Kamis, 27 Mei 2010

JEGEG

Crito Misteri iki kapacak ing Majalah PS edisi No. 22/29 Mei 2010.

Jaman sing wes maju kaya saiki, kang sakkabehi wes sarwa elektronik isih ana wae kedadeyan-kedadeyan kang ora tinemu nalar. Kaya kedadeyan kang dak alami dhewe watara sasi kepungkur nalika pinuju mudik ing omahe wong tuwaku, karo bojo lan anakku loro. Sing barep umur limang taunan, dene adine isih umur udakara patang sasinan.
Omah kang dipanggoni dening wong tuwaku, pancen kapernah ing pinggiran kuta. Sisih mburi omah ana kali gede, lan ing sabrang kali kuburan umum kang dikebaki dening wit-wit barongan pring petung kang rungkut lan katon singup. Saben wayah bengi manuk daradasih muni ngaluk-aluk gawe suasana tambah sangsaya tintrim.
Ing sawijine surup ngadepake bubar magrib nalika suasana wes mulai repet-repet peteng, bapak lan ibuku ujug-ujug pada ribut mlayu menyang buri omah. Tumuju ing papan pemeyan kang biasane kanggo mepe klambi. Aku kang nalika semana lagi wudhlu melu-melu mlayu menyang buri omah nuntuti simbahe bocah-bocah.
“Wonten napa Pak?” aku nyoba takon marang Bapak kang lagi dremimil maca donga. Dene ibu katon lagi ibut ngentas popoke anakku kang mau sore dikumbahi dening sisihanku.
“Kuwi ana Jegeg.” Bapak mangsuli cekak, karo isih neruske olehe donga.
“Jegeg?” pitakonku maneh karo mlaku tumuju pemeyan sak perlu ngrewangi ibu ngentas popoke anakku, ana rasa kuatir lan was-was ing jero atiku. Mbuh merga saka keweden apa saka kagawa rasa kagetku nalika Bapak lan ibu pada mlayu mau.
“Jegeg kuwi napa to Bu?” aku isih penasaran karo barang apa kewan siji kuwi, lan saiki nyoba takon maneh karo ibuku sinambi ngewangi ngentas pemeyan.
“Kuwi bangsa alus kang seneng gelek mangsa bayi kanggo pakane.” Ibu nyoba njlentrehake marang aku.
“Lha ibu kok pirsa nek wonten Jegeg ajeng mriki?” tekonku maneh.
“Apa kowe mau ora krungu suara Weg.. weg.. kurrr….. weg.. weg… kurr….” Ibu malah ganti takon marang aku.
“Nggih miring wau.” Jawabku.
“Lha yo kuwi mertandani yen ana Jegeg.” Ngrenenge ibu.

Bubar mangan bengi, wong sak omah pada kumpul ing ruang tamu. Bapak mangku anakku sing gede, dene ibu ngendong anakku bayi karo pinarak ing dhuwur amben dijejeri karo bojoku. Aku lungguh ing kursi jejer Bapak, karo nyomak-nyamuk ngemil kacang godog aku nyoba nlesih perkara jegeg. Aku isih penasaran karo barang siji kuwi.
“Jegeg niku rupane kados napa to Pak?” aku bukani rembug.
“Mbuh aku dhewe yo durung tau meruhi dhewe.” Saure bapak karo mripate ngulate menjaba. Karo ngelus-ngelus sirahe anakku kang ana pangkone, bapak banjur bacutake ukarane.
“Ning biyen nalika aku isih cilik, tau mrangguli ana bocah bayi mati merga dipangan jegeg. Nalika semana wengi watara jam loro bengi aku ujug-ujug nglilir saka anggonku turu. Bengi kuwi tak rasakna kaya sepi banget, angin wae ora sumilir senajan wengi kuwi padang bulan. Nalika arep balik ngeremke mripat, bapak krungu suara kaya mau surup. Weg… weg… kurr…. Weg.. weg… kurr…. Ngono kuwi ambal-ambalan. Bapak banjur nyoba ngincen saka bolongan gedeg kamar, wektu semana wong isih cilik dadi yo durung wani metu saka ngomah yen wayah bengi. Tur ya jaman semana ora kaya jaman saiki lampu wes pating klencar, omah isih arang-arang lan jarake rada adoh antara siji lan sijine.”
Bapak mandeg anggone crita, nyandak cangkir isi wedang jahe di sruput sajak nikmat banget.
“Lajeng dospundi Pak?” aku ora sranta ngrungokake bacute crita.
“Bareng tak inceng, kahanan ing njaba omah ora ana apa-apa. Ning suara jegeg mau isih keprungu, saka rumangsaku suara mau sangsaya ngetan… sangsaya ngetan… tumuju ing pernah omahe mbah karni saikine.”
“Mbah karni, simbahe ratno Pak?” aku nyelani
“Iyoo… “ saure Bapak.
“Ah.. bapak ki nyela-nyela critane Mbah kakung wae.” Anakku protes, jebule pada melu ngrungokne critane Bapakku. Aku gur mesem karo nyaut kacang godog maneh.
“Lha ora watara suwe, ujug-ujug ana bayangan mak bleber kaya bangsa iber-iberan terus mlangkring ing pager wetan omah. Persis ing ngarep panggonanku ngincen saka bolongan gedeg sentong. Bentuke kewan mau kaya manuk merak ning, wulune abang semu ireng ana cenggere kaya pitik jago, ning anehe kewan mau murub kaya geni. Kewan mau banjur kluruk…. Cekekerrrr……. Kaya kluruke jago kate ngono kae. Bubar kluruk trus ilang mak lap ngono wae. Bapak banjur kluruban sarung merga saking wedine.” Ngono bapak mungkasi anggone crita.
“Lha trus…??” aku isih penasaran.
“Yo kuwi, esuke ana kabar yen anakke ragil Mbah Karni mati ndadak. Kulit mlepuh abang-abang kaya kulit kesiram banyu panas. Jare wong-wong dipangan jegeg, mbok menawa yo jegeg sing tak weruhi bengi kuwi.” Wangsulane.
“O.. berarti jegeg niku kados manuk ngoten niku nggih Pak.” Aku nyoba gawe kesimpulan.
“Dudu… kuwi dudu jegeg-e. Sing diweruhi dening Bapakmu kuwi sing anggon Jegeg.” ibu malah sing nyauri kesimpulanku mau.
Karo nyawang ibu, aku banjur nanjakake “Lajeng jegegipun piyambak wujud-e kados napa?”
“Jarene uwong-uwong sing tau mrangguli, jegeg kuwi wujud-e endase kaya ndas kucing ning awake kaya kirik. Ilate melet dhawa klembreh lemah, wernane abang malat-malat kaya geni. Mripate mlolo mencorong.” Ngono ibuku olehe wenehi gambaran wujud-e jegeg.
“Mau kok tujune aku lan bapakmu age-age mlayu ngentasi popoke anakmu, saumpama telat sithik mau, gek kepriye.. putu sing bagus iki.” Ibuku matur ngana karo ngambungi anakku sing cilik.
“Lha napa wau pun cedak napa Pak?”
“Genah mau pas Bapak bukak lawang pawon karo maca Al-fatekah jegegke langsung pada mlayu ngulon urut pinggir kali, apa kowe ra weruh? Mulane sesuk-sesuk maneh aja mepe popok bayi ana njaba maneh” wangsulane ibuku semu maido marang aku lan sisihanku. Aku mung meneng wae karo isih ngletisi kacang godog, setengah percaya - setengah ora percaya marang critane bapak lan ibuku kuwi.
-------$$$------
Esuk kuwi aku sanja menyang omahe Dhakir, konco dolanan nalika isih cilik biyen. Konco anggon kebo lan golek welut ing sawah. Dhakir wes misuwur minangka bocah kang kendel lan ora dhuwe wedi. Papan gawat keliwat-liwat, yen kanggone Dhakir malah kaya panggonan dolanan kang paling nyenengake. Ora gumun wong bocahe pancen senengane tirakat ing papan-papan wingit. Mula saiki bareng tuwa yo dhuweni keahlian sithik-sithik ing babagan alaming lelembut.
Olehku dolan ing omahe Dhakir, sakliyane kepengin ketemu kanca lawas uga ngemu karep liya. Yaiku arep ngajak Dhakir golek sisik melik perkara kewan Jegeg kang wingi arep mangsa anakku.
“Kir… kowe po tau ngerti Jegeg?” aku takon marang Dhakir sakwise cerita ngalor kidul lan kabar kinabaran.
“Tau krungu… ning rung tau kepethuk karo barange.” Saure. “Oh iyo malah lagi wingi magrib nalika liwat ngarep omah bubar saka jamaah, aku krungu suara jegeg baung.” Omonge sakbanjure.
“Lha yo kuwi Kir, jare wong tuwaku bangsa lelembut kuwi lagi ngincer anakku.” Sautku.
“Mula saka kuwi aku ki mrene, sepisan arep silaturahmi. Ping pindone arep ngajak kowe nyekel jegeg kuwi. Kowe kan ahline yen perkara bangsa-bangsa kasat mata ngene iki Kir.” Sambungku.
“he he… “ Dhakir guyu gleges.
“Piye Kir, kok malah guyu.” Sambungku maneh.
“Lha terus karepmu piye?” Dhakir mangsuli.
“Ngene Kir, piye yen saumpama Jegeg kuwi di jebak. Dijebak kanthi cara dipasangi popok bayi, trus disanggong wong loro. Mengko yen Jegegke njedhul banjur cekelen. Mengko aku tak siapke kamera infrared barang kanggo njupuk gambare wewujudan Jegeg kuwi mau. Piye Kir, setuju po ora?” mengkono anggonku jlentrehake rencanaku marang Dhakir kanti semangat merga aku penasaran banget karo jegeg.
“Hmmm yoo… lek ngana telung dina engkas rencanamu kuwi diwujudne. Aku tak nyiapake umbarampe kanggo ngala Jegege.” Wangsulane karo manggut-manggut.
“Kok leren ngenteni telung dino to Kir? Po ra isa mengko bengi apa sesuk bengi wae?” aku kurang setuju yen kudu ngenteni telung dina maneh kanggo nglaksanakake rencanaku mau.
“Mbok pikir gawean kaya ngana kuwi ora perlu disyarati barang po?” Dhakir nyauri karo nyawang tajem marang aku.
“Oh… ngana ya.?” Aku tumungkul.
“Tur maneh bangsa alus kuwi yo pinter, wingi wes conangan ora bakalan balik maneh ing wektu cedak-cedak iki. Paling ora golek lenane sing arep dimangsa.” Sambunge maneh.
“Yoh… yoh… aku manut wae karo kowe Kir. Lek ngana aku saiki tak balik sek yo” aku mungkasi rembug karo Dhakir sisan pamitan mulih merga tak kira wes cukup anggonku rembugkan karo Dhakir.

Ing dina katelu sesuai karo rancangan sakkawit, aku lan Dhakir sore kuwi wiwit tata-tata ubarampe kanggo wujudake rancangan nyekel jegeg. Slendang bayi, kembang boreh lan minyak telon dicawisake dening Dhakir. Aku nyiapake kamera infraredku lan popoke anakku kang isih teles kanggo pancingan. Ubarampe kang pungkasan iki sakjane gawe tida-tida ing njero atiku, sebab yen nganti si jegeg kedarung dilat popoke anakku bakal kejoderan tenan aku. Ning merga kuwi syarat utamane, mula tak tatagke atiku.
“Tenang wae, kowe rak sah kuatir yen nganti popoke anakmu di dilat jegeg. Mengko popok kuwi bakale tak ‘pageri’ “ ngono pratelane Dhakir sajak ngerti apa kang dadi pikiranku.
Bubar magrib Aku lan Dhakir wiwit basang kala kanggo jebak jegeg, panggonan kang dipilih ana ing tegalane Dhakir kang rada mencil, lan tiwas kebeneran tegalane Dhakir manggon mepet karo pakuburan umum.
Popok bayi wes disampirke ing dhuwur tali kang dibentang ing antarane wit mlinjo karo wit nangka, ngisore dipasangi slendang bayi kang pucuk-pucuke ditaleni nganggo tali lawe, kembang boreh lan minyak telon banjur disok ing dhuwure lendang mau.
“Iki mengko nek jegeg-e pas ing dhuwur slendang iki, awake dhewe kudu enggal-enggal narik tali lawe iki, saengga si jegeg bakal kebuntel ing jero lendang lan gumatung ing pang nangka sisih kene iki.” Dhakir njletrehake teknis kanggo nyekel jegeg.
Sak wise kabeh dipasang, Aku karo Dhakir banjur singidan ing gubug kang jarake watara sepuluh meteran saka papan gasangan. Dhakir nyandak tali lawe kang nyambung marang slendang calon jaringe jegeg. Dhene aku nyiapake kamera infrared kanggo jupuk gambar jegeg.
Sak jam…. Rong jam…. Telung jam… durung ana tanda-tanda yen jegeg bakal metu. Suasana wengi sangsaya mamring, cahaya bulan cukup kanggo madangi kahanan ing kiwa tengenku. Kanggo buang sepi lan rasa bosen aku karo Dhakir tansah guneman klesak-klesik wong loro.
Watara jam rolas benginan, ana suara manuk daradasih muni saka arah wit randu alas ing tengah kuburan. Suasana malih dadi tintrim lan kekes, Dhakir ujug-ujug nyenggol lengenku lan aweh sasmita supaya aku wiwit waspada maneh. Saka waliki bolongan gubug katon wit barongan pring ing pinggir kuburan obah-obah kemrosak. Tanpa dingerteni saka ngendi parane ujug-ujug ing sisih kulone gasangan ana kewan kaya manuk merak werna abang semu ireng mencorong kaya geni kang miber mubeng-mubeng karo wuni Weg… weg… kurrr… Weg… weg.. kurrr….
“Kir… kir… kae kir jegegke teka.” Aku omong lirih marang Dhakir karo wel-welan saking wedine nyumurupi manuk kang ora sakbaene kuwi.
“Tenang… tenang. Kuwi lagi sing anggon sing teka. Suarane kuwi undang-undang marang jegege. Rak sah wedi awake dhewe menungsa kang ditakdirke luwih unggul tinimbang bangsa alus kuwi.” Dhakir ngarih-arih aku.
Temenan ora sakwetara suwe ana wewujudan kang gegirisi banget metu saka walike grumbul ing pinggir tegalan saka arah kuburan. Wewujudan mau persis karo apa sing dicritakake dening ibuku, kewan setengah kucing setengah asu, ilate melet-melet abang, mripate mlolo mencorong, ning anehe mlakune ora mbrangkang kaya lumrahe kucing apa asu. Nanging mlaku ngadeg kaya menungsa.
Jegeg kuwi setengah mlayu marani popok kang wis dicawisake mau, nalika wes arep ngranggeh popok kuwi, Dhakir age-age narik tali lawene kang disambungake marang slendang ing sak ngisore jegeg saiki iki. Jegeg kegubet ing slendang bayi gumatung ing pang wit nangka kaya rancangan sakawit. Polahe ora karu-karuan karo gereng-gereng pengen uwal saka gubetan slendang, anehe suara gerengane malah kaya suarane wong ngeden. Dene manuk kang dadi tukang anggone ribut suaran sang saya rame Weg… weg.. kurrr…. Weg.. weg kurr… karo blebar-bleber nabraki tali. Merga saka kuwate anggone polah tali lawe kang dianggo naleni pedhot. Jegege ucul banjur tangi cekekal lan mlaku marani gubug kang tak enggoni sigidan wong loro. Mripate katon mencorong tajem banget, ilate melet-melet, ilere pating dlewer netes lan tetesane murub kaya geni kembang tetes. Kedadean sakbanjure aku wes ora ngerti, aku semamput ora eling apa-apa merga saka saking wedine.
Weruh-weruh aku wes ana omahe Dhakir, ditunggoni karo Dhakir lan bojone. Bareng sadar aku diombeni banyu putih, popok lan kameraku gumletak ing sandingku.
“Wes aman. Popoke anakmu uga aman saka jegeg.” Omonge Dhakir karo nyawang aku [cuthel].

4 komentar: