Selasa, 02 November 2010

Kamar Suwung

[Cerkak niki sudah dimuat di majalah Panjebar Semangat edisi Minggu ke-2 Desember 2010 - Ing rubrik Alaming Lelembut]

Wes sewulan iki aku mondok ing kos-kosane Mbah Prawiro. Campur karo konco-konco kuliah kang wes luwih dhisik mondok ing kos-kosan iki. Jarene bocah-bocah, mondok ning daleme Mbah Prawiro kepenak, wonge gemati lan ditanggung ora bakal kaliren yen nganti transferan sangu durung teka. Loman, yen dhuwe apa-apa mesti bocah-bocah pada diparingi, kayata jajan lan kadangkala bocah-bocah uga diparingi maem gratis. Kuwi sing marai bocah-bocah pada krasan mondok ing kene. Bocah cacah limalas kang mondok direngkuh kaya anake dhewe.
Aku dhewe uga melu dadi krasan manggon ing kene. Kejaba kagawa saka watak wantunipun Mbah Prawiro sing gawe ayeme atiku, kang tansah paring pitutur akeh-akeh marang aku lan kanca-kanca. Kahanan kos-kosan kang eyub lan latare jebar uga sangsaya nambahi rasa krasan, kabeh kanca-kanca kos sumadulur. Maklum rumangsa pada-pada lagi prihatin ngangsu kwaruh ing pawiyatan luhur Gadjah Mada.
Daleme Mbah Prawiro model omah joglo kang kaperang dadi telung bagian, omah ngarep, omah tengah lan omah mburi. Omah ngarep lan tengah kuwi kang saiki tak panggoni karo kanca-kanca kos, dhene Mbah Prawiro manggon ing omah mburi. Mbah Prawiro yuswane kiro-kiro wes nyandak antarane 65-70 taunan. Najan wes sepuh Mbah Prawiro isih katon bregas, saben isuk isih sregep tindak langgar lan resik-resik karangan omah. Ana omah mburi, Mbah Prawiro dikancani dening Yu Gemi kang dhuweni kajibahan resik-resik omah, masak, adang, lan umbah-umbah. Mbah prawiro wes urip ijen, mbuh mulai kapan anggone urip ijen. Wong senior-senior sing manggon ing kene sak durunge aku uga mrangguli Mbah Prawiro wes kaya sing saiki-iki. Urip ijen tanpa anak lan uga tanpa mbah Prawiro putri. Yo mung Yu Gemi kuwi kang saben dinane nggladeni Mbah Prawiro.
Sewulan manggon ing pondokan iki, aku sithik baka sithik dadi luwih ngerti lan ngenal lingkungan kiwa tengen. Lan ing pondokan iki, kebeneran aku kebagian manggon ing kamar sisih ngarep, pas ing sisih tengene lawang ruang tamu. Kamarku ngadep ngulon, adep-adepan karo kamar, mbuh kamare sapa. Wong wiwit aku teka nganti dina iki kamar kasebut tansah kuncinan, lan aku durung nate mrangguli bocah kang manggoni kamar kasebut. Mbok menawa sing nyewa pinuju KKN apa gek preinan, aku yo ora mudeng.
Nganti ing sawijining dina, nalika pada cangkruk ing teras ngarep omah; aku sing isih kapitung yunior, takon marang bocah-bocah.
“Mas sing manggon kamar ngarepku kok rak tau ketok yo? Apa gek KKN po yo?”
“Wow…. Cah iki rung ngerti sejarah to!” sing nyauri mas Jatmika, mahasiswa teknik mesin, asli Karanganyar. Disambungi karo bocah-bocah liyane sing pada cekikikan, aku melu mesam-mesem banjur nyambungi.
“Sejarah apa to mas? Mbok aku dicritani.”
“Mal… Jamal… kuwi diterangke. Dijlentrehake masalah kamar misterius, gen ra penasaran.” Mas Jatmika ora mangsuli pitakonku, nanging malah kongkonan Mas Jamal sing lagi asyik udut sedal-sedul ing lincak. Sing dikongkon malah nyedot rokok-e jero banjur kebule disebul kenceng mendhuwur, sinambi nguyu ngatonake untune sing loreng-loreng ireng putih merga kakean olehe seneng udut.
“Sst…. Heh ndul mengko kowe nek bar tak critani aja njuk pindah pondokan lho yo.” Mengkana Mas Jamal bukani critane.
“he he…. Lha emange ngapa to mas?” aku gumuyu lan sangsaya penasaran karo omongane mas Jamal.
