Senin, 20 September 2010

Eviana

Wengi iki hawanê sumuk banget, yen wong sunda ngarani haredang. Najan aku urip ing kuta pesisir ing iring kulone gunung Muria akêh sithik aku yo ngerti basa sunda. Maklum kumpulanku mendring tukang kredit barang prabotan omah kang akêh-akêhê asale saka Tasikmalaya, Jawa barat. Ora kok merga aku seneng kredit termos apa panci utawa wajan aluminium, ananging kebeneran tangga kiwa tengenku ing perumahan Mulyaharjo Indah iki ana siji loro kang dadi tukang mendring.
Najan hawanê sumuk, ananging ing jaba kana langit sedela-sedela katon byar-byar dening thathit kang kala-kala sumusul suara gluduk ngebaki angkasa. Mbok bener ngendikane simbah-simbah biyen, biasane yen arep udan deres hawanê malah dadi sumuk kaya diungkepi. Amarga wes ora kuwat ngrasakne hawa kang sumuk, ditambahi swasana ati kang uga melu sumuk merga sak awan olehku nagih duit marang klien kang wes ngangkut barang-barang mebelan ora kasil, aku banjur bukak kaos oblong kang wes kebes dening kringetku.
“Wah…. Enak ngene iki. Mbloder othe-othe karo sarungan wae…” aku ngrenengan dhewe ing ruang tamu karo leyeh-leyeh ing kursi dhawa.
Tak sawang pandom jam ing tembok wes nuduhke jam 11.30, arep nyusul turu ibune bocah-bocah kok yo durung karep. Apamaneh saiki lagi ana stop-an palang merah, jan apes tenan. Tinimbang nglangut mikir sing ora-ora ing wengi sepi iki, iso-iso malah kangslupan bangsa alus, aku banjur ndudut rokok sak eler. Jress….. korek tak sumet banjur rokok tak slomot geni kang metu saka pentol korek. Balik leyeh-leyeh ing kursi dhawa. Grayah-grayah meja lan ngisor kursi golek remote control tivi ora nemu.
“Wes bocah-bocah ki yen nonton tivi remote dideleh ngendi yo yo…” sambatku dhewe nyalahke anak-anakku.
Remote ora sido ketemu, arep ngadek goleki ing papan liya wegah. Sidane aku nyandak henpon kang gumletak ing meja sisihku. Henpon weton anyar, fitur-fiture uga anyar. Yen biyen mung iso kanggo telpon-telponan lan sms-sms-an, saiki wes luwih canggih maneh. Henpon jaman saiki iso kanggo internet-an, chatting, lan sing lagi nge-trend iso kanggo dolanan fesbukan. Wes pokoke ora kalah karo ponakanku sing lagi SMP apa SMA, aku uga melu dadi jamaah fesbukiyah. Kejaba kuwi yen sakwayah-wayah anakku takon PR saka Bu Gurune, aku mung kari nyat nyet henpon bukak internet banjur tekon marang mbah Google sing serba tahu, utawa golek informasi ing perpustakaane mbak Wikipedia. Wes cespleng tenan pokoke barang cilik iki, kabeh informasi ana ing genggeman. Bener kandane Prabu jayabaya yen to ‘Bumi saya suwe saya mengkeret’, yo iki contone informasi donya ambane mung sak gegeman tangan.
Lagi asyik maca-maca status konco-konco jamaah fesbukiyah, mak bedunduk ing pojok dhuwur sisih kiwa ana suggestion add friend. Eviana, kuwi jeneng kang metu ing suggestion.
“Eviana…” grenengku ing jero batin karo mencet tombol kanggo deleng profil detil-e.
Bareng mlebu ing profil detil-e, aku dadi yakin yen kuwi Eviana tilas konco SMP-ku biyen. Eviana kang omahe cedak prapatan ngarep gedong Kethoprak jaman biyen, yen saiki wes malih dadi deretan ruko. Kethoprak wes kesisih karo kapitalisme, hiburan rakyat cilik ke gusur dening kemajuan jaman. Yo ora apa-apa pancen wes jamane kaya ngene, wong tv saiki dudu barang kang larang regane maneh. Dadi masyarakat sing biyen kurang hiburan saiki wes keblebek hiburan saben dinane.
Bubar maca profil-e aku banjur bukak-i menu album photo-photo kang di upload ing fesbuk-e. Aku mesem deleng foto-foto kang di pajang, eviana saiki katon luwih ayu lan keibuan. Esem ing photo-ne kang lagi mondong anake loro nuduhke yen uripe katon seneng. Marem deleng photo-photo keluarga, aku banjur bukak halaman photo profil. Panyawangku tumuju marang photo kang wes rada burem ireng putih, kanthi klambi seragam sekolah. Yen deleng saka potongan rambut lan pasuryane, jelas iki photo nalika jaman isih SMP biyen. Aku nyawang photo kuwi sauntara, banjur mesam-mesem dhewe…..
“Eh…. Sorry nggak sengaja vi.” Aku njaluk ngapura marang bocah wadon kang kanthi ora sengaja tangane tak cekel merga royokan tuku jajan ing kantin.
“Nggak apa-apa.” wangsulane cekak karo mesem.
Yo merga saka kedadeyan kuwi, aku banjur dadi tambah keling-kelingan terus marang bocah wadon kuwi. Mripate kang sipit kanti andeng-andeng kang temumpang ana ing alis sisih tengen. Kulite kuning mrusuh, lan eseme kang pait madu ngatonane untune kang gingsul gawe lan pantese.
Aku dadi GR dhewe, sebab sak suwene iki aku tansah gatekne dhewekne, wiwit nalika mlebu sepisanan ing kelas 2B. Evi, ngono undang-undangane, biasane yen kesenggol bocah lanang banjur murina. Lha nanging iki mau kanthi ora sengaja tak candak tangane kok ora nesu, malah meneng wae lan mesem marang aku.
“Ah… apa evi yo seneng karo aku po piye yo…” batinku nalika leyeh-leyeh ing kasur arep mapan turu bubar sinau lan garap PR. Sewengi kuwi aku tansah glebak-an molak-malik awak, ngekep guling, nyawang eternity kamar. Mripat ketop-ketop nggak iso merem, pikiran mlayang tumuju marang Eviana.
“Dra… tangi ndra… wes jam setengah enem. Sholat subuh sek….” Aku jenggirat tangi saka anggonku turu nalika krungu suara lawang kamarku ditotok saka njaba.
“Nggih bu….” Aku nyauri karo mudun saka amben lan tumuju menyang kamar mandi.
“Kok kadingaren ndra, yah mene wes tata arep mangkat sekolah. Biasane nek ra diopyaki ran ndang gage mangkat sekolah?” pitakone ibu karo sajak melehne karo kebiasaanku kang beda karo dino-dino sak durunge.
“Nggih bu, sakniki nek enjing wonten jam tambahan.” Wangsulanku goroh marang ibu. Arep blaka sutha yen jan-jane ngono aku gur selak kepengin cepet-cepet ketemu karo Evi, hayoo genah isin. Mengko gur kanggo poyok-poyokan wong sa-omah.
Rampung nganggo sepatu, trus nyandak tas ing dhuwur kursi teras. Sepeda jengki tak tokne saka garasi, banjur tak tumpaki tumuju dalan gedhe.
“Buk… bidal sekolah riyin.” Aku pamitan karo ibu-ku kang isih nyapu teras ngarep omah.
“lho.. lho… kok ora sarapan sek ndra?” saure ibu.
“Pun mboten sah… selak telat mangke. Sangune cukup mangke kangge sarapan kok.” Aku mangsuli karo neruske olehku mancal sepeda, ibu gur gedeg-gedeg.
Mulai dino kuwi jalur mangkat sekolah kudu tak rubah total. Yen biasane ngliwati stadion bablas ngalor liwat ngarep grejo, saiki belok kiri. Tekan prapatan POM Bensin lagi ngalor terus bablas liwat ngarep Gedung Kethoprak. Jan-jane ngono jalur anyar iki rada adoh sithik lan kudu muter liwat pasar barang, lha nanging merga ada ‘mau’-nya ora dadi masalah.
Tekan dalan ngarep POM Bensin menggok ngalor, atiku mulai trataban… harap-harap cemas. Mbok muga-muga mengko Evi yo pas metu saka omahe arep mangkat sekolah. Mengko yen pethukan arep tak jak bareng wae, tak boncengke sepeda jengki-ku. Aku mesam-mesem dhewe bayangke angen-angenku dhewe. Sangsaya cedak karo omahe Evi, atiku sangsaya dag-dig-dug. Mripatku tansah nyawang sisih tengen, aku ngarep-arep Evi gek mlaku ing pinggir dalan.
Sangsaya cedak omahe Evi, anggonku ngonthel sepeda rada dak alonke karo bola-bali clingungan namatke sisih tengen dalan. Ananging nganti kliwatan omahe, ora ana sapa-sapa. Sing ana aku malah dijegogki kirik merga ndlenger ngulate sisih tengen dalan wae, nganti ora weruh yen ing ngarepan ana kirik lan meh wae ketabrak sepedaku.
Tekan sekolahan isih kisuken, parkir sepeda isih sepi. Ruang kelas iyo isih pada tutupan, kepeksa aku lungguh ing buk ngarep kelas ngenteni Pak bon bukaki ruang kelas. Atiku rada gela, kuciwa merga angen-angenku ora kuturutan dino iki.
“Teng.. teng…” tanda bubar sekolah wes ditutuk kaping telu mertandani yen wayah sekolah wes rampung. Bocah-bocah pada ringkes-ringkes buku lan tas-e dhewe-dhewe banjur bubar metu saka kelas. Aku sengaja metu keri karo ngenteni kesempatan kanggo nyedaki Evi, aku wes nyusun rencana supaya bisa cedak karo dhewekne. Tiwas kebeneran dino iki ana PR bahasa inggris, dadi iso tak enggo pawadan kanggo nyedaki kanthi alasan belajar bersama, lan kebeneran Evi bocahe pinter bahasa Inggris.
“Ev…” aku ngundang jenenge nalika pas jejeran ing lawang kelas.
“Eh... Indra. Ana apa ndra?” tekone karo mesem grapyak.
“Anu… anu…… anu ev.” Aku rada gugup nalika arep nembung ngajak sinau bareng. Atiku dag-dig-dug… ora karu-karuan. Wedi yen salah omong lan gawe nesu-ne Eviana.
Evi mesem karo nyauri “Anu… anu… apa to ndra?”
“Anu ev, mengko sore aku tak dolan nyang omahmu yo? Oleh ora yen aku njaluk warah PR bahasa inggris.” Sidane aku omong apa anane.
“Oh… arep ngajak sinau bareng to? Yo oleh-oleh waelah.. ndra…” saure isih karo mesem. Plong rasane atiku bareng krungu wangsulane Evi.
“Mmm… mulih dhewekan apa dipethuk Ev?” tekonku sak banjure.
“Aku biasa mulih dhewe kok ndra.” Wangsulane.
“Bareng aku wae yoo… dak boncengke.” Aku tawa-tawa ngajak bareng dhewekne.
“Wes ora usah ndra…. Aku mlaku wae gak apa-apa kok.”
“Ora apa-apa kok Ev… tak boncengke yo?” aku setengah meksa.
“Hmm… yo wes. Ning ora ngrepoti kowe to ndra?” Evi sidane gelem tak ajak mulih bareng numpak sepedaku. Aku lan Evi banjur mlaku runtung-runtung menyang panggonan parkir sepeda. Tekan parkiran sepedaku isih kekupeng dening sepedahe bocah-bocah kelas telu sing durung bubaran. Kepeksa aku kudu rada kangelan ngetokne sepedah. Siji baka siji sepeda-sepeda sing ngaling-ngalingi sepedahku tak inggirke, atiku bungah dene sidane aku kasil cedak karo Evi. Merga kurang prayitna olehku geser sepeda rada keseron lan nyenggol stang sepeda kang ngapit sepedahku….

“Grubyakkk……!!!!!” aku jenggirat kaget, jumbul saka kursi dhawa anggonku leyeh-leyeh.
“Kucing kurang ajar…. Ngeget-ngegeti uwong wae.” Aku misuh-misuh dhewe bareng ngerti yen sing glodakan jebule kucing ngejloki payon dhuwur car-port. Lamunanku buyar sak nalika. Tak deleng jam ing tembok jebul wes nuduhke angka loro luwih seprapat. Aku banjur mencet tombol “Add as Friends” ing wall-e Eviana. Henpon banjur tak deleh ing dhuwur buffet, banjur mlebu kamar mapan turu.

~~ Cuthel ~~

2 komentar: