Rabu, 12 Mei 2010

I Can’t Live With or Without You

Selasa bengi tanggal 6 April 2010, aku nonton pameran lukisan kartun kang nampilake asil karyane duo kartunis Indonesia paling terkenal, sapa maneh yen dudu Benny Rachmadi lan Muhammad Misrad ing gedung Bentara Budaya, Kota baru Yogyakarta.
Tinimbang nganggur ngetekur ing omah kontrakan, nunggoni tivi karo menyeti remote control sing pating pecotot ora nggenah lan kakeyan iklan, lowung tak enggo mlaku-mlaku golek sesawangan liyane kanggo ngengar-ngengar ati sepi. Urip ijen ing umur kang itungane wes kadaluwarsa kanggo ukurane wanita kaya aku iki rasane sarwa ora kepenak. Yen sore bubar ngantor ora ana kegiatan kang bisa dicandak rasane sepa. Biyen ora patiya tak rasakne, ning suwe-suwe kok yo dadi ati. Meri karo konco-konco kantor sing wes pada omah-omah lan momong anak, saben esuk ana crito sing werna-werna bab keluarga lan anak-anake. Ana sing crito gek padu ro sing lanang, ribut ro anake sing yen ngluyur gak itung wayah, utawa crito sing guyokake saka anake sing isih cilik-cilik. Kaya wingi kae, Mbak Sari crito anake wedok sing gek sekolah playgroup ngene iki :
“Anakku wedok lho jeng, guyokake tenan. Mosok wingi tak tekoni ning sekolah diwulang apa sama bunda? Dijawab Assholatu imadudin – Sholat itu tiang agama. Lha aku kan terus ngomong ngene ‘Yen ngono Mbak ita kudu sregep sholat ya.’ Lha kok malah disauri ngene iki – ‘Emoh Bu, kesel yen aku kudu sholat terus. Mundak dadi tiang agama, kesel Bu.’ Aku guyu mekekelen, karepe ngono gak gelem dadi cagak, dipadakne karo cagak omah wae.”
Wong sak ruang banjur pada guyu rame krungu critane Mbak Sari kuwi, Bu darmi banjur genten crito :
“Wow… lha kuwi rak pada karo anakku lanang bu, tau tak nyanyike lagu kelinciku terus dhekne ki mlumpat-mlupat niru kelinci. Bareng syaire tekan – berlompatan sepanjang hari – kok olehe joged trus mandeg mak jêgrêg. Banjur ngomong ngene iki ‘Bu, yen berlompatan sepanjang hari kesel aku lak-an.’”
Sepisan maneh wong sak ruangan pada guyu gêr-gêran dene aku mung mesem kecut, apes dadi prawan tuwa. Arep crito, apa sing arep tak critakne, arep melu guyu rame mengko dikiro sok tahu wong durung omah-omah apa yo tau ngrasakne sing kaya ngono kuwi, mundak di isin-isin.
Lagi enak-enak jinglengi lukisan kartun sing lucu-lucu, kang akeh-akehe isine kritik politik kang kadang keladuk pedes kanggo sing dikritik. Ujug-ujug pudakku krasa ana sing nyablek saka mburinan. Aku jondil kaget, nanging aku ora langsung nyawang pawongan kang nyablek pundakku; kuatir yen sing nyablek kuwi termasuk komplotan tukang apus-apus nganggo cara gendam kaya critone konco-koncoku. Jare komplotan ‘tepuk pundak’ kuwi sering oprasi ing Malioboro, lha Bentara Budaya iki kan ora patiya adoh karo Malioboro. Aku ethok-ethok ora krasa lan terus ndelengi lukisan-lukisan kang di pajang karo alon-alon mlaku nyisih ngedohi wong kang nyablek aku.
Nanging sajake wong nyalawadi kuwi baleni sepisan maneh olehe nyablek pundakku, tapi sepisan iki karo nyapa aku.
“Dek… Dek Rina. Sek sombonge cah, disapa gak gelem noleh.”
Sek.. sek… yen saiki iki aku kudu deleng sapa sejati wong kuwi. Kok keladuk men olehe kurang ajar, wes wani nyablek ping pindo katik saiki wani nyeluk jenengku barang. E lha dalah…. Peda goreng sambel trasi, jebule sing nyablek aku priyo bagus, alise kandel brengose tipis eseme pait madu. Lha yen iki terang gawe jomblak temenan, sak umpama ora lagi ing kerameyan kaya ngene iki utawa sak umpama aku ora duwe rasa isin mesti wis tak gapyuk wani. Ning eling-eling wong aku iki mung sak derma prawan tuwa, aku mung trima mesem karo aruh-aruh wae. Arep gapyuk jelas rak wani, mundak dikiro prawan tuwa gatêlên, saru! Ngisin-isine wae.
