Rabu, 02 April 2008

‘CINTA PERTAMA’




Crito iki dimuat ing majalah PS edisi no 2 - 9 Januari 2010, kanti irah-irahan Kembang Katresnan ing kaca 45. Jan surprise tenan kanggoku

Lirikan mripate gawe getering atiku. Dekik pipine nalika lagi mesem, nambahi rasa kangenku marang slirane. Duh duh puspitaning jagad kok ayuuuuuu temen kenya siji kuwi. Kenal wae durung, ngerti jenenge wae yo durung…. Kok wis marahi gawe mrindinge atiku nalika wewayanganmu tansah ngiwi-ngiwi ing tlapukan mata iki. Rina wengi sing tak anti-anti, kepiye carane supaya anggonku bisa sakpatemon maneh karo sliramu. Duh bapa…… aduh ibu…… keng putra nembe nandang lara, lara wuyung ingkang kathah. Kathah ngangge sanget menika, saestu lhe…

Wah apa iki kang diarani “Cinta Pertama”, sepisan ketemu langsung nabet ing jero dada. Ketemune tanpa disengaja nalika lagi mlaku-mlaku golek angin sore ing gisike Tirta Samudra. Karepe ngono pengin buwang sumpegke ati, sak wise seminggu muput anggonku ujian akhir kelulusan sekolah. Pengin nyendekake pikiran dhisik, supaya sasi ngarep bisa konsentrasi maneh kanggo persiapan SPMB - ujian kanggo mlebu ing pawiyatan luhur negeri.


E.. lha kok malah ketemu karo kenya ayu kang sulitya ing warna. Lagi keceh dolanan banyu ombaking segara sinambi klesotan ndok watu kang sengaja ditata tarik-tarik kanggo nyegah ambrasi pantai. Nganggo kaos sport werna abang marun, clana jin werna biru dilingkis sak dengkul. Katon sikile kang putih mulus lan rintip-rintip wulu-wulu alus kang teles pating slirit saka dengkul tumekane kemiren nambahi endahing sesawangan. Rambute kang ngombak ngandan-andan dikuncir memburi nganggo karet kuncir werna ijo mupus. Sinome pating trempel ing bathuke kang putih resik, ati-atine kang ngembang turi nambahi endahing sesawangan. Wah jan begja kemayangan temenan aku dina iki, sore-sore kepethuk karo widadari kang lagi ngengar-ngengar ati ing taman ‘firdaus’. Muga-muga iki widadari tenenan dudu peri kang baureksa segara, lha wong ngepasi kahanane sepi ngene jee..


Nalika lagi kamitetegen anggonku nyawang widadari, tanpa dinyana-nyana kenya ayu kuwi nyawang ing panggonanku lungguh. Najan rada klincutan lan kisinan, aku meksa mesem kanggo buwang wirangku. We.. lah ora ngiro babar pisan yen esemku bakal diwales karo slirane. Atiku sak nalika kuwi dadi kumesar, jantungku dag dig dug sajak arep copot-copoto. Tujune aku isih iso jaga keseimbangan awak saengga ora tiba glangsaran dadi layatan wong sak pirang-pirang merga semaput. Eseme kuwi lho sing jan nggujiwat temenan, wis to manis temenan. Yen mung madu pitung puluh galon diudeg karo gula sak pabrik madukisma durung karuan yen iso ngalahke manis eseme. Mripate kang bawang sebungkul katon sumunar endah senajan rada kaling-kalingan kacamata minus. Muga-muga wae kaendahan kuwi dudu merga ‘efek pembiasan cahaya’, nanging kasunyatan kang resep dinulu mata. Alise nanggal sepisan, asli dudu rekayasa. Lambene abang ‘merekah’ ora merga polesan gincu ing sak duwure janggute kang njatis nambahi lan pantese, kesorot cahya candik ayu saka sang bagaskara kang pinuju angslup ing tengahing samodra.


Rasane nalika semana aku kepengin tepung sapa sejatine slirane. Nanging durung nganti aku ngadeg, kesusu kenya kuwi wis dhisiki minger saka panggonane tumuju ing plataran parkir kendaraan. Tanpa sadar aku ngetut saka kadohan karo rasa ati kang tidha-tidha. Tak sawang saka gapura taman wisata, kenya kuwi nyandak sepeda motor Grand Astreane. Nyemplak ing sadele, nyetater mesine, banjur kanthi alon-alon ninggalake plataran parkir. Nanging isih sempat ninggal lirikan lan esem ngujiwat senajan mung sak keplasan marang aku kang mung bisa nyawang meneng amarikelu, kaya patung kakean semen.


Lha kuwi wiwitane aku nganti nandang lara branta kaya ngene. Esuk sore rina wengi wewayangane tansah ngengeridu batin iki. Atiku dadi poyang-payingan, pengin wadul. Wadul karo sopo, anane yo mung disimpen ing jero ati kang paling jero.

ooooooooo


Dina iki aku mlaku ijen menyang sekolahan. SMA Negeri I kang panggonane watara mung kurang luwih setengah kilo nan saka omahku arah mengetan. Mlaku turut trotoar soko ngarep omah tanpa nyangking tas, dina iki arep nampa pengumuman kelulusan ujian EBTA/EBTANAS. Lan sengaja aku nganggo seragam putih abu-abu ku sing wis lawas. Sing biyen dakenggo nalika sepisanan mlebu SMA telung taun kepungkur. Biasa persiapan kanggo coret-coretan ngrayakake kelulusan, yen lulus he he he…. Jan-jane ngono yo eman klambi kok dicoret-coret, lha nanging piye maneh. Even kaya ngene iki mung sepisan saklawase urip. Idep-idep kanggo pangeling-eling “indahnya masa remaja”, yen kandhane wong-wong kae “Masa SMA adalah masa yang paling indah”. Iyo po ora?

Tekan pretelon ngarep tukang cukur “Bang Aris”, menggok nengen. Ngliwati kantor polisi, terus SMEA Negri. Mlumpat pager tembok sekolahan wis tekan komplek sekolahanku. Timbang adoh-adoh liwat gerbang sekolahan kang panggonan ing pojok sisih lor cedak prapatan tugu kartini, kepenak mlupat pager wae. Lumayan ngirit 50 meter kanggo mlaku, wong bocah-bocah yo akeh sing nglakoni kok. Senajan yen konangan karo guru BP iso dikon tunggu ruang guru karo ngrungoke ceramahe sing nrocos kaya pinter-pintera kae. Kadang aku mbatin apa biyen yen sekolah guru BP iki yo ora tau tumindak bandel po?....

Sekolah wis lumayan rame dening bocah-bocah sak angkatanku kang selak kepengin ngerti asile ujian EBTA/EBTANAS. Ana kang padha jagongan ing ngisor wit ketapang kang akeh-akehe konco lanang, nanjan ana bocah wadon kuwi yo mung siji loro wae. Akeh-akehe sing wadon padha lungguhan ing jero kelas. Aku dhewe pilih kumpul karo sobleh, bagus, hermawan, lilo, lan supar ing buk teras ngarep kelasku. Crita ngalor-ngidul perkara persiapan mlebu ing pawiyatan luhur.

Jam ing arlojine bagus nuduhake angka sanga luwih pitulas menit, saka ruang guru katon Bu Ani minangka wali kelasku mlaku tumuju ruang kelas karo ngasta amplop putih. Kabeh didhawuhi mlebu kelas merga saiki wektune pengumuman kelulusan. Atiku rada deg deg-an, kuwatir yen nganti aku ora lulus. Sak wise paring ular-ular kang ora akeh, paling mung sepuluh menitan. Bu Ani paring priksa yen kelasku lulus kabeh, saknalika kuwi bocah-bocah langsung pada sorak-sorak seneng. Bocah wadon padha rerangkulan lan salaman-salaman. Lega atiku yen ngene iki, kari ngenteni pengumuman hasil SPMB ing koran wulan candake.

Bubar nampa amplop kang isine surat keterangan kelulusan, aku lan konco-konco banjur pada ijol-ijolan tanda tangan nganggo spidol gedhe ing seragam sekolah. Ora luput uga adik-adik kelas kang pinuju pethukan uga menehi tanda tangan ing seragam kang dakanggo nalika kuwi. Merga saking ramene kadang aku ora maelu karo siji lan sijine kang aweh tanda tangan.

“Kene wae dik, sisih kene wae yen arep parap” pakonku marang adik kelas karo nudingi dada sisih kiwaku. Tanpa ngulatke pawongane, spidol tak uluke lan ditampani bocahe.

“Kene yo mas?” keprungu suarane kang alus lan empuk.

“Iyo kono wae, karo diwenehi jenenge yo ngisore.” Penjalukku pisan.

Wis mas, tak parap rada miring menduwur ben bedha karo liyane” saure karo mbalikake spidol sing mari dienggo tanda tangan.

Nalika nampani spidol kuwi, aku adu arep karo bocah kuwi. Tratab! Rasane jantungku langsung mak jedug jedug, ambeganku krenggosan, atiku dadi ora karu-karuwan. Jebule bocah wadon kuwi, kenya ayu pinda widadari kang biyen pethukan ing gisiking Tirta Samodra.

Aku lan dheweke mung pandheng-pandhengan sakwetara wektu, mungkin merga padha kagete pa piye. Mbuh sing genah nalika kuwi ora ana ukara kang kaucap. Sorot mripate sajak nembus langsung ing jero telenging atiku kang paling cuilikkk…… semana uga suwalike, ora tak selaki aku pancen wis ketaman asmara karo kenya siji iki. Wis kawiwitan saka pisanan nalika ketemu ing pinggir segara kae.

Sakumpama kedadeyan iki kok kaya nalika ketemu pisanan ing gisiking segara kang lagi sepi…. Wow wis sida tak rungket tenan kenya siji iki. Tak elus-elus rambut aluse kang ireng jangges, tak arasi pipine kang putih semu abang kuwi. Kok tujune kadeyan iki ing sangarepe kelas kang akeh dening bocah-bocah sekolah.

“Eh… sik sik. Sajake aku kok tau kepethuk karo slirane Dik.” Ujarku nalika kenya kuwi arep nerusake lakune.

“Emm…. Kowe lak sing ndek minggu sore wingenane dolanan banyu ing Tirta Samodra kae yo?” takonku karo swara kang rada gemeter. Kenya kuwi mesem, esem kang endah banget kaya sing tak weruhi biyen kae.

“Iyo… mas. Katone awake dhewe tau ketemu yo?” jawabe karo mesem, mesem kang muanisssssss banget.

“Kenalke jenengku Budi. Budi Prihantoro lengkape.” Tak ulunge tanganku ngajak kenalan. Mumpung ketemu maneh, durung karuan sesuk-sesuk aku iso ketemu karo dhewekne.

“Ayu Sulistyarini. Cukup diundang Ayu.” saure karo nampani tanganku. Tak remet tangane kang alus lumer, najan mung sedhela. Isin yen dikonangi bocah-bocah, iso disoraki entek ngamek kurang nggolek mengko.

“Ayu.. Ayu. Gek ndhang reneya?” keprungu swara ing mburiku.

“Eh mas aku arep meeting dhisik, sori aku selak dienti kanca-kanca panitia pelepasan kanggo acara perpisahan sabtu sesuk” omonge karo jumangkah moro ing arah bocah wadon kang ngundang awake.

“Dhik, aku oleh dolan nyang omahmu ora?” saurku karo reflek nyandak lengen kiwane. Dheweke nyawang aku rada kaget, karo ngulatke tanganku kang nyekel kenceng lengene. Aku yo radha cingak kok aku wis wani sembranan kaya ngono kuwi. Sadar apa kang wis dak tindake, cepet-cepat aku ngeculke lengene.

“Eh… sepurane dik.” Omongku lirih.

“Gak apa-apa mas, sampeyan dolan wae yen arep dolan. Tapi becike telpon dhisik, sapa ngerti aku pas ora ndek omah” jawabe karo mesem.

“Nomere piro dhik?” takonku nguber.

Ora ana ukura kang metu saka lathine kang kaya woh manggis sinigar kuwi, mung dheweke aweh sasmita karo nudingi perangan dada sisih kiwaku. Aku tumenggo nyawang klambi kang wis kebak dening tandatangan lan coret-coretan. Cetha ing panggonan kuwi ana parap kang posisine radha miring, ngisore ana tulisane latin Ayu S – 591722. Aku guyu karo nyawang dhewekne, ning sing tak sawang wis ngadoh karo mesem ngujiwat lan dagh dagh….

ooooooooo

“Halo” keprungu sauran saka telpon kang dak hubungi – 591722. Swarane ibu-ibu, mungkin ibune Ayu.

“Halo, nyuwun sewu punapa leres menika griyanipun Dhik Ayu?” jawabku.

“O.. Ayu. Nggih nak?” jawabe.

“Nyuwun sewu Bu, badhe ngrepoti. Dhik Ayu nipun wonten Bu?” omongku tak gawe sak sopan-sopane. Pendekatan pertama karo camer kudhu iso ngepek atine, batinku.

“Sekedap nggih nak.” Keprungu swara lamat-lamat nyeluk-nyeluk jenenge Ayu. Ora watara suwe wis keprungu maneh swara saka telpon wartel kang tak tempelke kupingku.

“Halo, karo sapa iki?” pitakone. Dhuh swarane sing renyah isih empuk keprungu ndek kuping, senanjan wis kena distorsi kabel telpon sing dhawane mbuh pirang kilometer iki.

“Aku Dhik, Budi. Lali yo?” jawabku karo ngguyu seneng.

“Oh.. Mas Budi to. Piye mas kabare?” saure karo swarane kang merdu mendayu-dayu.

“Arep nagih janji?” omongku karo nggoda dhewekne.

“Janji. Janji apa tah mas? katone aku nggak tau janji karo sampeyan lhe.”

“Yo janji. Janji jare aku oleh dolan nyang nggone sampeyan. Rong minggu kepungkurkan sampeyankan ngolehi aku dolan to?” sambungku.

“Wow kuwi to… yo ndolan wae mas. Kapan arep dolane?”

“Yen saiki oleh ra?” sautku.

“Mmm…. Piye yo.” Grenenge karo sajak mikir-mikir.

“Nganggu yo dhik? Yen ngganggo yo wis gak sidha wae” sambungku maneh karo radha kuwica.

“Anu sih mas, sakjane aku saiki arep dherek Bapak karo Ibu nyang nggone Pak Dhe-ku.Tapi… Mmm… yo wis lah, sampeyan rene wae mas tak enteni yo” jawabe

“Lho moh ahk, yen sampeyan arep lunga. Mengko mundak nganggu acara keluarga.”

“Piye to mas sampeyan kuwi. Nggak apa-2 kok, mengko aku tak matur yen aku raksah nderek wae. Wingi yo wis bar dolan rana kok aku.”

“Temen yo, ora nganggu sampeyan iki. Yo wis dienteni yo.” Jawabku.

“Eh…. Sik sik aja ditutup dhisik. Alamate ngendi?” penggakku nalika telpon arep dipungkasi.

“Sampeyan nyang jalan HOS Cokroaminoto 59A, wae mas. Ngerti to mas?” jawabe karo ngguyu renyah kae.

“OK, Insya Allah. Ngerti. Dienteni sepuluh menitan aku wis tekan kana.” Tembungku karo mungkasi anggonku telpon.

Gagang telpon tak seleh ing panggonane, metu KBU karo ngrogoh-ngrogoh sak clana sisih mburi; jupuk duit limang ewunan. Duit lembaran kang pungkasan, turahan sangu nyang jogja wingi. Duit tak ulungke karo sing jaga wartel, dibalekake 3 lembar sewunan lan 3 iji duit klitik limangatusan rupiah.”Matur nuwun mas” aku pamitan metu saka wartel, nyandak sepeda motor ngeblas menyang omahe pepujan atiku. Sak dawane dalam wis ngalamun sing endah-endah, karo kadang kala mesam-mesem dhewe. Atiku lagi berbunga-bunga, ana kembang mawar, kembang mlati lan uga sing genah kembang-kembang katresnan.

ooooooooo

Dina ganti dina, minggu ganti minggu. Ora krasa aku wis kenal luwih akrab karo Ayu ora kurang saka meh telung sasi iki. Ora meleset saka pangiroku biyen, Ayu pancen widadari kang tumurun saka kayangan. Ora mung ayu ragane, ning bebudene uga alus. Sopan santune wis ora usah diomong maneh, ora perlu diragu-na yen nyata-nyata kenya siji iki pantes nyandang gelar “Wanita Sulistya Ing Warna” jebles karo jenenge kang uga endah banget, Ayu Sulityarini.

Mbuh wis ping pira olehku kerep ketemu karo dhewekne sakwise sapetemon sepisanan kae ing gisiking Tirta Samodra. Lan sore iki, aku ing panggonan kang padha lan swasana kang uga meh padha, aku ketemu maneh karo dhewekne. Mung bedhane saiki aku wis wani lungguh jejer karo dhewekne.

“Dik, aku arep ngomong karo sampeyan.” Tuturku mbukak omongan.

“Omong apa ta mas…” jawabe karo isih dolanan banyu segara.

“Awake dhewe wis kenal, sakwetara wektu. Ora kurang saka telung sasinan miturut catetan tanggalanku.” Sambungku.

“Antarane aku lan kowe wis asring mlaku-mlaku bebarengan. Dolan bebarengan. Lan asring awake dhewe crita masalah-masalah pribadi kang dadi pikiraning ati.” Aku mandeg sedela unjal ambegan jero. Angin segara kang sumilir alon semribit nganggo dolanan rambute kang dikuncir nganggo kuncir ijo mupus.

“Ning ana siji sing nganti saiki durung tak ucapke marang sampeyan.”

Tak lirik, widadari ing sisihku kuwi nyawang adoh ing tengahing segara karo isih dolanan banyu nganggo sikile sing putih mulus kuwi. Tak buwang panduluku uga, ing tengahing samodra. Katon titik-titik ireng bagange nelayan ing kadhohan, uga kapal-kapal layar kang padha budhal golek mina.

Aku unjal ambegan sepisan maneh, jantungku dadi deg deg kan kaya biyen kae nalika sepisanan weruh eseme. Ing tengah-tengahi rasa mangu-mangu, antara iyo karo ora. Lambeku gemeter ngucap “Aku tresna lan sayang banget karo sampeyan”.

Plong…… rasane atiku saknalika. Wis ora tak pikir maneh arep ditampa lan dilelimbangi tresna sejatiku iki yo sokur. Yen ora kok yo kebangeten tenan, wis tiwas tak ewangi lara branta kok ora ditampa.

Aku meneng ngenteni reaksine. Swasana dadi amem, ora ana swara kang metu saka dhewekne. Mung swara ombak kang diselani dening kremisike gegodongan kang katerak angin, kaya tembang-tembang asmara kang cinapta dening Sang Kuwasa.

Dada sisih kiwaku rasane rada anteb, kaya-kaya ana barang kang semendhe lan ngrunggokne getering atiku kang lagi nandang asmara iki. Ora ngiro jebul sing semendhe kuwi widadari kang lagi dak arah tresnane. Alon nanging jelas, gendang talinganku krungu suara kang alus lan empuk. Kaya musik instrumentaliane saksofon Kenny G kae.

“Aku ora janji mas. Nanging sejatine atiku uga dhuwe rasa kang padha karo atine sampeyan.” Saknalika kuwi uga tanganku ngekep kenceng pundake. Tak elus-elus rambut lan tak arasi pipine. Ora krasa ana eluh kang tumetes ing pakonku. Eluh katresnan kang sejati, tangise titah kang lagi ketaman “Cinta Pertama”.

Muga-muga iki dadia pusaka kang sekti mandraguna kanggo mecaki dina-dina sakteruse. Merga sesuk esuk aku kudu ninggal kutha kelairanku kanggo mburu cita-cita. Kanggo golek sangu ing urip bebrayan agung, aku kudu sinau ing paran kang mestine abot banget kudu ninggalke tresna sejatiku.

“Dik, seneng lagune KLA Project sing judule Belahan Jiwa? Yo kaya ngono kuwi janjiku marang sliramu.” Janjiku marang dhewekne karo tak genggem kenceng tangane lan tak pandeng jero mripate kang edhum kuwi.


“…… Kan ku jemput dikau sang putri pada saatnya nanti berkreta kencana menuju istana disana ku bertahta…. “ (KLA Project)

[~~QAP~~]



4 komentar:

  1. jan ... keren tenan pak dhe. salut e aku. mantep wis ..

    BalasHapus
  2. sip 3x, ceritane iki pengalaman pribadi... hehe

    BalasHapus
  3. wah marahi kelingan dek jaman enom...

    BalasHapus