“Wes mal… langsung wae. Rak sah kakean pertimbangan.” Mas jatmika nyelani rembug.
“Kowe ngerti rak?” bocah-bocah banjur pada meneng karo nyomak-nyamuk ngemil kacang godog olehe aweh Yu Gemi nalika mas Jamal miwiti olehe crito. Aku uga melu meneng ora nyauri pitakone mas Jamal, merga pancen kuwi dudu pitakon kang kudu tak wangsuli.
“Kamar kuwi, saben malem jumat wage….” Mas Jamal meneng sedelo karo ngrawuk kacang godog saka piring.
“Lampu kamar-e kae, saben bengi tengah wengi sok murub dhewe. Banjur kadang kala keprungu suarane kaki tuwa kang ngrintih-ngrintih, kaya-kaya lagi ana sing ditangisi. ” Sambunge karo ngletisi kacang.
“Padahal…… kowe ngerti ra? Kamar-e kuwi genah kuncinan rak tau dibukak.” Tutuge karo nyeleh kulit kacang kang ana gegemane ing asbak rokok
“Apa sampeyan ora tau ngincen saka jendela mas?” tekonku penasaran.
“Weee….. aja neh kok ngincen saka jendela. Wong arep nyedak wae wes mrinding kabeh je. Apa maneh jendela kuwi rak tau dibukak.” Saure.
“Kowe wes ngerti rung? Ning pawon sing biasane mbok liwati yen arep adus kae, ana kuburane cilik. Hiii……” Yitno ujug-ujug melu nambahi critone mas Jamal.
“Ah… mosok Yit? Ning sisih endi aku kok rak ngerti.”
“Lha kowe apa rak tau mambu menyan lan kembang kuburan yen liwat pawon?” Yitno malah malik pitakonku.
“Ya kadang kala mambu sih.”
Pancen tak akoni dhewe, kadang kala aku sok-sok mambu menyan diobong lan arum-e kembang kenanga yen pinuju liwat pawon. Ning kuwi tak anggep perkara kang biasa tumrape daerah Ngayogjakarta, kang pancen kabudayaan kejawene isih kuat.
“Lha ya kuwi, biasane angger bubar magrib dina selasa, mbuh selasa wage mbuh selasa paing, kuburane kuwi dicaosi daharan.” Yitno njletrehake.
“Njur kuwi maksud-e apa Yit?”
“Lha yo embuh?” saure cekak.
“hmmm……. “ Aku mung unjal ambegan, karo ngiro-ngiro ing njero batin
“Apa mbah Prawira kuwi ngingu pesugihan? Wah nek saumpama iya, gek-gek olehe loman maringi panganan bocah-bocah iki ngemu karep. Bocah-bocah arep dienggo wadal, termasuk aku sing wes melu ngrasakne pawewehe, hiii. Ah nanging aku durung tau krungu crita ana bocah pondokan sing mati ndadak. Apa wadale mengko jupuk saka anak turunku….”
Mikir tekan semana aku banjur nyoba takon marang bocah-bocah, kanthi suara lirih kuatir yen krungu dening Mbah Prawira, mundak dadi gendra.
“Eh… mosok Mbah Prawira ngingu pesugihan?”
“Husshh…. Ora waton kowe kuwi! Genah ne ora to le, wong Mbah-e kuwi sregep ning mesjid lan tahilan jee.” Mas Jatmika sing kagolong paling senior kang mangsuli pitakonku.
“He he…. Sorry mas.” Aku rumangsa salah karo pitakonku kang setengahe dakwa.

OOOOOOOOOOOoOOOOOOOOOOO

Bubar oleh crita saka konco-konco, aku malah dadi sangsaya penasaran pengen mangerteni crita kang sejatine perkara kamar suwung kasebut. Isuk kuwi aku pinuju ora ana kegiatan ing kampus, lan kok ya pas kebeneran udane ngreceh kawit subuh mau. Tak sawang menjaba langite sajak isih peteng lan ora ana tanda-tanda yen udan bakal terang. Kamangka iki wes jam sanga, weteng wes krasa luwe merga durung sarapan. Arep metu golek sarapan kesandung dening udan ngreceh.
Aku banjur ada-ada masak indomie kanggo ganjel weteng senep keluwen. Kesempatan iki mesisan tak anggo buktekne omongane bocah-bocah wingi kae, jare ing pawone Mbah Prawira ana kuburane. Tiwas kebeneran kahanan pawon nalika kuwi lagi sepi, Yu Gemi sing biasane jam yah mono gek masak, sajak-e durung teka saka pasar merga kepothok udan saengga ora isa ndang balik mulih.
Karo ngenteni banyu ing panci umob; aku milang-miling goleki ing sisih endi kuburane kuwi. Ing angen-angenku, kuburane kuwi wangune ora adoh karo kuburan-kuburan ing pemakaman umum ngana kae. Paling ora ana tanda-tanda yen kuwi kuburan, mbuh pathok, mbuh jubine pawon kang digawe rada dhuwur lan wangune digawe kotak ngana kae. Lha nanging aku kok ora mrangguli ciri-ciri kang kaya mengkana kuwi ing pawon iki. Sak ubenge pawon prasasat wes tak tlesih, tekan pojok-pojok pawon uga wes tak jinglengi, ning meksa ora nemu tanda-tanda kuwi.
“Ah… Yitna kae paling gur ngapusi. Gur arep meden-medeni aku wae palingan.” Grenengku.
“Madosi napa mas?”
“Astagfirullahaladzim…….. “ aku jondil kaget nalika ujug-ujug Yu Gemi wes ngadeg ing lawang pawon karo isih nyangking kranjang wadah blanjane.
“Anuu… anuu… ko… ko.. kodok Yu.” Saurku sak kena-ne merga kaget karo keweden yen nganti kaweruhan menawa sejatine aku lagi goleki kuburan.
Yu Gemi nyeleh kranjange ing dhuwur meja karo nyauri
“Woh…. Kodok nggih mas. Ah.. teng mriki niki anggere jawah nggih ngoten niku mas. Kodok bangkak-e sami mlebet griya.”
“Lha nggih Yu. Niki wau kula nembe godog mie, lha kok wonten kodok mlebet saking mriku niku. Kula gusah malah mlajeng mriki niki.” Aku gawe crita goroh kanggo nutupi rasa kuwatirku. Aku banjur ngrampungake gawe mie godog.
“Sluman… slumun….. slamettt…… slamettt……” batinku.
“Pun mas, mang paringke ngisor ngriku mawon pancine. Mangke kersane kula isahi.” Ujare Yu Gemi karo nudingi sisih ngisor meja kompor kang ginawe saka cor-coran semen.
“Nggih Yu, matur nuwun.”
Aku banjur ndeleh panci tilas anggonku godog mie ing ngisor meja. Nalika ndeleh panci kasebut, mripatku nyawang ana blendukkan cilik, dhawane kurang luwih bangsa mung telung puluh centi-nan. Blendukkan kuwi mujur ngalor ngidul, ing sandinge ana kendi cilik sing wes bleduken, uga ana pangaron cilik sing biasa kanggo bakar dupa. Lan sing gawe aku rada gragapan, aku uga mrangguli sisa-sisa kembang lan rajangan pandan wangi kang biasa kanggo nyekar ing sareyan. Aku babar pisan ora ngira yen sing tak goleki jebul papane malah ana ing ngisor kompor.
“Hmmm…. Yitna ora goroh. Apa kuwi mau sing dikarepake kuburan dening Yitna.” Aku benerake omonge Yitna, karo ngrahabi indomie rebus ing jero kamarku. Sauntara kuwi udan ing njaba wiwit riwis-riwis tekane, lan langite wes rada padang sithik, senajan thatit lan gluduk kadang kala isih byar-byar saut-sautan ing angkasa. Panyawangku tak sawatake marang lampu merkuri PLN kang isih murub merga kasinungan mendung. Dene pikiranku mbleyang nggagas blendukan cilik ngisor meja kompor mau.
“Ning saumpama bener kuwi kuburan, kok dhawane lan wangune gur sakmana? Ora kaya kuburan-kuburan biasane ngana kae. Yen gur sakmana kuwi pantese rak kuburan kucing. Kaya biasane yen aku ngubur kucing sing mati ning omah ngana kae. Nanging yen kuburan kucing, kok nganti diramut kaya mengkana. Ndadak dibakari menyan, diwenehi kendi lan kembang kaya patrape kuburane uwong mati.”
Angen-angenku yo gur mung tekan semana, lan ora arep golek sisik melik apa sing sak bener-e sing sumimpen ing ngisor meja kompor kuwi. Merga sing genah paling ngerti mestine yo Mbah Prawira dhewe, saumpama aku arep nlesih yo mestine ora sopan lan mundak malah gawe perkara sing ora-ora. Arep tekon Yu Gemi, iyo nek wonge ngerti. Yen ora ngerti terus malah banjur tekon marang Mbah Prawira, harak malah pada wae alias sami mawon mengko dadine. Nanging yen dasare aku wong kang pengen serba tahu, yo isih meksa ana rasa penasaran ing njero atiku. Sepisan perkara kamar suwung ngarep kamarku kuwi, lan saiki malah ketambahan kuburan cilik.

OOOOOOOOOOOoOOOOOOOOOOO

Dina kuwi aku bali rada kewengen, merga ana kegiatan ing kampus. Tekan ngomah wes meh jam rolas-an. Mlebu kamar langsung gletak ing kasur, tas gawanku angger tak deleh brukk ngana wae ing sisih dipan. Arep adus isih aras-arasen, arep mengko-mengko wae karepku; senajan awak rasane pliket kabeh. Merga saking keselku, ora krasa mak sliyuttt…. Aku keturon ngana wae.
Nanging lagi oleh sakwetara olehku keturon. Mak jenggirat! Aku tangi kaya wong kaget. Saka rumangsaku kaya ana wong kang nggugah anggonku turu. Pawongan kasebut kanggo sandangan beskap, blangkone ireng wulung, praupane kereng merbawani lan nyikep keris. Aku digetak lan dipisuhi arep dipateni. Merga saka wediku, aku bengok-bengok njaluk tulung.
Aku lenger-lenger ing dhuwur dipan, karo nata ambegan kang isih munggah muduh keweden. “Alah… tujune kok mung dapur ngimpi. Iki rak merga aku kekeselen wae.” Grenengku ing batin.
Arep neruske turu maneh wes kagol. Aku banjur metu kamar arep adus wae, merga wes rak betah karo rasane awak kang pliket kabeh. Nalika ngliwati lurung pawon, mak prinding…. Githokku mengkorok kelingan kuburan cilik ing ngisor meja kompor. Apa maneh sajake lagi bar disekar, sebab gandane kembang lan menyan dulek irung. Senajan atiku rada cilik lan jantungku deg-deg-kan; meksa tak wanek-wanek wae.
“Sluman slumun slamet… aku turune nabi Adam, golongane manungsa kang luwih pinunjul tinimbang mahluk-mahluk liyane” grenengku kanggo gedek-gedekne atiku.
“Slamet… slamet… Alhamdulillah bebas saka gangguan.” Batinku nalika bubar adus.
Aku iso mesem sithik saikine, atiku wes ora keder maneh.
“Alah… deneya yo ora ana apa-apa. Tiwas aku keweden huh…” ucapku lirih karo nglirik pernah ngisor meja kompor. Mangsiya mengkana olehku mlaku ya rada tak gawe cukat, piye-piyea ing jero ati ya isih ana rasa wedi-wedi sithik.
Nalika arep mlebu ing ruang tengah, jangkahku kadeg saknalika. Jantungku kaya wes pedhot-pedhota, awakku lemes sak-kal. Arep jumangkah wes ora kuwat, arep mbengok, tangen bisa. Gur mripat kang isih mlolo nyawang pernah kamar suwung. Aku kaget kapirungan merga saiki aku nyekseni dhewe dene kamar suwung kuwi lampune katon murub, katitik saka sela-selane bolongan angin-anginan ing dhuwur lawang, ana cahya lampu kang clumorot metu. Lan sing gawe aku sangsaya wel-welan merga saka njero kamar keprungu suara tangis mingseg-mingseg.
Aku mung gadeg ngejegrek nganti sautara wektu ing lawang butulan. Swasana kang sepi lan peteng sangsaya gawe keder atiku. Aku meneng karo dremimil donga ing njero ati saengga sithik baka sithik, aku wes iso ngendalekne atiku. Ambeganku sing kregosan merga keweden campur kaget wiwit tak atur maneh. Otot balungku kang lemes wiwit ana kekuatan maneh, getihku wes ora ser-ser-an lan wiwit ana sak tlenik kuwanen ing jero atiku.
“Kowe dudu bocah jirih.” Kaya ana sing bisiki atiku. Lan kuwanenku sangsaya kandel, apa maneh bareng kelingan karo rasa penasaranku kanggo bedah misteri kamar suwung kang sak suwene iki mung dadi pitakonan ing njero atiku.
Alon-alon aku mlaku nyedaki pernah kamar suwung kuwi. Mlakuku sengaja tak gawe jingkat-jingkat, pamrihe aja nganti ana sing krungu lan jugarake anggonku arep mecahke misteri kamar suwung. Nalika wes cedak, aku banjur nyoba ngincen saka bolongan kunci. Nanging aku ora nyumurupi apa-apa ing njero kamar kasebut, kejaba mung katon dipan kang dilambari sprei putih. Sauntara kuwi suara tangis isih keprungu saka njero kamar. Aku nyoba ngliling goleki pernahe suara kasebut, nanging tetep wae aku ora bisa mrangguli sapa kang nangis sesengukan kasebut merga winatese bolongan kunci. Arep ngunggak saka dhuwur lawang, ora gaduk. Lan emane ora ana barang kang iso kanggo ancik-ancik, arep njupuk kursi samar yen mengko malah gawe glodakkan. Sidane aku mung neruske olehku ngincen saka bolongan kunci.
“Oaalah cah ayu, kok ya nganti semana olehmu tegel ninggalke aku. Banjur suk kapan olehmu arep mbalik mrene. Aku tansah ngenteni tekamu, nganti suk kapan wae. Kamar iki yo gur kowe sing iso bukak. Yo mung kowe kang nyekel kuncine. Semana uga atiku.”
Keprungu suara panelangsan saka njero kamar kasebut, diselani karo tangis mingseg-mingseg. Yen tak gatekne suara kasebut jelas yen suarane wong lanang, lan kaya-kaya kok suarane memper karo suarane mbah Prawira. Ah apa iya kuwi suarane mbah Prawira?
Aku wes ora sabar maneh pengen mbuktekne apa kang dadi wadine kamar suwung kuwi. Tanganku nyandak gagang lawang, banjur tak untir alon-alon arep tak bukak. Nalika tak rasa wes cukup anggonku nguntir, banjur lawang tak surung. Ananging durung nganti lawang mengga, ujug-ujug keprungu suara sandal diseret ing jogan lan sajake ana pawongan kang arep tumuju ing ruang tengah iki. Gageyan aku ngeculne gagang lawang lan banjur setengah mlayu mlebu menyang kamarku, banjur ethok-ethok turu karo isih masang kuping, nganti mak less…. Aku keturon ngana wae.
Tangi-tangi wes jam pitu, srengengene wis nangkring ing sela-selane pang wit jambu klutuk. Manuk prenjak pating cruwet, ngoceh rame banget ing kebonan. Aku gage-gage menyat menyang jeding, adus gebyar-gebyur terus siap-siap mangkat menyang kampus. Dina iki isih ana kegiatan kang kudu tak tekani, jadwale jam wolu esuk. Bubar dandan sakpantese, banjur metu kamar siap mangkat. Ora lali ngunci kamar.
“Kerinan nak?” Mbah Prawira ujug-ujug wes gadeg ing buriku lan nyapa aku. Kamangka rumangsaku mau ora ana sapa-sapa ing ruang tengah iki. Aku mangsuli karo rada kaget.
“Inggih mbah…”
“Lha iya to nak, nek tilem niku ampun dalu-dalu.”
Aku mung mesem, dituturi ngana kuwi karo Mbah Prawira.
“Dalem bidal rumiyin Mbah.”
Mbah Prawira manthuk sinambi ngulatke aku karo penyawang sing rada aneh. Aku banjur mlaku mecaki lurung tumuju ing dalan gede. Atiku isih gojag-gajeg mikirke panyawange Mbah Prawira iki mau.
‘Apa Mbah Prawira ngonangi olehku nginjen kamar suwung mau bengi apa piye ya? Kok panyawange sajak ngemu teges sing kepiye, sing gawe goreh atiku’ bantinku.
Merga ngalamun lan kagawa ati goreh, aku nganti kurang prayitna ngulate dalan ngarepan. Nalika arep menggok metu saka lurung, aku ora ngawaske yen saka ngarepan ana pawongan numpak sepeda onta kang uga arep menggok mlebu lurung.
“Eeee……. Eee..” grubyak! pawongan lan sepedahe nyungsep ing pager hidup merga ngendani aku. Aku kang rumangsa salah, banjur age-age nututi sakperlu aweh pitulungan.
“Wahh… ngaputen nggih Mbah.” Aku njaluk ngapura marang pawongan sepuh kang mengkurep semampir pager lan kebrukan sepedah.Aku nyandak sepedahe terus tak jagangake, banjur arep genti nulungi wong sing dhuwe sepeda. Nanging saiba kagetku, jebul pawongan kasebut Mbah Prawira. Jangkahku kandeg lan domblong nyawang Mbah Prawira kang pringas-pringis karo nyekeli boyoke.
“Lha terus sing tak pamiti mau sapa?”[Cuthel].

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar