Kamis, 30 September 2010

I Can’t Live With or Without You (II)

[Tutug-e crita kang kapedot I can't live with or without you]
“Mas….. aku ora bisa menehi putusan saiki. Wenehi aku wektu kanggo nglimbang lan mikirke apa kang dadi karepe panjenengan.” Aku meneng sedela, karo nyawang menyang latar kang wis peteng dipangan wengi. Suara jangkrik lan gangsir siji loro wes keprungu saka pojok karasan cedak pager.
“Saiki becike Mas Ridwan kondur dhisik. Mesakne garwane lan bocah-bocah ing ndalem mundak diarep-arep, wes wengi.” Aku ngusapi eluhku karo njaluk Mas Ridwan supaya enggal bali.
Bubar kedadeyan ing wayah surup kuwi, bengine aku ora bisa turu. Arep ngeremke mripat ora bisa, gur glebakan molak-malik bantal lan guling. Pikiranku isih nglambrang marang apa kang dikarepake dening Mas Ridwan. Wewayangan lelakon nalika Mas Ridwan ngomong yen arep ngajak aku omah-omah kanthi cara diwayuh isih gumawang ceto welo-welo ing angen-angenku.
“Tak tampa, apa tak tolak. Yen tak tampa kok aku dadi uwong kebangeten tenan, wong genah wong wes dhuwe keluarga kok arep tak rusuhi. Iyo yen keluargaku apa keluargane Mas Ridwan nrimakake, lha yen ora! Apa ora ateges aku dianggep dadi tukang ngrusak rumah tanggane uwong, ngrebut bojone uwong. Kaya ngapa suara-suara kang bakal ngelek-elek awakku iki. Nanging yen tak tolak, kiro-kiro kapan maneh aku bisa sesandingan bebojoan karo wong kang dadi pepujane atiku selawase iki. Lan yen tak tolak kuwi atêgês aku kudu bakal urip kijenan selawase urip, dadi prawan tuwa.”
“Mbak, yen miturut jenengan kepiye Mbak, apike?” tekonku marang Mbak sari ing sawijining dino njaluk lelimbangane ngenani perkara kang lagi tak sandang iki.
“Dek, munggohna aku sing dadi kowe. Aku yo mesti bakal bingung. Terus terang wae aku ora iso menehi dalan keluar kanggo perkaramu iku. Sepurane yo Dek.” Aku malah gur oleh jawaban kaya mangkana kuwi saka Mbak sari sing wes tak anggep minangka Mbakayuku dhewe.
Wes seminggunan iki aku ora tau pethukan karo Mas Ridwan. Wiwit saka dina nalika dhewekne ngumbar ukara biyen kae, nganti dino iki Mas Ridwan ora ngetok nyambangi maneh ing kontrakan. Mbok menawa lagi sibuk, apa pancen sengaja menehi kalodangan aku kanggo mikir sing luwih jero, utawa…….. utawa gek gek dhewekne gur arep nggoda aku wae….
“hmmm… awas yen nganti omonganmu wingi mung gur guyonan. Sepisan iki ora bakal tak apura luputmu donya akherat.” Ngono pangingit-ingitku ing jero ati.
“Ah… rak mungkin. Ra mungkin yen Mas Ridwan gur arep gojekan wae ngenani perkara iki. Senajan seneng guyon, ning yen perkara ngene iki dhewekne ora wani sembranan.” Aku bantah pangingit-ingitku dhewe.
Nganti ngancik dino kang kasepuluh, aku isih durung oleh keputusan kang pinesti. Lan tujune Mas Ridwan kok kaya ilang diuntal bumi. Ora tau telpon, sms, apa maneh teka nyang omah kontrakkanku. Atiku nyicil ayem, mbok menawa pancen bener Mas Ridwan gur arep ngajak gojekan wae. Mikir tekan semana atiku rada lerem, lan wiwit bisa konsentrasi maneh marang gaweyanku ing kantor kang wes pirang-pirang dina iki rada katleyan. Lagi nggarap gaweyan karo rengen-rengeng, keprungu suara hp ing jero tasku muni. Sajak ana telpon mlebu, gageyan aku mbukak tas lan jupuk hp kang sumimpen ing jero dompet. Blaik…. Dhawa tenan umur-e wong siji iki. Lagi wae olehku ngrasani, kok ujug-ujug langsung nge-bel. Aku dadi deg deg-an maneh, hp banjur tak pencet….
“Haloo…. Ana apa mas?” aku ngangkat telpon karo ethok-ethok tekon, senajan aku wes mbade tujuane nelpon aku mesti ana sambung rapete karo rembug dek emben kae.
“Piye dek, gelem yo?” jiannn tenan wong siji iki, ora nganggo basa-basi langsung to nde poin wae. Aku dadi rada glagepan anggonku aweh wangsulan.
“Eh… oh… anu… durung mas. Ning anu mas, saumpama suk setu sore jenengan rawuh ning kontrakanku wae piye? Ketone luwih kepenak yen iso rembugan bareng sak meja.” Mangkana olehku nyauri sajak diplomatis, nganggo acara duduk semeja barang kaya politikus wae.
“Oh.. gitu ya. Ya wes yen ngana sabtu ngarep aku nyang kontrakanmu wae.” Saure.
“Iya mas….” Aku banjur nyeleh hp menyang jero dompet maneh. Konsentrasiku dadi buyar maneh, pikiranku molak-malik maneh. Arep nyandak gaweyan maneh wes ora bisa, sidane aku milih metu golek cemilan ning kantin.
----qAp----
“Waduh… adikku sing ayuu dhewe kok wajah-e katon cerah ceria dina iki yo.” Pangaleme Mbak sari esuk kuwi nalika petukan ing lawang arep mlebu ruang kantor karo terus ngarasi pipiku kiwa tengen. Aku mesem klincutan, seneng-seneng isin.
“Gek ana kabar apa iki cah ayu?” pitakone.
“Ah biasa wae kok Mbak, ora ana sing istimewa.” Saurku.
“Oh ngono. Perkara sing wingi lak wes rampung to?” sambunge karo mesem seneng.
“Sampun Mbak.” Esemku karo nyauri cekak.
“Sokur yen ngana. Aku melu seneng lho dek. Eh… anu lho….” Durung tutug olehe ngomong ujug-ujug saka jero ruangan ana sing undang-undang Mbak Sari.
“Eh… sek dek. Aku ditimbali ro Pak Kadir.” Mbak sari ora sido nutugke olehe arep omong malah banjur nglungani merga ditimbali karo Pak Kadir, Kabag Keuangan sajak ana sing wigati tenan. Aku mesem karo mantuk, banjur mlaku tumuju meja kerjaku.
Esuk nganti awan iki, aku isa kerja kanti tenang lan wes ora keganggu konsentrasiku. Aku wes oleh putusan manteb kanggo ngadepi Mas Ridwan mengko sore. Gaweyan sing numpuk bisa tak rampungi sithik baka sithik, sinambi ngrungokne lagu-lagu MP3 kang dak punter nganggo komputerku.
Jam telu kliwat limang menit, aku wes siyap-siyap ngringkesi mejo kerjaku. Sedelo maneh arep mulih, karo ngenteni adzan ashar. Sisan sholat ashar ning kantor wae, timbang mengko ana apa-apa ing dalan. Bubar sholat ashar, aku terus bali mulih menyang kontrakan. Tiwas kebeneran oleh nunutan mobile Mbak Sari kang kebeneran arep tilik dulure ing Panti Rapih dadi aku mengko iso mudun ing ngarep bengkel trisno jalan cik di tiro. Lumayan ora kudu numpak bis kota.
Tekan omah wes jam 4 kurang, leren sedelo kanggo ngilangke kesel karo nonton tipi. Kesel wes ilang, banjur nyandak anduk ing pemeyan trus adus jibar-jibur, jan seger tenan. Saiki ganti acara pokok, siyap-siyap ngenteni tekane Mas Ridwan. Kelingan ana janji karo Mas Ridwan, atiku dadi dag dig dug maneh, ana rasa was sumelang lan tida-tida maneh. Aku leyeh-leyeh ing dhuwur kasur, mripatku nyawang pyan kamar kang wes pating clemong ing pinggir-pinggire merga trocohan banyu yen wayah udan. Gegambaran urip alon-alon gumawang ing sela-selane lukisan trocohan banyu udan ing pyan werna putih mangkak. Lelakon nalika pepasihan karo Mas Ridwan biyen ngaton maneh ing angen-angenku, guyon bareng, mlaku-mlaku bareng wong loro, lan plasss….. ujug-ujug Mas Ridwan ngilang ngana wae.
Setengah jam tak enteni Mas Ridwan, durung ana teka. Aku banjur dudah laci meja belajarku jaman kuliah biyen. Sing tak goleki kardus tilas bungkus sepatu. Kardus tak buka, ing jerone isih sumimpen surat-surat kang biyen dikirim dening Mas Ridwan, nyampur karo surat-surat saka fansku liyane jaman kuliah biyen. Siji baka siji surat-surate Mas Ridwan tak waca maneh, ana sing lucu guyokake lan kadang norak. Ana uga sing isine romantis, ngalembana aku lan gawe bombonge atiku, rasane yen maca surat sing kaya mangkene iki aku mumbul dhuwur ing awang-awang.
Lagi enak-enak ngalamun, lan mesam-mesem dhewe ing kamar. Saka njaba keprungu ana motor mlebu karangan omah. Cekekal, aku banjur tangi saka paturon tumuju menyang jendela. Saka waliking kaca jendela tak injen sing teka Mas Ridwan lagi nuntun motore arep diparkir ing ngisor wit rambutan. Aku banjur nata dandananku, rambut sing acak-acakan tak sisir maneh. Benik-benik klambi sing bledeh tak kancingke maneh, aku dehem kanggo ngatur jantungku sing deg-degan, terus metu metuki Mas Ridwan.
“Kula nuwun….” Keprungu Mas Ridwan uluk salam.
Aku bukak lawang ruang tamu, esemku wutah bagekake tekane Mas Ridwan.
“Monggo pinarak mas.”
Mas ridwan mesem, banjur lungguh ing kursi persis ing sisihku karo njaluk ngapura rumangsa kesoren anggone janji teka ing omahku.
“Sorry, wes ngenteni yo?”
“Gak apa-apa mas, wong aku yo gek ora arep nyang ngendi-endi kok. Iki mau langsung saka kantor mas?” Aku nyauri lan mbales tekon marang dhewekne.
“Iyo…” saure cekak.
“Gek ngapa Dek?” tekone sak banjure.
“Gek ngapa hayooo?” Aku bales pitakone karo gumuyu bebeda.
“Gek ngenteni aku yoo… he he” wangsulane karo melu gumuyu. Cahya ing mripate katon sumunar padang, sajake seneng banget.
“Ihh… ge-er. Wong aku gek maca-maca wae kok!” Aku mesem mencep ngisin-isin dhewekne, senajan sejatine pancen aku ngenteni tekane. Sing diisin-isin malah gumuyu kelegaan karo dolanan kunci motore, banjur nlesih apa kang dak waca.
“Wah isih sregep maca buku yo? Dhuwe novel anyar apa iki?” pitakone sajak wes apal banget yen aku karem maca novel-novel cinta.
“Sapa sing maca novel, aku gek maca layang-layangmu sing biyen asring mbok kirim liwat jasa penitipan konco kost-ku.” Aku mangsuli karo melehne piye carane anggone asring titip surat kanggo aku biyen.
“He he…. Ngirit ongkos prangko.” Saure gumuyu gleges.
“Mas… yen tak waca-waca maneh surat-surat sing biyen mbok kirim.” Aku mulai rembugkan rada serius saikine.
“Tak pikir-pikir sejatine aku sing kurang tanggap ing sasmita yo. Senajan awake dhewe wes nate ‘mlaku bebarengan’, ning merga aku sing kurang prayitna sidane Jenengan pilih ngilang saka sisihku. Aku luwih pilih ngrampungke kuliahku lan terus golek gaweyan tinimbang bangun balewisma karo Jenengan. Kamangka, bareng tak waca maneh layang pungkasan saka jenengan. Aku lagi sadar apa sing dadi kekarepan jenengan, mbok menawa uga kersane bapak lan ibu panjenengan.”
“Hmmm…. Wes rak sah digagas maneh Dek. Sing penting saiki aku wes balik ana ngarepanmu lan aku teka mrene iki, saiki iki, arep ngrungokne keputusanmu.” Mas ridwan ngerih-ngerih lan ngelikake tujuane olehku janjian sore iki.
“Yo kuwi mas, sing arep tak ngomongke marang jenengan. Aku ora lali kok.” Wangsulanku.
“Mas, sakwise awake dhewe kepethukan telung sasi kepungkur tanpa sengaja ing Bentara Budaya kae. Terus Mas Ridwan dadi sok asring nyambangi aku lan kadang ngajak mlaku-mlaku barang. Bareng tak pikir-pikir maneh, ati wedokku kok dadi rumangsa dhuwe rasa bersalah mas.” Aku meneng sedelo, unjal ambegan lan nguncalke panyawangku marang Mas Ridwan. Dhewekne katon meneng amem karo bales panyawangku, ora ana ukara kang kawetu saka lathine, sajak pilih ngenteni bacute omonganku.
“Mas ridwan tak gatekne dadi luwih asring telat kondur menyang ndalem kanggo ketemu anak lan garwane, merga kekerepen anggone nyambangi aku ing kene. Aku dadi mikir, yen sak-umpama aku sing dadi sisihanmu…… mbok menawa atiku dadi lara.” Banyu bening wiwit tumetes saka mripatku.
“Aku kok rumangsa, nyuwun sewu, rumangsa dadi ‘maling’ yo mas. ‘Maling’ kang wus nyolong tresna asih panjenengan marang anak lan sisihan panjenengan.” Pangucapku karo ngusapi waspa kang wiwit dlewer nelesi pipiku lan tumiba ing pangkonku. Panyawangku tak sawatake adoh metu menjaba nembus petenge surup kang wiwit ngrukubi bumi, ing sebrang dalan lampu-lampu omah wiwit diurubne.
Mas ridwan unjal ambegan, mripate uga wiwit kumembeng waspa. Karo tangane loro digegem kanggo nyonggo uwangke banjur tekon marang keputusanku “Banjur karepe Dek Rina piye?”
“Aku ora isa nuruti kekarepane jenengan mas.”
“Kenapa?” sauté sajak ora narimakake marang putusanku.
“Apa jenengan wes mikir dhawa mas? Saumpama Mas Ridwan sing karep lan aku uga karep. Nanging apa ya keluargane Mas Ridwan gelem nampa aku, lan suwalike keluargaku uga mengkana. Apa oleh yen aku dimaru karo priyo kang wes krama.” Mengkana olehku mangsuli pitakone.
“Oh… apa merga kowe wedi yeng mengkone awake dhewe bakal dimungsuhi. Ngono?” pitakone ngoyak.
“Ora. Ora merga kuwi mas. Kanggoku yen barang wes tak niati, ora ana jeneng wedi kanggo ngadepi kabeh sing wes diniati.” Aku nyauri karo gedeg-gedeg negeske yen dudu kuwi kang dadi jalarane aku ora sediya dadi sisihane.
“Aku wanita mas, dadi pangrasaku beda karo pangrasa panjenengan. Senajan jujur wae ing njero telenging atiku, panjenengan isih cumondok lan mbuh nganti kapan aku bisa ngilangke rasa iki. Ning kanggone saiki iki. Aku wes ora bisa maneh nggayuh kekarepan kanggo urip bebarengan karo jenengan, lan uga aku ora bisa urip omah-omah yen ora karo panjenengan. Cekake aku ora bisa urip utawa urip bebarengan karo jenengan. I can’t live with or without you.” Aku njlentrehke karo ngudal-udal pangrasa atiku sing paling jero karo ngampet tangis kang wes meh ambrol nrajang pangrasaku. Dene Mas Ridwan mung meneng amarikelu, mung tansah keprungu ambal-ambalan olehe unjal ambeg-an.
Aku ngusapi eluhku, karo benerke olehku lungguh. Gegerku tak slendekake ing sandaran kursi kang tak lungguhi. Tanganku loro tak simpen ing pangkon, terus unjal ambegkan dhawa. Karo mesem aku banjur ngomong alus marang wong kang isih meneng anteng karo nyawang aku kedep tesmak.
“Mas… becike cukup semene wae anggon kita asring ketemuan. Saiki mas ridwan kondur wae, mesakne ibune bocah-bocah lan putrane ing ngomah mesti lagi pada ngenteni rawuhe bapake.”
“Mengko sek… aku isih pengen ing kene.” Tembunge ngosikake panjalukku.
“Arep ana apa maneh, kabeh wes tak critakne. Wes yo mas, aja malah ngebot-ngeboti atiku yen panjenengan nyata-nyata tresna karo aku.” Bacutku.
Aku nggadeg saka anggonku lungguh.
“Wes yo mas, salam kanggo ibune bocah-bocah lan salam kecup sayang kanggo putrane panjenengan.” Muni mengkana karo aku terus mlebu menyang kamar tanpa maelu karo dhewekne sing isih lungguh karo sangga uwang sajak ora kalegan nrima kanyatane. Mlebu kamar aku terus ambyuk mengkurep ing kasur uleng-ulengan ing bantal ngutahe tangis kang wes ora bisa tak tahan maneh. Yo gene lelakon tresna asmaraku kok kaya mengkene, yo gene kok kudu aku sing ngalami lelakon urip sing kaya mengkene.
“Rina…. Sepurane aku. Yen sewayah-wayah sliramu dhuwe sikep kang beda karo dino iki. Aku uga tetep kaya kekarepanku sak kawit.” Keprungu suarane Mas Ridwan saka ruang tamu. Nanging aku wes ora maelu maneh.
Lan ora gantala suwe keprungu swara sepeda motor di starter lan mbandang ninggalake latar. Ninggalake aku kang bali kesepen kaya dina-dina sak durunge ketemu karo Mas Ridwan maneh, tangisku sangsaya pecah, waspaku ambrol nelesi bantal. Lamat-lamat keprungu suara adzan isyak saka mushola ing pinggir sawah ngarepan omah, sajak ngemu karep aweh tembang panglipur rasa sepi ing jero atiku.[ Bandung, 10 Mei 2010].

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar