aku melu. Aku melu kowe!”  tangise karo lenden gawangan kori omah nalika Wartono nyegat colt ing pinggir ratan.
“Wes menenga kowe War! Nek arep melu dadi kere tretekan turut-turut dalan yo kana melua minggat sisan. Lanangan kaya mengkana dapurane wae mbok gendoli barang. Biyen wes tak tuturi rena-rena rak tau mbok gugu omonganku. Nek manut karo karepe Buapak-a-mu iki, biyen rak kowe wes dirabi karo lurah Karno. Uripmu mulya kajen kerinan!” Warti malah katut oleh srengen saka Bapak-ne.
Tinimbang ndedawa perkara, Warti banjur pilih mlebu kamar baleni nyusoni anak-e lanang. Senajan atine isih sedih ditinggal sing lanang, eluhe pating dlewer nelesi bantal. Atine disabar-sabarake lan ditatag-tatagne kanggo ngadepi dina-dina sak-banjure.
Lan ora krasa, gilir gumantine wektu sing muyer seser kaya kitiran iki. Saiki wes ganep telung pasa telung bakda, Wartono ora bali-bali ngêndhangi dhewekne; kaya lagu dangdut Bang Toyib-e Ade Irma, sing ‘… tiga kali lebaran tiga kali puasa abang nggak pulang-pulang…’ Warti kaya dielingne maneh dening pitakon saka anak-e lanang “Mak, Bapak sesuk yen bakda bakal teka yo Mak?” pitakonan lumrah ning kaya ngungrah-ngungrah rasa pangrasa ing atine kang wes meh kesirep lan kegiles dening puteraning wektu kang lumaku.
Ning watak kaya Warti kuwi patut diacungi jempol, ora gur jempol siji wae. Jempol loro patut diacungake, nek perlu jempol papat karo jempol sikil sisan. Senajan dhuwe rupa ayu, lan kathik awak yo isih sedet padet ora kalah karo prawan-prawan ning ndesane, nanging atine ora banjur goreh pengen golek gantine Wartono. Senajan sak-umpama gelema, sing antri ora ana entek-entek-e. Wiwit saka Lurah, Carik, lan Kamituwa gelem yen mung ngrabi Warti. Durung sing Duda Kamdi sing juragan Sapi, lan uga nom-noman PNS lan Guru-guru sing pada makarya ing sak kiwa tengen desane Warti. Kabeh padha antri, arep ngrabi Warti. Ning atine Warti ora sulap dening kuwi kabeh, isih tetep nganti-anti baline Wartono, guru lakine sing banget ditresnani kuwi.
“Mak… Bapak tekane kapan?” Pitakone Ardi nalika Warti lagi ibut nguleg bumbu opor kanggo kanca  kupat lan lontong sesuk esuk.
“Iki aku diwenehi Pak dhe kaos karo kathok Mak. Ana gambare mobil sedan. Apik yo Mak?”
“Di paringi” ujar-e Warti mbasakake anak-e.
“Eh iyoo di paring Pak Dhe.”
“Iyoo apik banget. Kana disinggahne njero lemari, gen ora reged.” Ujare.
Ning sing dikongkon ora banjur sumingkir, malah neruske kojah-e.
“Aku mau yo digawakne Kembang Api karo Mbak Ade. Ning Aku emoh Mak, kan mengko digawakne karo Bapak yo Mak.. yo..”
“Heekh ehk… wes kana dolanan karo Mbak Ade lan Mas Riyan dhisik. Emak tak ngrampungne gawe masakan kanggo sesuk.”
“Iyoo Mak.” Ardi banjur mlayu nyusul sedulur-sedulur misanane kang lagi pada teka saka Jakarta lan Surabaya. Ninggali Warti sing wiwit ibut ngelapi mripat-e kang wiwit kekembeng banyu eluh, ora merga kena uwab brambang sing lagi dirajang, ning merga kena uwab saka njero atine sing kerajang-rajang, trenyuh nyawang anak-e sing tansah ngarep-ngarep tekane Bapak-e.
“Ah… kok yo kebangeten to Gusti nasib awak niki. Dhuwe bojo wae kok yo ninggal anak ninggal bojo nyah mana-nyah mene ora tau ana kabar-e babar pisan. Ah… coba biyen aku manut karo kandane Bapak, apa yo bakal kelakon nasibku kaya ngene iki.” Pangresulane ing jero atine.
“Lhoo kenapa Dek, kok nangis.” Tanpa kinawruhan dening Warti, ujug-ujug Mbakyune ipe wes ngadeg ing sanding-e.
“Eh… Mbak Yun. Mboten-mboten napa kok Mbak. Niki napa kenging uwab brambang.” Tembunge goroh karo ngelapi mripate nganggo lengen kaos-e.
“Oalah…. Nganggo nggeget korek jress Dek. Jarene iso ngilangi perih ing mata.”
“Ah… napa nggih tho Mbak.”
“He he…. Jarene. Wes kene tak ewangi.”
Wong loro banjur lungguh ngadepi tampah wadah brambang lan baskom cilik isi banyu kanggo wadah brambang sing wes dikoceki.
 “Anu.. sapa? Bapak-e Ardi sesuk sida teka mrene yo Dek? Mau kok Ardi crita jare sesuk arep dolanan Mbang Api karo Bapak-e.” Mbakyune ipe bukani rembug sinambi uwal-uwil ngoceki brambang. Ali-ali lan gelang emas-e pating clorot kena sorot srengenge sing mlipir-mlipir nembus liwat bolongan-bolongan gentheng sing kurang rapet.
Warti sumendhal atine.  “Ah… duka nggih Mbak. Niku lak kula naming ngayem-ayemi Ardi kemawon. “
“Oh… alah. Sepurane yo dek, tak kira nek pancen iya teka temenan aku melu seneng.” Tembunge api-api. Warti meneng wae.
“Ma.. ma.. ayo main ke pantai.. ayoo ma.. wes ditunggu karo Papa diluar.” 
“Bentar, mama gek bantu Bulik Warti masak ngene lho.”
“Sampun Mbak ditilar mawon mboten napa-napa. Kersane kula rampungne tiyambak.”  Tembunge Warti nalika Mbakyune ipe digeret-geret dening anak-anak-e arep diajak mlaku-mlaku.
“Eh… alah arek-arek iki. Wong gek kangen-kangenan karo Bulik Warti kok ya diganggu wae. Tak tinggal dhisik yo Dek… wes jan bocah-bocah.”
“Nggih mboten napa-napa Mbakyu…” Warti mesem banjur neruske anggone ngoceki brambang.
--- QAP ---
Bubar buka pasa ing dina pungkasan, kabeh anak putu-ne Mbah Sarman pada kumpul ing ruang tamu. Kabeh pada gayeng crita ngalor ngidul, sinambi ngrahabi pacitan lan wedang. Suara takbiran wiwit kepungru saut-sautan saka langgar lan mesjid ing sak kiwa tengene desa. Nanging Warti ora melu awor kumpul karo sedulur-sedulur-e kuwi, dhewekne malah ribut korah-korah ing pawon.
Ardi sing sakawit dholanan karo sedulur-sedulur misanane banjur memburi goleki Simbokne. Mbuh apa sing ana ing pikirane bocah sak-mana kuwi. Mbok menawa dhewekne wiwit mikir yo gene kabeh pada kumpul lan guyon ing ngarepan, kok Simbokne malah ora katon.
“Mak… Mak… Mak kenapa kok malah ana kene?”
Warti ora semaur, mung ngulatke anak-e lanang sak keplasan. Banjur nerusake anggone korah-korah piring lan gelas sisa ajang mangan buka wong sak omah mau.
“Ayooo Mak… Ayoo ing ngarepan wae. Lungguh ngarepan karo ngenteni Bapak Mak.” Ardi wiwit ngrengek-ngrengek karo gondeli pundak-e. Atine Warti suwe-suwe ora mentala karo anak-e lanang kuwi.
“Yoo nggo sek. Emak tak ngrampungne isah-isah sek yo cah bagus.” Wangsulane karo mesem nyawang anak-e.
“Wes kana, emak dienteni ing ngarepan. Mengko disusul yen wes rampung.”

Bubar korah-korah, Warti netepi janji-ne. Nyusul Ardi sing lagi pada dolanan ing ngarep omah karo nonton pawai takbiran. Ning anggone nyusul mlipir lewat iringan omah, sengaja nyimpangi sing lagi pada jagongan ing ruang tamu. Atine ora kuat nyawang kabeh sedulur-sedulure sing dikanteni dening anak bojone, sedeng dhewekne mung saderma ijen karo anak-e lanang. Gek sak suwene iki mung dadi sanggan-e wong tuwa. Rasane jiann ora kuwat temenan. Isin, wirang, lan mbuh kepiye maneh rasane campur wor suh ing njero atine.
Tekan ngarep omah, Warti banjur lungguh lincak ing ngisor wit nangka. Sengaja milih lungguh ing kana, merga sak liyane isa ngawasne bocah-bocah uga panggonane rada nyisih lan kaling-kalingan ayang-ayang godong wit nangka. Yen kanggone sing ora kulina, ora ngira yen ana wong sing lagi lungguh ing panggonan kuwi. Ning ora kanggone Ardi, senajan kanca-kancane ora graita yen ana sing ngawasne. Ardi wes pana yen Emak-e lagi lungguh ing lincak ngisor wit nangka kuwi, sebab merga ing papan kuwi saben-saben Ardi karo Emak-e tansah lungguh ngenteni Bapak-e teka.
Wengi sang saya dalu, bocah-bocah sing pada dolanan siji mbaka siji wiwit pada ngantuk lan mapan turu. Semana uga Ardi uga banjur nyusul Emak-e ing ngisor wit nangka.
“Wes ngantuk cah bagus?” pitakone Warti nalika Ardi wis cedak karo panggonane lungguh.
“Iyo Mak.” Saure karo ngapyuk.
“Bobok kamar yoo… “ Warti ngrangkul anak-e banjur dibopong diunggahne ing pangkone sinambi diarasi pipine.
“Emoh… Aku arep ngenteni Bapak sik.”
Atine dadi ngendelong maneh, krunggu wangsulane Ardi. Rumangsane anak-e lanang wes keslimur, jebul ora. Bocah lanang cilik kuwi isih ngarep-arep tekane Bapak-e kaya sing dikandhakake dening Warti. Ah… rasa dosa ngebaki dadane, dosa wis kumawani goroh marang anak-e lanang sing banget ditresnani kuwi. Lan rasa kuwi ora isa diampet maneh saknalika tangis-e ambrol.
“Mak… nyang apa emak kok nangis Mak?”
“Ora.. ora apa-apa le.”
“Emak sedih yo Bapak kok durung teka-teka. Aku yo sedih Mak… nyang ngapa Bapak kok suwiii… gak mrene-mrene.”
Tangise Warti sangsaya mingseg-mingseg. Sakwetara kuwi takbiran ing Mesjid wiwit diganti dening swara takbir saka kaset. Pertanda yen wengine wis ngancik wayah tengah wengi, paling ora saiki wes jam sepuluh punjul. Ardi sing wiwit liyer-liyer ing pangkone Warti banjur digendong, digawa mlebu omah.
Esuk umun-umun kabeh wong sak omah wes pada umyeg, tata siap-siap kanggo soal ied. Ana sing ribut ngedusi anak-anak-e, ana sing ngeneng-eneng anake sing nangis merga isih ngantuk lan wegah tangi. Semana uga Warti uga wes ribut adang lan ngangeti olah-olahan kanggo sogatan mangan mengko nek pada bali saka sholat ied.
Rampung anggone cepak-cepak ing meja dahar, Warti banjur nggugah anake lanang
“Le, cah bagus. Tangi yoo… pakpung terus menyang mesjid.” Alon anggone nggugah karo ngelus-elus gegere supaya bocahe ora kaget.
Sing digugah banjur kruget-kruget, ngolet, banjur ngelek-e mripate.
“Bapak wes teka Mak?”
Warti unjal abegan landung, “Durung Le… isih ning ndalan, kena macet ing dalan mbok menawa. Wes pakpung wae sek yo.”
Wong loro banjur klunuh-klunuh, runtung-runtung metu saka kamar banjur adus ing padusan mburi omah.
Bubar sungkem-sungkeman, lan ngapura ing apuranan. Keluargane Warti banjur kembul bojana andra wina, ngrahabi sogatan lan masakan sing mirasa. Ana lontong opor, kupat, trancam kacang lan sak panunggale. Nalika lagi nedeng-nedenge pada mangan rame-rame, katon ing latar ngarep ana sedan Honda jazz ireng tleser-tleser mlebu karangan omah.
“Lho kae sapa yo, ana tamu teka.” Aloke Mbah Prawira sing weruh dhisik dhewe anane tamu sing teka.
Sak wis-e markir sedan ing panggonan kang eyub, sing nunggang sedan banjur mudun karo nyangking tas kresek lan rangsel ing pundak-e. Sajak-e priya umur-umuran udakara telung puluhan, nganggo kaca mata ireng, kaosan oblong werna biru, clana jeans. Rambute rada gondrong rada awut-awutan.
“Kula nuwun. Assalamualaikum.”
“Walaikum salam, sinten nggih?” Warti nyelehake piring isi lontong kang lagi arep dicori duduh lontong, terus bagekake tamu kasebut.
Tamu kasebut nyelehake gawane ing jogan, banjur mbukak kacamatane, tangane di daplangake karo ngumbah esem-e marang Warti.
“Masya Allah…. Kang Warta…..” Warti gapyuk sing lanang banjur nangis sesengukan ing dadane sing lanang kang banjur ngruket sing lanang lan diarasi bola-bali tanpa wigah-wigih lan lali yen lagi dadi tontongan wong sak omah.
“Iyooo iki aku wong ayu….”
“Ardi… Ardi endi? Le… Ardi.. Ardi iki Bapak. Bapakmu teka le..” Warti nyeluki anak-e lanang. Ardi mara sajak wedi-wedi lan bingung nyawang wong lanang rambut gondrong sing digandeng dening Emak-e.
“Ardi… Iki Bapak Nak. Sepurane Bapak yoo suwee ora tau tilik kowe lan Ibumu.” Ujare Wartono karo ngrangkul anak-e lanang. Bocah kuwi banjur digendong lan diajak metu mengarep jupuk oleh-oleh kang ditinggal ing jogan tritisan omah.
--- QAP --
Wengi kuwi kaya-kaya ora ana wong sing bungah-e ngungkuli bungahe Ardi, Warti lan Wartono. Wong telu pada gegojegan ing sak ngisore wit nangka. Ardi ora leren-leren anggone nyumed Kembang Api kang digawakne dening Bapak-e. Wengi kuwi dadi wengi sing paling endah banget kanggone Ardi [Cuthel].

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar