Selasa, 09 Juni 2009

Rencek-rencek Kayu Jati


Mantri darmo ngadek njegrek nyawang kahanan alas jati wana keling kang wus entek mung kari ninggal tunggak-tunggak garing ing kana kene. Kacamata ireng dibukak, banjur dudut sapu tangan saka sak clana werno soklat kanggo ngelapi kringet kang mruntus nelese batuke. Mripate nrocos kembeng-kembeng sajak trenyuh nyawang kahanan alas jati kang biyen dadi tanggungane nalika isih dines dadi jaga wana ing blok XI wana keling. Sepuluh taun kepungkur sak durunge pindah dadi mantri alas ing puncak wangi.
Biyen alas jati kuwi dikebaki dening wit-wit jati kang umure ngancik puluhan nganti atusan taun. Alas kang ketel lan sugih dening sato iwen, kang uga kena kanggo ngadang ilining banyu udan saengga kali ing sak ngisore alas kae ora tau kasatan kaya kang dumadi saiki.
Biyen warga sak kiwa tengene alas, tansah oleh pengayoman saka alas kang aweh hasil bumi lan asil alas kang kena dijagake kanggo cagak kebutuhan saben dinane. Kok ora dadi cagak urip piye? Wong biyen sak durunge alas jati kuwi dibabat entek kaya saiki, saben dinane akeh warga padesan kang pada golek godong jati, golek rencek kayu jati, lan uga diidini dening mandor darmo wektu semana kanggo ngolah lemah sak ngisore wit-wit jati kanti tumpang sari. Biyen warga iso nandur jagung, kacang-kacangan, lan uga pari gaga ing sela-selane wit-wit jati. Ning saiki? Resik…. Kabeh resik…. Lemah-lemah dadi cengkar. Yen awan hawane panas nyelet kulit. Sato iwen kabeh bubar mbuh menyang endi parane.
Kabeh mau merga saka tumindak kang srakah, ora nganggo tatanan, lan mburu kasenengan pribadi sowang-sowang. Aji mumpung kang dadi piandele. Mumpung ana kesempatan, mumpung ora ana sing diwedeni, mumpung hukum adil lagi kelangan jaya kawijayan. Wong-wong kang brangasan, kang kemrungsung dening banda donya banjur lali. Lali marang tatanan urip kang sak mestine disuyudi saben dinane. Wit-wit jati kang dadi cagak alas wana keling di tegori esuk sore awan bengi, gede cilik kabeh di gereti metu saka alas siji baka siji. Blandong kayu kang seneng gumuyu, oleh bati akeh tanpa kudu polah akeh-akeh. Wong-wong kang tumindak culika tanpa wates sajak seneng banget oleh duit sak tumpuk-tumpuk kanti cara yang batil, lan ora ngelingi dina-dina ing tembe mburine.
Saiki lagi dirasakne akibat saka tumindak serakah ing wektu-wektu kepungkur. Kabeh-kabeh sambat, kabeh-kabeh ngresah lan ngresula merga alas wis ora kena dijagake kanggo jagan-jagan kebutuhan saben dinane.
“Biyen nalika alase isih ketel, yen pinuju ana gawe ngene iki awak dhewe gur cukup sangu pethel lan tambang saba nyang alas golek rencek kayu jati. Wes mesti duit 30 ewu kecekel tangan lan sesuk kena kanggo jagong manten.” Sabate sak wenehe pawongan kang lagi padha cangkruk ing gubuk pinggir desa.
“Iyo, biyen biyunge bocah-bocah sok pada golek godong jati. Kena di dol ning pasar lan oleh duit cukup kanggo tuku uyah, trasi, lan teri garing kanggo imbuh-imbuh bumbu pawon.” Saure wong liyane.
Kuwi biyen, biyen lelakon sepuluh tahun kepungkur. Lelakon jaman alas jati wana keling isih ijo royo-royo kanti gegodongan kang ngrembyung ngeyupi warga ing sak kiwa tengene. Durung maneh yen pinuju ana tebangan, sithik akeh warga uga kecipratan rejeki. Mbuh iku minangka kuli angkut apa oleh rencek pang-pang jati kang ora kanggo.
Kasengsaran ora mung dialami dening warga sak kiwa tengene alas, malah kepara-para para pengusaha lan perusahaan mebel lan ukiran uga kena imbas saka pokal gawe kang nasak aturan mau. Coba deleng, wes piro wae pabrik-pabrik mebel kang kukut merga kekurangan bahan baku kanggo gawe kursi, meja, dipan, lemari, lan sak panunggale kang jagake kayu-kayu jati minangka bahan dasare. Yen pabrik-pabrik pada tutup, ateges akeh uga uwong-uwong kang uga kelangan dalan urip. Akibate akeh ekonomi keluarga kang dadi kocar-kacir. Arep golek pakaryan liyane ora kuwawa amarga yo mung saka babakan ngolah kayu kuwi keahlian kang di dhuweni. Bisa wae gawe barang saka kayu-kayu liyane kejaba saka jati, nanging dadine kurang apik lan ora payu didol. Apa ora malah tobat, wes kangelan nyambut gawe, paribasan ilang banda ilang tenaga lan wektu ning hasile mung kesel lan rasa mangkel.
Mantri darmo, jumangkah mudun saka anggone ngadek ing galengan pinggir dalan. Kalenan cilik kang kasatan banyu dilumpati. Ninggalake tapak sepatu boot ing suket-suket garing sak pinggire kalenan. Kacamata irenge dipasang maneh, kanggo ngaling-ngalingi mripate kang sulap dening sorote srengene kang tanpa tedeng aling-aling manasi lemah-lemah cengkar tilas alas jati biyen. Jumangkah tumuju pawongan cacah telu kang katone lagi duduki bonggol-bonggol kayu jati.
“Lho sampeyan kang? Gek ngapa kuwi?” sapane mantri darmo marang pawongan-pawongan kuwi.
“Genah le lagi dangir bongkol jati ngene lho. Wes ngreti dhewe leren tekon.” Sauté salah siji pawongan kanti senggol marang mantri darmo.
Pranyata pawongan kuwi wes diapali banget dening mantri darmo, pawongan-pawongan kuwi biyen tilas komplotan bromocorah alap-alap kayu jati kang tansah ganggu gawe ing blok XI wana keling. Prasasat saben wayah lingsir wengi tansah glibetan ngubengi alas jati golek lenane jaga wana, yen rumangsa aman banjur dag-dog-dag-dog negori wit-wit jati sak karepe dhewe. Saka rumangsane wit-wit jati kuwi warisane mbah buyute, saenggo kanti penak kepenak ditegori.
“Dasar wong ra kena dipek emane, wes bola-bali mlebu bui ora kapok-kapok anggone ngrusak alas. Wong srakah kang ora urus temenan wong-wong iki, biyen negori kayu saiki bareng kayune entek, bonggol-bonggol jati sing ganti dicongkeli.” grenenge mantri darmo ing batin.
“Kang sampeyan nek isih iso tak eman. Sampeyan lerena kang, timbang sampeyan mengko dadi tumbale alas kene. Mumpung isih iso tak elikne, wes mandegka anggonmu pada ngrusak alas.” Tembunge mantri darmo kanti sareh supaya wong-wong kuwi ora kenyonyok atine lan banjur pada emosi. Pamrihe kecekel iwake ning aja nganti butek banyune.
“Mangertiya yo kang, warga sak kiwa tengene alas kene saikine wes padha sadar marang kaluputane kang melu ombaking jaman tanpa mikir dhawa. Warga wes pada sarujuk arep brasta blandong-blandong kayu jati kang wus ngrusak alas. Poma dipoma yen nganti ketemu wong sing ngrusak alas, entenge arep digawe cacat abote arep diuntabake ing alam kelanggengan. Kuwi kang tak rungu dhewe saka warga sing tak pethuki sak durunge aku mrene mau.” Ujare mantri darmo bacutake anggone elik-elik.
“Heh… darmo. Dapurmu ora usah kakean cangkem. Biyen kowe iso uwal saka pucuking kapak iki, nyawamu isih iso nyandet ing ragamu nganti dino iki; merga aku isih dhuwe rasa welas marang bocah bagus kaya kowe kuwi.” Sauté pawongan kang dedeg piadege gede dhuwur, brengos lan brewoke ngetapel ing raine kang abang mangar-mangar kebrongot panase srengene lan ucapane mantri darmo, karo ngadeg lan ngacung-ngacungke kapak kang gigire mingis-mingis.
“Nggih mangga kersa kang, kula mung sak derma ngelikake sampeyan-sampeyan niku. Alas niki sampun boten tanggeljawab kula. Ning ati kula kedodog kangge ngelike merga ngeman marang dika sedaya lan ugi alas jati ingkang sampun rusak kados mekaten.” Saure mantri darmo kanti tatag lan waspada. Jaga-jaga mbok menawa ana kedadeyan kang ora ngepenaki lan ngancam jiwane.
“Wes ora usah kakean cangkem maneh….. nyoh iki kanggo nyumpel lambemu!” pawongan kuwi wes ora iso ngendalekne nafsune, mbabitake kapak ing tangan ngener ing perangan sirahe mantri darmo. Untunge mantri darmo ora ilang ing kapitayan, isih iso ngendani pangamuke pawongan kasebut. Meruhi kahanan kaya mangkono mau, pawongan loro liyane banjur leren anggone njugili lemah banjur ngadek siap-siap arep melu ngroyok mantri darmo.
Lusut saka pangancame kapak kang nyaut sirahe, mantri darmo banjur mundur sak pecak jaga jarak karo wong-wong kang saiki wes pada siyaga ngroyok dhewekne. Kabeh pada nyekel gegaman arupa kapak lan linggis wesi kang siap kanggo ngoncatake nyawane. Kahanan dadi sangsaya ora ngenah, pawongan telu kuwi wes bener-bener kebrongot atine lan mantri darmo amung dhewekan ngadepi wong-wong kuwi tanpa cekelan apa-apa.
Ujug-ujug tanpa dinyana-nyana salah sawijine pawongan kang nyekeli linggis, nlorong ragane mantri darmo nganggo linggis kang sakkawit di cekeli. Mantri darmo kaget lan mlumpat ngiwa, eman anggone ngendani kurang trengginas saengga lengene isih kesrempet pucuk linggis lan tiba klumah. Klambine suwek lan getih seger mili dlewer ing lengene.
“Wes kowe saiki arep bangga piye maneh mo.. darmo. Dino iki sido tak pungkasi nyawamu.” Serune lantak wong gede dhuwur mau, karo jumangkah nyedaki mantri darmo kang kelaran, ngeses-ngeses, karo nyekeli lengene kang gudras getih.
Kanti mripat kang murub lan praupan abang, persis kaya ajag kang siap nyatek mangsane. Pawongan kuwi ngangkat kapake dhuwur-dhuwur arep dianggo bacok sirahe mantri darmo. Mantri darmo anane mung merem dipet karo donga marang Gusti Allah muga-muga padang dalane, yen pranyata pancen dino kuwi lan detik kuwi nyawane kudu dipungkasi.
“Nika pak…. Nika pak… tiyange sami teng ngrika.” Durung nganti ketekan anggone mbabitake kapake kesusu tekane warga desa kang gemrudug nglarag pawongan telu kasebut. Wurung anggone mateni mantri darmo, wong-wong kasebut pilih mlayu ngendani warga kang cacahe puluhan mau. Warga terus bujung playune pawongan telu kasebut ing ngendi wae parane. Merga saking bingung lan wedine, pawongan kang dadi tetuwane gromblolan alap-alap kayu jati kasebut, kesrimpet recek kayu jati kang malang ngadangi dalan playune, batuke pecah ditampani dening tunggak jati ing sakngarepe. Nyawane oncat rasa ragane saknalika iku uga, sido dadi tumbale alas jati wana keling.
Sauntara iku ing sisih liya panggonan, katon simbah-simbah sepuh kang lagi mlaku ngliwati dalan sak pecak karo ngendong rencek-rencek kayu jati karo ngidung layung-layung. Kidung kang gawe getering ati kang ngrungokne. Wes puluhan taun anggone seneng golek rencek kayu jati, wiwit jaman isih prawan mula saben dinane golek rencek kayu jati ing alas wana keling. Ning saiki rencek-rencek kuwi ora kaya biyen maneh. Rencek-rencek kuwi mung kari rencek-rencek jati kang mung kena diugemi ning ora kena diopeni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar