Rabu, 02 April 2008

LANGGAR CILIK

"cerpen ini pernah diikutkan dalam sebuah lomba mengarang bahasa jawa yang digelar oleh sanggar Triwida - Tulungagung. He he dapat piagam penghargaan lho. ;)"

Adzan maghrib keprungu seru soko speaker langgar cilik ing sabrang dalan ngarep omahku. Aku kang wis ngenteni ana buk ing dalan undak-undakan mlebu omah, alon-alon mudun trus mangkat menyang langgar saperlu melu jama’ah sholat maghrib.

Tutug langgar aku terus jujug ing padasan kanggo wudu, banjur mlebu ing langgar. Katon isih sepi durung akeh uwong, mung ana Kang Paiman, Lik Karjo, karo Pak Kaji Zamroni. Aku banjur mapan lungguh sila jejer Lik Karjo, nuli melu pujian. Wis dadi adat saben dinane yen sholat ning langgar kuwi mesti Pak Dul Khamid sing dadi imame. Aku dhewe ora ngerti mula bukane kepiye kok Pak Dul Khamid iso dadi imam ing langgar kene. Apa merga wis turun temurun soko wong tuwane lan embah-embahe sing biyen uga imam ing langgar iki, apa merga langgare kang manggon ing pekarangan omahe, aku yo ora ngerti. Sing genah pokoke angger sholat kudu Pak Dul Khamid sing dadi imame.

Pak Dul Khamid iki yen tak gagas ki yo ora patio top yen kudu dadi imam, apa maneh dadi Kyai. Wong yen ngimami ki jan koyo dioyak sepur ekspres Argo Bromo kae. Sujud durung tutug olehku donga wis tahiat, tahiat durung rampung olehe donga wis sujud maneh. Wis to pokoke nganti kejungkel-jungkel kae lho. Apa maneh yen dong sholat tarawih ing wulan pasa kae, jan sholate luwih super ekspres maneh, super cepat. Durung maneh yen maca surat Al-fatekah, jan cuepete ora karu-karuan nganti keselek-selek anggone maca. Trus saben sholat mesti sing diwaca ya surat-surat kuwi wae, kena diapalke. Yen Maghrib mesti rakaat kapisan Khul hu, rakaat kapindo Khulya Ayuhalkafirun; mengko sholat Isyak rakaat sepisanan mesti Idhaja terus rakaat ping pindone surat Alkhoriah kae. Lha yen shubuh luwih ekspres maneh sholate. Wis mung rong rakaat, rakaat sepisan macane surat Al-kautsar, rakaat ping pindone maca Wal-asri innal insana…. Opo yo ora ekspres tenan, ora nganti rong menit wis rampung.

Durung maneh tekane ning langgar mesti paling keri dhewe, sholat ora kena di wiwiti yen Pak Dul Khamid durung teka. Kadang pujian nganti meh setengah jam, Pak Dul Khamid lagi teka. Malah tau sholat Maghrib lagi kelakon nganti meh Adzan Isyak, opo yo ora kojur yen ngene iki carane. Mula yo ora maido yen langgar ngarep omahku kuwi sepi. Uwong-uwong padha wegah sholat jamaah ing langgar, termasuk Bapakku dhewe. Jarene luwih khusuk yen sholat ning ngomah wae.

Kaya sing uwis-uwis; saiki iki aku karo Kang Paiman, Lik Karjo, Lan Pak Kaji Zamroni uga ngenteni ‘rawuhe Kanjeng Kyai Dul Khamid’. Gandheng dienteni wis limalas menit durung teka-teka, lan sajake yo jamaahe ora bakal nambah maneh. Pak Kaji Zamroni aba marang Kang Paiman supaya ndhang di Komati wae. Ning Kang Paiman malah mateni Amplifiere, banjur ngomong “Pak Kaji mangke yen Pak Dul Khamid muring-muring pripun?”

Wis to ora apa-apa, aku sing tanggung. Tur yo wis suwe awake dhewe olehe ngenteni kok!” jawabe Pak Kaji Zamroni.

“Wah wong nembe seprapat jam le Pak” Lik Karjo melu urun rembug. Sajake Lik Karjo uga wedi yen nganti Pak Dul Khamid muring-muring merga hake ngimami di colong uwong.

Wis ora-ora! Ora apa-apa, aku sing tanggung.” Pak Kaji Zamroni negeske karepe.

“Nggih pun manut yen ngoten……. Ning saestu le Pak Kaji, jenengan ingkang tanggung mangke” Kang Paiman pasrah.

Pak Kaji Zamroni mantuk manteb banget. Kang Paiman terus ngurupke Amplifiere maneh, banjur komat. Aku, Lik Karjo, Pak Kaji Zamroni, banjur padha ngadeg. Pak Kaji Zamroni maju ing pangonan kang biasane kanggo ngimami, dene aku karo Lik Karjo ngadeg jejer persis ning burine Pak Kaji. “Allahu Akbar” Pak Kaji Zamroni miwiti mimpin sholat maghrib wengi kuwi. Wacane kepenak dirungoke, alon-alon ora ngebut kaya yen di-imami dening Pak Dul Khamid. Sholate dadi luwih maton lan krasa khusuk banget.

Jan cocik mar cocik cocik banget! sholat kaya ngene iki. Pantes tenan yen Pak Zamroni diangkat dadi imam ning langgar iki, ngono batinku. Wong-wong sak kampung mesti sarujuk yen sakumpama ing rapat karangtaruna minggu ngarep tak usulke supaya dianake reformasi langgar kampung. Supaya ana regenerasi imam langgar, ben luwih demokratis lan ora ‘langgarisentris’. Pak Kaji Zamroni mono oleh kaji yo mentas wae, durung ana sesasi bali saka Mekah. Sakwise oleh baten gedhe soko anggone makarya gawe ukiran-ukiran relief tahun wingi terus daftar dadi Calhaj, lan lagi rong sasi kepungkur mangkat ibadah Haji ing Mekah. Omahe yo mung keletan patang omah sak wetan omahe Bapakku, wonge durung patiyo tuwa, malah kepara isih enom, umur-umurane kiro-kiro patangpuluh taunan. Sak durunge dadi Kaji, saben dinone yen sholat yo ning langgar kuwi. Malah ora mung yen pendhak Maghrib, Isyak, lan Shubuh. Yen sholat Dhuhur lan Ashar uga dilakoni ing langgar kuwi, nanging mung terbatas dadi makmum. Durung wani ngimami, najan ngajine yo apik lan pemahaman agama Islame uga luwih fasih tinimbang Pak Dul Khamid.

Rampung sholat Maghrib, durung nganti mingser anggone lungguh. Ujug-ujug soko buri krungu wong mlebu langgar karo muni-muni.

“Ora syah… ora syah sholate! Kudu dibaleni maneh!” blaik Pak Dul Khamid teka karo muring-muring. Sajake ora iklas yen jatahe ngimami digenteni karo Kaji Zamroni.

Saknalika kuwi Kaji Zamroni praupane dadi abang branang, isin campur emosi diuneke koyo ngono dening Pak Dul Khamid.

”Kok mboten syah pripun to?” Pak Kaji Zamroni mbelani awake.

“Yo pokoke ora syah, kudu dibaleni maneh sholate!” saute Pak Dul Khamid karo besengut.

“Lha sing syah niku dos pundi? Napa merga sanes Sampeyan sing ngimami jur sholate mboten syah ngoten napa?” jawabe Pak Kaji Zamroni karo nahan emosine lan melehke marang Pak Dul Khamid.

“Yo pokoke ora syah! sholate kudu dibaleni maneh. Wong aku durung teka kok wis diwiwiti” saute Pak Dul Khamid.

Sidane Pak Kaji karo Pak Dul Khamid padu rame banget ing langgar kuwi, najan yo ora nganti keprungu karo wong-wong kampung. Mung aku, Lik Karjo karo Kang Paiman kang nyekseni kedadeyan wengi kuwi. Pak Kaji karo Pak Dul Khamid padha geteneng anggone mbelani awake dhewe-dhewe. Tapi sing jan kebangeten ki yo Pak Dul Khamid-e kuwi lho, uwong kok olehe ora gelem kelangan ‘jabatan’ dadi imam langgar. Najan mung sepisan kuwi tok. Opo yo yen ora ngimami sepisan wae terus patheken ngono po piye? Kok le seneng dipadu uwong. Aku karo Lik Karjo lan Kang Paiman mung domblong wae nyawang wong loro padha engkel-engkelan karepe dhewe.

“Mpun-mpun Pak, sami sareh riyin. Saru surup-surup kok sami padudon wonten langgar” Lik Karjo sidane melu cawe-cawe nengahi.

“Yo ora iso Jo! Iki sholate kudu dibaleni maneh. Sholate ora syah. Kudu dibaleni!” Pak Dul Khamid isih nggeteneng sholat kudu dibaleni.

“Nggih mpun mangga dipun baleni kemawon sholate.” Jawabe Lik Karjo karo menehi tanda marang aku karo Lik Paiman.

“Yo wis yen ngono, dho dibaleni kono!” Pak Kaji Zamroni sajak gela atine merga dikalahake, karo terus lunga metu bali nyang omahe.

Sidane Lik Paiman komat maneh, terus Pak Dul Khamid miwiti sholat Maghrib maneh. Tobat-tobat Gusti Allah nyuwun ngapura, kok ana uwong koyo ngene. Mung perkara ora ngimami sholat wae kok yo dadi bengkerengan. Mangka yen dipikir-pikir anggone ngimami kuwi yo ora dibayar lho.

Eh alah donya-donya lelakon kok rena-rena wae. Jebul yo ora mung Pejabat lan Politikus sing royokan kursi. Ngimami langgar wae kok yo dadi royokan. Gek menungsa urip ning donya iki jan-jane ngono sing dikarepke ki piye to yo.. yo..?

Sak bubare kedadeyan wengi kuwi, Pak Kaji Zamroni dadi ora tau shalat maneh ing langgar kang biasane diparani pendhak wayah sholat. Katone Pak Kaji Zamroni tatu tenan atine. Rumangsa disepelekake dening Pak Dul Khamid lan ora diuwongke. Lha wong Kaji kok diuneke ora syah anggone mimpin sholat jamaah, ha mbok rumangsane dapurane kuwi sopo kok nganti mem-vonis sholat sing dipimpin ora syah, mungkin kaya ngono batine Pak Kaji Zamroni.

Dina kuwi lehku lunga langgar rada kasep, merga kesoren anggonku bali saka bal-balan ing lapangan pinggir desa. Tutug langgar sajake sholate wis diwiwiti, nanging kok sajake dudu Pak Dul Khamid sing dadi imame, ning kok bocah enom. Wow mas yoyok sing kuliah ing kutha sajake sing dadi imame. Wah iso bahaya iki mengko, bakal ana ontran-ontran maneh sajake. Lha rak tenan, durung ganep anggonku batin. Kok wis ana suara wong mbengok sora banget saka njobo langgar.

“He sopo kuwi sing ngakon miwite sholate! Bocah lagi wingi sore wis wani-wani nerak tatanan lan adat. Kowe ngerti po ora yen sing dadi imam ing langgar iki kudu aku! Ora sembarang uwong sing kena ngimami sholat ing langgar iki, KUWALAT!. Langgar iki tinggalane Mbah buyutku, dudu tinggalane mbahmu. Iki wis dadi pesene sing baureksa liwat impen, kowe kabeh aja pisan-pisan dho wani kurang ajar yo!” Pak Dul Khamid muring-muring karo bengok-bengok kaya wong kesurupan dhemit kali mburi omah.

Sak nalika jamaah sholat padha bubar mlayu mulih ning omahe dhewe-dhewe.


Ki Ageng Pamanjaran
Mangsa Kedinding Ketiga Dhawa 2005

4 komentar:

  1. langgar ning pamatan yo pak... aku Anto pak alil tonggomu ndisik....

    BalasHapus
  2. tok, kowe kok pinter temen gawe puisi lan sastra jowo.. meguru ning ndi kowe?? (antok pamatan)

    BalasHapus
  3. he he meguru ning awang-awang.... :D
    Matur nuwun kagem konco jaman cilikan ing pamatan. Salam kagem keluargane nggih mas antok...

    BalasHapus