“Oh… Jênêngan tho mas jebule.”
“He eh… lha mbok kiro sapa?” saure sinambi guyu lan ngulukake tangane ngajak salaman.
“Tak kiro anggota komplotan hipnotis saka Malioboro mas. Dhewekan tah mas?” Jawabku karo nampani tangane.
“Iyoo….. “ saure cekak.
“Kok ora karo ibune bocah-bocah?” sambungku.
“Ora. Wah lukisan iki lucu tenan yo.” Tembunge karo jejeri olehku ngadeg karo deleng lukisan kang gambarake kritik marang anggota DPR sing lagi konangan ngupil ing sidang paripurna.
“Lha sampeyan dhewe?” pitakone.
“Genah lagi dêlêng lukisan ngene lho.” Saurku sak kecekele.
“Karepku iki, dhewekan apa karo sapa? Wes ngerti aku yen gek dêlêng lukisan.”
“Yo genah dhewekan…., lha emange arep karo sapa to mas. Wong genah sing dianti-anti malah ngilang golêk senenge dhewe ngono lho ya….” Aku nyauri karo mencep.
Sing disauri tak lirik mung gumuyu gleges, sajak krasa yen tak sindir.
“He he… yo ora ngana lah dek.” Saure
“Ora kleru mas…. “ pedhotku.
“Dek, bubar iki arep ana acara ning endi maneh?” pitakone kanggo buang suasana sing ujug-ujug dadi kepiye ngono.
“Ana.” Aku nyauri cekak karo mlipir deleng lukisan cecak lagi cakar-cakaran karo bajul, lan ethok-ethok ora pati perduli karo dhewekne.
“Oh… acara apa nek aku oleh ngerti?” bacute.
“Acara nonton tivi ndek omah.” Aku nyauri karo gumuyu wes gak betah ngempet maneh karo sandiwaraku. Jroning ati aku yo mesakne ro Mas Ridwan iki, karepe arep ngajak gojekan kaya biyen maneh. Ning dadi salah tingkah merga olehku jawab tak gawe rada sengol lan serius.
“Halah… gur nonton tivi wae lho. Ayoo melu aku saiki….. “ muni ngono karo nyandak tanganku lan digeret dijak metu saka gedung Bentara Budaya. Anehe aku kok yo mung manut wae, wes ora kelingan maneh karo crito hipnotis-hipnotisan. Sing jelas aku pancen wes kena gendam, gendam asmara sing biyen nate ngrenggani atiku.
Wengi kuwi Aku sidane dijak mlaku-mlaku mubeng Yogya karo Mas Ridwan, ngubengi jaman-jaman endah kang biyen nate tak ronce bebarengan karo dhewekne. Nalika isih pada-pada kuliah mbangun impen ing awang-awang, nganti pungkasane Mas Ridwan ngilang saka impen kuwi. Lan ujug-ujug ora ana udan ora ana angin aku nampa kabar yen Mas Ridwan wes omah-omah karo wong liyo. Remuk rasane atiku rikala semana, samubarang sarwa dadi burem, impen-impen endah uga melu surem. Ning suwening suwe, aku iso nglimpe lan nglalekake impen kuwi, ananging aku tetep ora iso ngilangake Mas Ridwan saka jero atiku sing paling jeruuuu. Wes wong lanang pira wae sing kudu mulih nglantung merga tresnane tak tolak, dudu merga aku sombong utawa kumalungkung utawa sok setia. Ning aku emoh natoni atine wong-wong kang nyoba nyedaki aku mau, merga yo kuwi mau. Mas Ridwan wis kadung cumondok ing telenging atiku, senajan aku wes dikhianati. Wes ben aku dicap wong bodho lan olok-olok liyane, aku ora perduli! Wong jeneng wes kadung tresna mati arep kepriye maneh.
Wiwit saka sapatemon ing Bentara Budaya wengi kuwi, sesambunganku karo Mas Ridwan sajak tambah anget wae. Lan sing jelas kabeh iki ora ana sing ngerti kejaba aku lan Mas Ridwan, hubungan rahasia, kejaba salah siji kanca sinara wadiku kang nunggal gaweyan. Mas ridwan asring ngajak dahar awan ing restoran, apa kadang kala yen bali ngantor mampir dolan ning omah sedelo karo gawa-gawa jajanan sing dadi karemanku.
Nganti nuli ing sawijining sore Mas Ridwan ngajak aku metu, mlaku-mlaku ing jalan solo golek angin sore jarene.
“Mlaku-mlaku nyang jalan solo yuk dek, golek angin sore karo wedangan ing warung sego kucing.” Ngono pangajake karo lungguh ing kursi karet ing teras ngarepan.
“Halah mas, mosok warung sego kucing sih.” Aku mesem nyauri karo lunggu ing kursi sandinge.
“He he… aku gek kangen mlaku-mlaku karo sliramu kaya biyen. Gelem yo? Dilit wae kok.” Ucape lirih karo nyawang aku tajem banget. Aku mung meneng wae nalika panyawange Mas Ridwan tepuk karo panyawangku. Sunar mripat kang cemlorot sajak dadi daya hipnotis kang nuwuhke rasa beda, kaya kesirep ajian halimun aku alon-alon nutup netraku, lan lathine Mas ridwan alon-alon sangsaya nyedak marang lathi-ku. Jantungku dadi geter sangsaya kenceng, angete hawa kang metu saka irunge Mas Ridwan tak rasa sangsaya cedak.
“Yen ngono aku tak salin sek yo mas.” Aku mangsuli pangajake karo setengah nyurung dadane Mas Ridwan alus. Mas Ridwan sajak tumungkul amarga gagal anggone ngarasi aku.
“Iyo… “ saure ampang karo nyawang aku ngadeg saperlu salin sandangan.
Sore kuwi aku, wong loro mlaku-mlaku nikmati suasana jalan Solo ing kuta Yogya nganti meh magrib. Kaya rencana sekawit, aku lan dhewekne sido ngicipi wedang jahe lan jajanan kang di dasarke ing warung sego kucing ngarep U2 sing biyen dadi langgananku wong loro.
Bubar mlaku-mlaku, Mas Ridwan bali ngeterke aku menyang omah karo sisan jupuk sepeda motore kang ditinggal ing latar ngiringan omah sing tak kontrak. Tekan enggon ora langsung bali, nanging malah lungguhan maneh ing teras.
“Gak langsung balik tah mas?” pitakonku.
“Mengko ah jam nyah mene dalane isih rame. Wayahe wong pada bali mulih.” Jawabe.
“Dek…. “ sambunge alon sajak arep ana rembug wigati, ning ana rasa mangu-mangu arep ngomong.
“Ya.. aku isih ndek kene kok.” Aku nyauri ayem wae karo guyon.
“Anu… “ ngomongke, terus meneng sedela unjal ambeg-an; banjur neruske anggone omong.
“Ning sak durunge yen kowe gak setuju, aja njur nesu karo aku yo.”
“Emang arep omong apa seh mas. Kok nganggo setuju-setujuan barang.”
“Tenan lho yo aja nesu lan banjur nyirik aku. Janji.” Ujare sakteruse karo nyawang aku lan ngangkat tangane, aku mantuk ngiyani karo mesem lan bales panyawange.
“Anu… sak umpama. Iki sak umpamane lan yen kowe sarujuk. Piye mungguhna aku omah-omah maneh, yen menurutmu piye?.” Bacute.
“Halah… mas… mas… wong arep ngomong yen pengen dhuwe bojo maneh wae kok ndadak ngomong sing mbulet-mbulet. Tur jenengan ki kok aneh, kudune sing mbok tekoni kaya ngono kuwi kan bojone jenengan, dudu aku.” Aku nyauri karo mesem lan nyablek meja nganggo epek-epek tanganku alon.
“Ning eling ora, biyen jenengan nate omong yen anti karo sing arane poligami. Eling ora?” tembungku melehne.
“Iyoo…. Aku isih eling.” Jawabe.
“Lha sing arep wanita sing arep dipek bojo maneh wes ana rung mas?” aku nyoba nlesih luweh jero karo kekarepane Mas Ridwan sing tak pikir ora sakbaene dhuwe kekarepan kang kaya mengkana mau, sebab aku ngerti banget karo sifat sing sejatine.
“Ana… Sliramu dek. Dek Rina Setyowati sing saiki ana ing ngarepku. Mula saka kuwi aku njaluk lelimbanganmu. Piye?” saure manteb.
Aku jomblak kaget nalika krungu wangsulane kuwi. Aku nyawang dhewekne kanggo mestekne yen apa sing tak rungokne ngentas wae kuwi pancen nyata-nyata saka lathine. Mas Ridwan mesem karo mantuk lan kedep tesmak nyawang aku sajak dhuwe pengarep-arep supaya aku sarujuk karo kekarepane kuwi. Nganti sak wetara wektu aku ora bisa omong apa-apa, aku isih shock, kaget, lan bingung kudu omong apa. Mripatku kembeng-kembeng, lan siji baka siji dlewer metu saka tlapukan mripat nelesi pipiku.
.....................................................................................

Pripun crito sak lajengipun? Punapa Rina kersa nglimbangi kekarepane Ridwan?, punapa suwalike? Rina bakal nolak kabeh sedyane Ridwan. Sumonggo dipun entosi kalajenganipun criyos punika menawi sampun kapacak wonten ing Majalah Panjebar Semangat. Suwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar